Jumat

SULUK TEGESIPUN AKSARA ALIP

Sekar Asmaradana : 24 pada. 
  1. Kawruhana kang sayekti, nyatane alip punika, lawan maknane alipe, lan asale alip punika, saking neptu jatinya, lan asale ingkang neptu, puniku saking ing derah.
  2. Lan maknane derah iki,  gih puniku roh kang samar, lan maknane roh kapine, puniku kinawruhana, iya sir ing Pangeran, iya iku maknanipun, puniku den-kawruhana.
  3. Dalil daim sanusiri, wa’ana siruhu ika, lan maknane sajatine, puniku cahyaning ngedat, nyata maknane ika, satuhune ing Hyang Ngagung, puniku nyataning ngedat.
  4. Utami ati kang yekti, puniku kejatenira, kawruhana mupung mangke, ingkang ingaran punika, neptu kajatenira, utawi kang neptu iku, nalikane jaman kina.
  5. Ngisthi puniku kang dhingin, pan iya patang prakara, kang dhingin patah aran, lan kaping kaliye kapal, kaping tigane rapak, kaping sakawane neptu, iku sira kawruhana.
  6. Maknane patah winarni, namane eroh punika, maknane kapal jatine, puniku namane kalam, lawan maknane rapak, asmane budi kang luhur, maknane neptu pan cahya.
  7. Wonten kang winuwus malih, utawi tegesing kalam, asmane lam awal mangke, tegese budi punika, asma lam akir ika, tegese cahya puniku, iya iku kajatetennya.
  8. Utawi tegese peli, asmane kang Maha Mulya, tegese lam awal mangke, asma Jabrail punika, nenggih kejatenira, den-utus maring Hyang Makluk, wonten malih kang winarna.
  9. Tegesipun kang lam akir, gih puniku nur Mukkamad, den-utus maring Makluke, wonten malih kang winarna, tegese asma purba, asma kang wajibbul wujud, puniku asma kang nyata.
  10. Kawruhana kang sayekti, patah lan kapal punika, kalam punika asale, pan saking alip sadaya, puniku datan liyan, kerana alip puniku, wiwinih kurup sadaya.
  11. Sejatine ingkang apli, gustine kurup sadaya, andikanira Hyang Manon,  sampun tumurun ing Kur’an, pira-pira sastranya, lah punika lairipun, Allah-tangala ngandika.
  12. Kumpule alam kang wahit, pangandikaning Pangeran, ucapena sayektine, Muhammad dipun takyukna, amung Allah kang ngrasa, kang namadi kabeh iku, poma sira ngawruhana.
  13. Nora anak-anak singgih,  tan den-anakaken nika, nora sakuthu wujude, wong sawiji dipun-cegah, nenggih kajatenira, wonten malih kang amuwus, ujare ingkang utoma.
  14. Kumpule Kur’an kang yekti, ing dalem jroning patekah, puniku iya kumpule, ana ing dalem bismillah, bismillah iku uga,  nenggih aneng dalem kurub, kumpule kurup punika.
  15. Kumpule ing dalem alip, kumpule alip punika, aneng nging neptu jatine, saking neptu tokid ika, datan ningali liyan, sira ing Ngallah kang Ngagung, utawi tokit punika.
  16. Tokid iku aling-aling, sawiji-wiji ika,  aningale ing ngatase, andikane Nabi Duta, wangale iwa salam, wonten malih kang winuwus, iku sira kawruhana.
  17. Wiwitane kang sayekti, lair andadekaken alam, ing budi kang luwih kaot, lawan wiwitan punika, andadekaken Allah, ing roh kang jati puniku, wiwitane malih ika.
  18. Andadekaken Hyang Widdhi, ing nure Nabi Muhkammad, nabi nulya ngandika lon, salal lahu nglehi salam, cahya mukmin punika, kabeh iku eroh ingsun, sebdane Nabi Utusan.
  19. Wonten malih kang winarni, ingkang nama Nabi Adam, bapakne kang jisim kabeh, kalawan Nabi Muhkammad, nyawane roh sedaya, pangandikane wong luhung, lawan sedyane pandhita.
  20. Nenggih nyatane napsihi, iya nyatane Muhkammad, Muhkammad iku kang kaot, kaya nyatane ing tingal, nyata napine ika, rasane Muhkammad iku, Muhkammad rasaning Ngallah.
  21. Nyatane napsi kang yekti, tubadil maring Muhkammad, Muhkammad kang gedhe dhewe, tubadil marang Pangeran, nyata napsine ika, nyatane Muhkammad luhung, iya Allah ya Muhkammad.
  22. Ya Muhkammad iya napsi,  lan iya iku sampurna, niyat sira kejatene, lamun nora wruha sira, marang jatine niyat, yekti sira dadi bingung, ngalamat pan durung selam.
  23. Seh Junet ngandika aris, sing sapa amartakena, rasane Pangeran kiye, dadi kupur kapir ira, sing sapa nora warta, maring Pangeran puniku, dadi jail lan bidengah.
  24. Nenggih rasane Hyang Widdhi,  yekti adoh lawan sira, wis nyata ing sarengate, puniku kupur makripat, iku kupur sampurna, kang nyata kajatenipun, ing-ucap tan wruh ing sira.
  25. Marang ing desa kakalih, kang kinarsakaken ika, aningali ing karone, tuture kakalih ika, kalawan panarima, kadi surya lintang iku, lawan sedyaning ngutusan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar