Selasa

SULUK RÊSIDRIJA


1. Dhandhanggula
1. Rêsidriya artati kinawi | wêwalêre kang wus kina-kina | tinelada ing jaman kèh | akèh kang maca ngrungu | tuwa anom jalu lan èstri | padha angèstokêna | pitutur kang luhung | kaluhuraning agêsang | sangkanane sabar tawêkal nastiti | nelada kang utama ||
2. utamane wong urip puniki | nora kaya wong ngecani manah | nora nglarani ragane | rahayu kang tumuwuh | muwuhana panggawe bêcik | rêricikaning basa | basukining têmbung | bungah ingkang amiyarsa | rasakêna ujar ala ujar bêcik | ciptanên ing wardaya ||
3. daya-daya wardaya kalingling | angelingna sira wong kang lêpat | malah dadia trimane | panrimane kang luput | dènnya amrih wau nastiti | tindak-tanduk dèn andhap | patrapaning têmbung | têtêmbunge ing abasa | basane kang sampun uninga ing wangsit | wangsite tatakrama ||
4. kramanana wong kang ati sungil | ngil-ungilên atine kang arja | raharjaa sawurine | wêwurinên sadarum | arumira carêm-carêm sih | asiha sama-sama | sasama tumuwuh | malah wuwuh dadi lampah | anglampahi sira ati ingkang yêkti | iku bekaning raga ||
5. sira iku padha sun tuturi | tuwa anom padha rungokêna | laku ingkang abot dhewe | aja ta gunggung laku | durung mêsthi yèn sira bêcik | sanadyan
--- 4 ---
bêtah nglapa | bêtah mêlèk dalu | bisa sabar bisa trima | nadyan silih bisa gawe ngamal kaki | marang pêkir kasihan ||
6. iku masih rêrêmpèn[1] ta kaki | durung aran laku kang utama | misih laku jubriyane | ya durung sampe iku | basa ala kalawan bêcik | bêcik kalawan ala | iku mapan durung | masih laku bêbengesan | artinipun ing lair tan trus ing batin | durung têkèng kasidan ||
7. dene kaki laku kang sayêkti | bêtah nglapa sabar lan narima | kinancingan tawêkale | iku laku amupus | pamupusan wong olah jati | tindak-tanduk dèn atrap | têtêp jroning kalbu | karane wêkas manira | karantêne sira dèn nêdya nastiti | tawêkal dèn gêgulang ||
8. basa tawêkal têtêping ati | datan etang lamun dèn bêbeka | kang kaetang wêkasane | kawêkasaning laku | lawan ing Hyang Kang Maha Suci | suci-sucining raga | raga amrih ayu | rahayua dunya-kerat | karakêta maring tingal kang sêjati | jati-jatining tunggal ||
9. yèn wis tunggal dènnya maksih kalih | kêkalihe Gusti lan kawula | lair kalawan batine | iku upaminipun | yèn wus têpung lair lan batin | iku wrêksa candhana | kaki aranipun | wangi jaba tyasnya ngambar | ngambar-ambar wignya babar ujar bêcik | rêricikaning raga ||
10. yèn wis sira wignya angrêricik | sakèh ujar bêcik lawan ala | kari pamupuse bae | wiyose wignya muwus | sakathahe ujar kang bêcik | pasthi sih-sinisihan |
--- 5 ---
lantip jroning kalbu | samubarang dèn gulanga | rêricikan sira gulanga kariyin | dadya wruh sakèh rasa ||
11. rasa-rasa rêrasan puniki | wite agal wêkasane lêmbat | wit lêmbat agal wêkase | sakèh ewuh puniku | nora kaya wong nyrapat angin | angon larasing basa | pilih wong kang wêruh | kajaba janma utama | tama têmên tumrap tumon anampani | tampa sakèh wicara ||
12. cara-cara cinirèn kaèsthi | kang kaèsthi sumuking wardaya | dadya kawuwus pasthine | pasthi yèn basa rambu | rêrambane kinarya sangkrip | amrih guguring nala | lêlawananipun | sawênèh ana sujanma | wiwit alus wêkasane anyukêri | pilih ingkang wikana ||
13. iya iku basa gama kaki | gama alus iku maknanira | kang alus dadi lêmbute | lêmbut iku kang baku | marang pikirira kang yêkti | tiwar puwara tiwas | andika tumanduk | duk sira kangelan basa | kang rêrasan inguwor lawan mêmanis | nistha kalalènana ||
14. karanipun wêwalêr ngong iki | mring kang maca tuwin kang miyarsa | lanang wadon apadene | dipun sami mituhu | nuhonana ing ujar bêcik | yêktènana wardaya | lamun ingsun luput | mulane akèh kakênan | kèhing janma iya saking ujar manis | ngênês-ênês wardaya ||
15. lamun sira ujarira bêcik | dadya kengis èsthining wardaya | dadya prayitna ujare | lamun asêdhêp alus | iya iku ingkang ngêlosi | kalosan dadya kirang | kirang wêkasipun | dene rêringkêsanira | lamun bisa nastapa tawêkal titi | kalis sakèhing basa ||
--- 6 ---
16. anadene walêr ingsun malih | mring kang maca tuwin kang miyarsa | ingkang sikêp rayat kabèh | sira jumênêng kakung | aja sira kungkulan budi | iya mring rabinira | poma dèn akukuh | pan wus kocap ing saloka | basa èstri lakine ingkang ngèstrèni | sapolahtingkahira ||
17. mila sira aran wadon nini | basa wadon wadining wong lanang | amêngkua lêlingsême | kalingsêmaning kakung | iku jinêm sajroning ati | tingkah solah dèn andhap | dèn têrus ing kalbu | aja dumèh sira andhap | lairira tan têrus sajroning ati | wêkasan dadi cêla ||
18. basa cêla iku anyêlaki | sira bakal binerat ing priya | dene sira wus kacirèn | polahira kang dudu | karantêne èstri alaki | padha anglakonana | sawuruking kakung | mulane ana wong lanang | basa lanang suprihe amrih abêcik | amuruk rabinira ||
19. gênti-gênti goningsun muruki | sira kaki jumênêng wong lanang | muruk dèn akèh suprihe | lamun sira mêmuruk | marang garwanira ta kaki | apa têtêkonira | ingkang nora sarju | iku sira walêrana | sadurunge wêruh walêrira kaki | sira aja kainan ||
20. mangka kaki sira wus muruki | marang garwanira dadi ala | iku kaki wus pasthine | ala bêcik puniku | apan iya uwis pinasthi | de Hyang Kang Maha Mulya | lokhil makhfulipun | datan kêna ngowahana | mung wênange kawula puniku kaki | ikhtiyar lawan tobat ||
--- 7 ---
21. karantêne wong wadon dèn wêdi | basa wêdi wêdi ing kanisthan | amrih luhura èstrine | yèn wong wadon marucul | iku wadon ngadon-adoni | angadu-adu basa | basa kang tan patut | karane wêkas manira | ing wong wadon padha sira dèn nastiti | tingkah ingkang utama ||
22. utamane luwih saking bêcik | bêcikira wus mêdhar wicara | cara-carêm ing batine | lathinira satuhu | anuhoni sabdaning laki | kinarya garwa tuwa | wawrat ing pakewuh | pakewuhe sikêp rayat | kadang garwa garwa anom dèn ayomi | manut ujaring priya ||
23. priya iku panutan sayêkti | yêktènana saujaring sastra | dadya trus lair-batine | batinira satuhu | dunya-kherat sira cinangking | marang ing rabinira | poma dèn mituhu | nadyan sira anèng donya | lakinira kang ngomahi kang ngayani | anyukupi mring sira ||
24. nadyan silih wong lanang puniki | paripêksa lumaku kèdhêpa | ujare marang rabine | punapa walêsipun | sira iki dipun ladèni | marang ing rabinira | saupaminipun | dumèh angomahi sira | awèh kaya iku pan durung sayêkti | pan maksih bêbengesan ||
25. dene kaki pamalêse yêkti | marang rabi sira mêmuruka | ngèlmu rasa sajatine | wêkasaning tumuwuh | sayêktine tumêkèng lalis | iku sira tuduhna | marga kang rahayu | nadyan wong èstri ta sira | aja tungkul sira jêjaluka ngèlmi | marang ing lakinira ||
26. lan malihe sira sun tuturi | salokane wong ngabdi mring priya | tigang prakara kathahe | durga
--- 8 ---
kulina iku | kaping tiga wisa puniki | kadipundi lirira | sun tuturi iku | têgêse durga pan buta | kaya buta yèn lagi nêpsu puniki | tan kêna sinuwawa ||
27. yèn tinrajang yêkti bilaèni | iku nini ing upamanira | sira ya mangkono manèh | yèn kakungira bêndu | aja sira wani nimbangi | wêkasan kajêmpalan | sira têmahipun | yèn kongsi sira pinala | pasthi nistha iku jênêngira èstri | dadi wong budi kewan ||
28. basa kulina klangênan iki | apa barang rêmênaning priya | sira saosana kabèh | sabobotira iku | nadyan kakung rêmêna sêlir | iku sira dèn rila | dèn têrus ing kalbu | dene têgêse kang wisa | ingkang purun angumpêt kayaning laki | samubarang prakara ||
29. manggung nyolong mring kayaning laki | dipun aku kayane priyangga | wèwèh sakarêpe dhewe | iku wong nora urus | nora olèh bêrkate laki | iku ta singgahana | sakèhing pamurung | akèhing wong laki wigar | sabên-sabên yèn laki dipun têngêri | yèn solahira durta ||
30. luwih gêdhe durtane wong èstri | ingkang cidra rêsmi lanang liyan | ingkang idjinah têgêse | iku wus mêtu tuhu | ing namane èstri utami | tan kêna ingapura | sèwu alanipun | pasthi binuwang ing priya | singgahana aja kongsi anyêdhaki | yèn polahira durta ||
31. basa durta iku angluwihi | saking ala sasamining kênya | iku abangêt durtane | karane wêkas ingsun | mring wong èstri anom alaki | padha sira èstokna |
--- 9 ---
tutur kang linuhung | yèn sira nora ngèstokna | masa sira tulusa dipun kasihi | marang ing lakinira ||
32. gênti malih gon ingsun muruki | marang sira jumênêng wong lanang | dipun mantêp ing asihe | marang garwanirèku | dipun manis pangucapnèki | tuwin sih lulutira | siyang dalunipun | rumasaa yèn katêmpah | anèng dunya tanapi tumêkèng pati | prihên têtêp kang iman ||
33. ing cukupe nèng dunya puniki | aja kurang sandhang lawan pangan | ywa kongsi susah atine | prêdinên jroning kalbu | olèhira ngupaya bukti | laire lakonana | batine puniku | nênuwuna mring Hyang Suksma | supayane tinêkanan sêdyanèki | cukupe garwanira ||
34. olèhira rumêksa ing rabi | kang supaya têtêpa kang iman | sampurnakna ing batine | wêruha kharam makruh | ing margane ngupaya bukti | wurukên ngèlmu tekad | sumungkêm Hyang Agung | wurukên lêpihanira | ing patrape Dèwi Patimah kang siwi | yèku Nabi Mokhamad ||
35. larangane wong alaki-rabi | upamane yèn lagi brawala | pari padu upamane | èstri kalawan kakung | aja wani ngèmbèt-èmbèti | ngucap-ucap wong tuwa | ingkang gawe dudu | tuwin angucap pêgatan | rong prakara iku kaki dipun eling | poma ta singgahana ||
36. lamun sira tan duwèni janji | angatokkên wadi karsanira | wêwatêkaning karone | èstri kêlawan kakung | supayane simpêna kalih | kalingsêmaning garwa |
--- 10 ---
wirangira iku | lair rasa kêlaira | anèng tilam arsa sacumbana kalih | kono sira ngucapa ||
37. lamun sira kaki dèn tuturi | ing wirange marang garwanira | aja sêmbrana gumluwèh | simpênên dèn akukup | tuwin garwanira ta kaki | lamun sira wus warta | wirangira iku | simpênên jroning wardaya | lanang wadon aja sêmbrana wong kalih | pasthi yèn ora tukar ||
38. watêke wong tukar marang rabi | pasthi suda ing darajatira | adoh bêgja daulate | patang puluh dinèku | ngupayaa sandhang lan bukti | angèl barang sinêdya | marga susah kalbu | karane wêkas manira | singkirana sira tukar lawan rabi | iku kayêktènana ||
39. lamun sira kaki wus nyukupi | busanane sapantêsing garwa | sarta doh tukar padune | utamane wong kakung | aduwea sêlir kêkalih | nanging ta patrapira | sira dadi kakung | garwa sêlir pasrahêna | marang garwanira kaki ingkang padmi | dipun tega pitaya ||
40. lire tega sandhang lawan bukti | cukup kurang pracaya ing garwa | sira darma nyawang bae | pantês lan oranipun | lamun kirang datan mantêsi | sira duwea prentah | ing garwanirèku | kalane sira parentah | ingkang samun aja pirsa liyan janmi | lan sira pêparinga ||
41. lamun sira mêmundhuta kaki | aja prentah marang sêlirira | prentaha mring garwa bae | nuli garwanta nuduh | marang sêlir ingkang nglakoni | mundhut sakarasanira |[2] yèn wus prapta iku | sêlir ngaturna
--- 11 ---
ing garwa | garwanira kang ngaturakên sirèki | inggiling garwanira ||
42. dene paran angrahabi rabi | sira dadi wong lanang punika | aja sêpi ing tangane | simpênên dhuwit iku | sabobote awakirèki | manawa ana karsa | angganjar garwamu | apa kang nora prayoga | sapantêse maringi garwanirèki | sira yèn kawajiban ||
43. dipun èngêt maring putra siwi | lêpihane kakung siya-siya | iya marang ing rabine | anake lanang besuk | pan siniya marang ing rabi | yèn èstri siya-siya | marang kakungipun | anake èstri ing benjang | iya uga siniya-siya ing laki | prayoga padha-padha ||
44. gênti malih gon ingsun muruki | sira jumênêng èstri utama | ngawula kakung têgêse | tigang prakara iku | idhêp mantêp sumungkêm nini | têgêse idhêp ika | sira masthi manut | sabarang karêmanira | arsa nyêlir têtiga tuwin kêkalih | sira dèn lêga ing tyas ||
45. lire lêga pan asih ing batin | marang sêlir aja kêkurangan | mungguh sandhang lan pangane | dèn alus sira muwus | ingkang manis andudut ati | kang supaya lalia | asih marang kakung | abot asih marang sira | sabab iku dadi saliramu nini | kinasihan ing sira ||
46. patrapira mêngku marang sêlir | lamun sira bayara kang arta | kinarya tuku sandhange | iku pan ora cukup | karanira kaki nyukupi | watêke kang rupa wang | kathah purugipun | kinarya jajan pan kêna | iya iku nikmat rasaning kang lathi | nanging sandhange rusak ||
--- 12 ---
47. prayogane pintanên kang sabin | kathah kêdhik anèng kiranira | nuwuna idin kakunge | manut nugrahanipun | karanipun maringi sabin | yèn mêdal pantunira | winadea gupuh | payune kathah kang arta | upamane karya tuku mas rêtna di | tuwin sandhang kang endah ||
48. yèn kongsia sêlirira sami | panganggone sandhang sarwa endah | kang misuwur ing liyane | pasthi sira satuhu | luwih wignya among ing abdi | pasthi karya lêpiyan | mring kadang sadulur | watêke ingkang manungsa | lamun bêcik kabare ingkang amasthi | wong bêcik manggih arja ||
49. ing pangane sêlirira nini | paringana ing lorodanira | mêntas sira dhahar dhewe | aja lorodan kakung | lan pisahên lan para nyai | tuwin gènira nendra | aja kongsi kumpul | manggena satunggal-tunggal | sêlirira pisaha lan para cèthi | iku larangan priya ||
50. kang supaya sukaa ing galih | lan utama sira dadi garwa | mungguh sêlirira kabèh | trapna jaga ing kakung | gilirêna maju sawiji | sarta busananira | ing sapantêsipun | dene lawase ajaga | apan aja luwih sadina sawêngi | kang loro jaga sira ||
51. lamun sêlir iku andarbèni | kaluputan ajaga ing sira | dipun sabar ing dukane | kadya duka ing sunu | pamrihira asih lan ajrih | dukanira pamulang | ingkang amrih ayu | nuli sira pêpoyana | marang kakung ingkang satya ing panggalih | yèn sêlirira durta ||
--- 13 ---
52. aja sira age andukani | lah matura marang kakungira | ing mêngko apa karsane | sira garwa katêmpuh | amriksani ala lan bêcik | patrape sêlirira | poma dèn mituhu | lan malih wêkas manira | dipun ngadil wani ngalah ingkang yêkti | patrape sacumbana ||
53. dipun rila lair lawan batin | lakinira arsa nyarènana | marang sêlirira kabèh | aja rumasa kalbu | lamun sira kari kang asih | yèn kakungira suka | iya karsanipun | mêsthi asih marang sira | ing margane sira kinasihan nini | awit saking rilanta ||
54. lamun sira arsa lungan nini | sêlirira age anganggea | saboboting panganggone | ngampil gantènirèku | kang sawiji paidon bêcik | siji saptanganira | têlu aja kantun | gawanên saparanira | kang utama matuta lakuning margi | aywa pinatut priya ||
55. apan mantêp iku sun tuturi | aja duwe tingal priya liyan | iku duraka dadine | tuwin nacada kakung | ing solahe muna lan muni | sira wus prajanjian | wirangira iku | wus kasimpên kakungira | yèn kongsia mêdalakên ingkang isin | dadi wong murang sarak ||
56. dene sungkêm sira sun tuturi | apa barang wulange wong lanang | ing donya têkèng patine | sira dèn amituhu | aja mèngèng siyang lan ratri | aja uwas ta sira | yèn winuruk kakung | masthi yèn sira katrima | anuhoni saking wurukirèng laki | lah mara pitakona ||
57. lan malihe wêkas ingsun nini | lamun sira anuju brawala | rêbut karêp gèsèh-gèsèh | aja purikan
--- 14 ---
iku | aywa ngalih sing dalêmnèki | sajroning dalêmira | sira kang amêngku | lan sira ingkang kagungan | pasarean pasthi sira kang darbèni | ywa ngalih pasarean ||
58. lamun sira brawala apurik | tinggal wisma ngalih pasarean | durung karuan pisahe | yèn kakungira lumuh | ing burine sira wus eling | sira arsa muliha | wirangira agung | andulu sami manungsa | dadi sira tan jumênêng nama èstri | manut budining setan ||
59. aja suda gumati mring laki | apa barang karêmaning priya | dhahar tuwin ing liyane | aywa mênêng dinangu | marang priya kang amrih runtik | lamun sira mênênga | abdinira kuwur | dumadi sira duraka | karya susah marang sasamining janmi | pindho durakèng priya ||
60. karanipun akèh bae nini | garwa padmi andhap darajadnya | nora lulus ing luhure | panastèn manahipun | tan rumasa yèn dadi inggil | kongsi mring turunira | anake apêngung | bodho asor dadi kompra | iya iku labête ibu kang juti | manèhe tan raharja ||
61. pakolèhe wadon wêdi laki | ingkang têrus ing lair batinnya | anyumuki ing putrane | dènnya dadi priyantun | kapindhone wêdi Hyang Widhi | putus ngèlmu agama | nyamadi ramèbu | guna wignya panggraitan | bèr budi apan waskitha ing Hyang Widhi | punjul sasaminira ||
62. gênti malih gon ingsun mulangi | marang kênya kang amrih utama | kang kinarya slir lungguhe | basa sêlir puniku | pan dadia sêlira padmi | têgêse
--- 15 ---
angawula | abdi kang pinujul[3] | sinêlira ing sihira | datan sami kalawan kang para nyai | iku sira ngrêtia ||
63. sabab sira kinasihan padmi | marga saka adhêp sungkêmira | marang padmi pamalêse | têgêse adhêp iku | nora duwe tingal kêkalih | ing asih lulutira | lali sihing kakung | sira pan ora ngawula | marang priya karane sira dèn sihi | awit aturing garwa ||
64. pasthi sira pinracayèng padmi | asimpêna busananing priya | tuwin karyanên dhahare | dipun nastiti kalbu | sira simpên busana adi | busananing gustinya | èstri lawan kakung | tuwin sira karya dhahar | ingkang suci arahên nikmatirèki | gustinira adhahar ||
65. basa artine sumungkêm nini | ing sanggone pinarak gustinya | sira adhêpana bae | aywa ngadhêp ing kakung | lamun nora dipun prentahi | yèn gustinira tindak | aja nêdya kantun | dhèrèka saparanira | angampila gantène paidon nini | saptangan lan cênela ||
66. upamane sira dèn paringi | marang kakung aninggal ing garwa | ywa sira nampani age | iku coba satuhu | nora kêna kakung binatin | yèn sira nampanana | masthi manggih bêndu | saking gustinira garwa | age sira matura ing gusti èstri | masthi yèn kinasihan ||
67. lamun sira darbe karsa nini | aturêna barang karsanira | ing sêlir iku anggone | sira duwea atur | panuwun mring gustinirèstri | mapan yèn ora angsal | dènira umatur | mêngko kang matur ing priya | garwa padmi nênuwunkên sira nini | iku laku utama ||
--- 16 ---
68. ana uga lêpihane nini | prayogane slir èstri mring priya | dadya luhur darajate | sugih mas tur priyantun | kongsi kêna dipun ngèngèri | sabab sing tamanira | slir jrih sungkêmipun | miturut ing gusti garwa | wani kalah datan nêdya animbangi | marang gustine garwa ||
69. sakathahe wulang ingsun iki | mring wong priya arsa mêngku garwa | marang ing garwa padmine | marang sêlir têtêlu | kang sun suwun marang Hyang Widhi | pindho jêng nabi duta | utusan Hyang Agung | muga sira lakonana | bokmanawa dadi utamaning urip | mundhi uncung wong tuwa ||
2. Pocung
1. lamun kakung arsa duwe garwa agung | anane mung papat | kang supaya sampenèki | ing patrape wong lanang dipun prayitna ||
2. prayitnèku amêngku garwanirèku | karya omah lima | ingkang gêdhe sami-sami | pan kinarya ngomahi marang ing garwa ||
3. nipkahipun padhanên ing pêparingmu | lan sira bagia | para liman aja lali | ing busana sira ingkang pêparinga ||
4. pranatamu gilir marang garwa iku | pasthi garwanira | kang manjing omah sawiji | omah ingkang sira goni kang prayoga ||
5. ing dhaharmu ingkang angaturi iku | garwa ingkang mêntas | mijil saking wisma gilir | garwa gilir andhèrèk mangan kewala ||
--- 17 ---
6. abdinipun pinasthi ing kathahipun | pambêktaning garwa | ingkang mêntas manjing gilir | ing cukupe dhahar sira parentaha ||
7. cukupipun murwatên ing balanjamu | ywa sira kacacad | cacade wong kakung iki | yèn kongsia dèn arani kêthuk cupar ||
8. cupar iku ngawruhi kirange langkung | ambalanja garwa | dene kêthuk têgêsnèki | tharuthukan tan sêmbada pêparingnya ||
9. pambêkipun wong wayuh dèn kadi ratu | aja darbe trêsna | mring garwa kang tan kaèksi | yèn lungguhan aja tabêri sandhingan ||
10. malihipun arikala sira muwus | ywa sira sêmbrana | gumuyu dèn sambi angling | angèmpêra pambêkane sri narendra ||
11. ratu iku yèn ngandika tan gumuyu | sêtya tuhwèng nala | sêtya bênêr tuhu êning | tan ngandika yèn tan bênêr ciptanira ||
12. yèn panuju garwanira lagi rêngu | ywa nimbangi sira | enggal ripunên ing ati | dipun manis yèn sira arsa angucap ||
13. angrêripu apa ingkang dadi rêngu | yèn saka ing sira | tan nêtêpi saking jangji | dèn agêdhe pangêlusmu marang garwa ||
14. dene lamun rêngune saking marumu | ywa ngrojongi sira | nacad garwa ingkang sisip | sira bae anjaluka pangapura ||
--- 18 ---
15. garwa luput dukanana ingkang samun | sira adukaa | anèng tilam nuju guling | sêpining wong aja na ingkang uninga ||
16. yèn panuju katêkan dutaning ratu | garwanira papat | kabèh karya dhahar sami | pan kinarya ngurmati utusan nata ||
17. malih wangsul goningsun arsa pitutur | mring èstri utama | ingkang among maru sami | papat pisan datan ingsun karya beda ||
18. èstri lamunJakrama iku diwayuh | pasthi amiliha | kakung rong prakara olih | ingkang ngèlmu kalawan ingkang wibawa ||
19. yèn winêngku ing laki êbèr kang ngèlmu | sira aniyata | manjing gêguru ing laki | lan dèn putus sampurnane ngèlmunira ||
20. aja ngetung wirangira dunya iku | kurang sandhang pangan | mung ngèlmu kang sira anggit | kang supaya apila wulanging priya ||
21. panganggomu dèn sabar trima ing kalbu | sira pan wus dadya | manjing sabat guru laki | ajirihira manjinga ing atinira ||
22. rèh sirèku ngawula marang ing kakung | aja kongsi sira | duraka marang ing laki | anjaluka pangadilan ingkang têrang ||
23. ngadilipun guna-kaya saking guru | tuwin ing giliran | rêmbugên ing maru sami | padha ana wong lima sapalungguhan ||
--- 19 ---
24. yèn sirèku wus tampa jangjining kakung | dèn eling ta sira | lan sira duwea jangji | kakungira aja laku kang dursila ||
25. paminipun angganjar garwa tan na wruh | marga gêng sih priya | pan iku kurang prayogi | kakungira prayoga dèn elingêna ||
26. yèn tampèku sira duraka ing maru | gurunira salah | pasthi datan tulus asih | suda jangji pasthi adilira kirang ||
27. gilir iku aja kurang limang dalu | yèn kongsi luwiha | tan mantêsi lulutnèki | lawas luwas anggêntèni kangênira ||
28. de kalamun akrama lawan wong agung | ingkang awibawa | sugih mas kalawan picis | rumasaa sira angrêksa kewala ||
29. lakintèku kang nguwati panggotamu | bayar manganira | anggarap sawah myang têgil | bayar mangan kang mêsthi saka ing sira ||
30. yèn sirèku kariya marang marumu | anggung nisthanira | upama sira sêsiwi | apa ingkang sira paringake putra ||
31. yèn anamtu saking paringaning kakung | pan masa galiha | amung sampenira ugi | kang pinikir wong lanang aja na tukar ||
32. yèn sirèku kariya marang marumu | lèhira upaya | rijêki kang anèng pêthi | pasthi cacad kalawan ing kakungira ||
--- 20 ---
33. ujaripun kakungira kang satuhu | jatine wanodya | gênthong wadhah bras upami | yèn borosa pawèstri datanpa guna ||
34. paminipun bumbung wadhah isi banyu | yèn ora nganggoa | êros buntêt kang sasisih | isènana banyu sumur pasthi ilang ||
35. yèn sirèku wanodya manggihi sunu | gawane kakungnya | kuwalon araning siwi | ing patrape ingsun pitutur ing sira ||
36. sihirèku ing lair têrus ing kalbu | ywa beda nakira | mungguh sandhang lawan bukti | kang supaya kakungira pracayaa ||
37. de asihmu kalangkung marang kang sunu | yèn sira paringa | marang kuwalon kang siwi | anyuwuna pêrmisi ing kakungira ||
38. lan dèn wêruh santana lawan kang biyung | supaya ing wuntat | yèn ana apês sawiji | iku mêsthi wong gêsang wêkasan pêjah ||
39. èstri jalu pan sami gadhangan lampus | wus tininggal pêjah | kabèh anakira iki | aja kongsi padha rêbutan warisan ||
40. wêkas ingsun mring wong lanang padha wayuh | lan èstri utama | ingkang among maru sami | jalu èstri yogya padha nglakonana ||
41. yèn sirèku tan nglakoni wulang insun[4] | luhung aja krama | arsa papat garwanèki | nora wurung bakal sira kawirangan ||
--- 21 ---
42. lan sirèku wus anjarag kinawayuh | yèn ora kaduga | luhung aja anglakoni | nora wurung kudhangdhangan wirangira ||
3. Dhandhanggula
1. wus kapungkur wulang laki-rabi | nuturakên pratingkah ngagêsang | mring wong anom-anom kabèh | basa wong anom iku | anganama polah kang bêcik | widigda kawidikdan[5] | jaya-wijayantuk | yèn wus ngaji kadigdayan | gêgulanga sira ngèlmu kang sajati | kang anèng jroning nala ||
2. raga iku tuladha sayêkti | yêktènana nèng sajroning nendra | pan ora pisah sipate | sipatira puniku | ing liyane ngarani guling | tur ta sajroning nendra | datan ngrasa turu | puniku basa turutan | iya iku têturunane wong mati | mati sajroning gêsang ||
3. iya iku asma kang sêjati | karantêne padha dèn èstokna | iku basa sabênêre | mila satêngahipun | para santri padha angaji | angajap-ajap swarga | swarga kang nèng luhur | angawur-awur kewala | ing wêkasan amangeran makdum sarpin | sabab tan wruh ing nyata ||
4. nadyan silih akèha kang santri | nora kêna kaki sira morna | ana bodho myang pintêre | yèn mungguh santri gundhul | liring gundhul iku gundhili | kang ala-ala ika | iku kang sun tutur | tan wruh sêjatining sastra | kang kaèsthi amung pakolèhe ngêmis | saking dahat damanya ||
5. pangrasane wong brêsih ing wèni | pan katona muklis ing wardaya | tur nora jujur tekade | rambut
--- 22 ---
dawa cinukur | pan kinarya pikating asil | antuka anênêdha | dènnya saba dhusun | lir priyayi panggrabagan | anisthakna lamun panèn ani-ani | yèn bakda adol donga ||
6. kang satêngah santri jlamprah kaki | larah-larah apindha satriya | ngandêlake maonahe | kabèh janma nalungsung | ting talungsung padha angabdi | dinalih yèn kusuma | mila kèh kang rawuh | tur ta wuwuh mundhak beya | ambayani têmahane dèn bronjongi | sinelong wêkasira ||
7. ana mênèh santri jlamprah kaki | nora kaprah dhugal dadi begal | katêragal sapolahe | ana kang olah dhadhu | kêplèk kècèk kêrtu madati | iku kang nyirnakêna | ing kasantrènipun | karane wêkas manira | atirua sira ing tingkah kang yogi | yèku wong kang ngulama ||
8. basa ngulama iku ngalami | angalami ujar bêcik ala | kang ala siningkirake | ingkang bêcik cinakup | amrih cukup têpunging ngèlmi | ngèlmu kang adu rasa | rêrasan kang antuk | antuka donya-akherat | nyamadana nalar trus yudanagari | rinêksa ing Hyang Suksma ||
9. kang pinasthi sasmita kang wadi | kang pinardi mung ngèlmu kang nyata | dèn nyatakkên kayêktène | dèn yêktèni satuhu | tuhu kêmbar lan rasa jati | jati-jatining ora | saking ananipun | Pangeran asipat ora | ing orane wit saking ngapura niti | pan maknane nakirah ||
--- 23 ---
10. napi nakirah lan napi jinis | iya iku jinising Pangeran | kang napi tansah isbate | dalil lawan madêlul | pan kinarya upama iki | Gusti lawan kawula | sarat lawan masrut | lir dhalang kalawan wayang | upamane kang muji lan kang pinuji | iku sira dèn pana ||
11. basa pana pan punika sidik | sidik bênêr bênêring panunggal | kang tunggal pinisahake | yèn wis wignya puniku | bisa ana lan ora iki | basa iki lan ika | iki ika iku | yèn sira kaki wis wignya | ujar iku pasthi martabatan wali | wali-wali cinipta ||
12. wali-wali gon ingsun marahi | lamun sira dadi santri jlamprah | dèn nêdya kaprah wong akèh | yèn dadi santri gundhul | dèn gumandhul gandhul gendholi | gendholi ujar nyata | nyata tan kaliru | angruruh rasaning surat | jroning surat kêrêtan kang bangsa pasthi | kang pasthi kita nuta ||
13. yèn wisira ngêrti bangsa pasthi | pasthi sira ginuron ing kathah | kathah kêthuh dadi brêsèh | barêsih dadi arum | rum rumawar sarkaranya di | adine kang sarengat | mupangati tuhu | tuhu yèn niyakaningrat | nabi rasul panutane wong sabumi | Ngarab Mêkah Madinah ||
14. tanah Ngarab kang dèn irib-irib | kang dèn irib mring wong tanah Jawa | amurih jawaban kabèh | kabèh kang samya makmum | kamakmumam sarengat nabi | iya jêng nabi duta | dutane Hyang Agung | kaluhurane [ka...]
--- 24 ---
[...luhurane] ngagêsang | sangkanana tawêkal agama suci | suci-sucining raga ||
15. sucinira ing raga puniki | dèn uninga wilanganing raga | kang manjing limang wêktune | wêktu luhur puniku | rêkangate kawan prêkawis | iya alis maripat- | ira kalihipun | dene kang darbèni ika | Nabi Brahim malaekate Jabrail | sakabate Bubakar ||
16. waktu ngasar ya kawan prakawis | osikipun ing grana lan karna | Jêng Nabi Yunus kang darbe | dene malekatipun | iya Malaekat Mikail | tuwin Bagendha Ngumar | sakabatirèku | dene waktu magrib ika | apan tigang rakangat kathahe singgih | cangkêm lan pupu karwa ||
17. Nabi Ngisa iku kang darbèni | Malaekat Ngijrail punika | Bagendha Li sakabate | waktu ngisa puniku | rakangate kawan prakawis | iku osiking asta | kêkalih lan suku | kang darbèni Nabi Musa | Malaekat Ngisrail ingkang darbèni | sabat Bagendha Ngusman ||
18. waktu subuh rêkangate kalih | ing osiking badan lawan nyawa | Jêng Nabi Adam kang darbe | sakabatipun Arun | marmanipun puniku kaki | ana waktu lêlima | duk ing purwanipun | kalane jêng nabi duta | ingandikan dhumatêng Hyang Maha Uci[6] | minggah marang ing swarga ||
19. sapraptane binagya Hyang Widhi | jarwanira sabdane Pangeran | sira bagea nèng kene | Mukhamad satêkamu | saking dunya marang ing swargi | apa lèh-olèhira |
--- 25 ---
kaki marang Ingsun | jêng nabi duta turira | attakhiyattul illahi Maha Suci | punika tur kawula ||
20. winangsulan sabdane Hyang Widhi | ya Mukhamad salamu aleka | jêng nabi gupuh sujude | ping lima dènnya sujud | Jabarail anulya angling | mring kangjêng nabi duta | tuwan nabi rasul | wus pinasthi ing Pangeran | umat tuwan limang waktu anglakoni | wau kalane tuwan ||
21. duk binagya ing Hyang Maha Sukci | gupuh tuwan asujud ping gangsal | punika tuwan mulane | benjing umat sadarum | dumugine ing dina akhir | sami anêtêpana | salat gangsal wêktu | nulya nabi sinuguhan | dhêdhaharan sawarnine ing swarga di | Jabarail gya ngatag ||
22. nêdha tuwan dhahara tumuli | pasihane Gusti Maha Mulya | jêng nabi adhahar age | sawusnya dhahar tuwuk | Jabarail angatag malih | nêdha tuwan têlasna | sêgahe Hyang Agung | kangjêng rasul angandika | sampun tuwuk kisanak gèn kula bukti | Jabarail gya mojar ||
23. wus pinasthi umat tuwan benjing | mung saduman ingkang manjing swarga | de kang kalih pandumane | manjing naraka besuk | wau tuwan kalane bukti | amung têlas saduman | iku purwanipun | jêng nabi gêpah angucap | pundi sanak kula têlasne ing riki | Jabarail anulak ||
24. botên kenging yèn awola-wali | wau tuwan inggih kula atag | jare wus tuwuk saure | nabi asru gêgêtun |
--- 26 ---
ngêmu waspa muwun ing galih | sarwi amênggèh-mênggah | tobat ing Hyang Agung | duk kalanira samana | waktu ngisa ngandikan marang ing swargi | subuh prapta ing wisma ||
25. iya iku riwayating tulis | apan têrus lan panjinging raga | sarta lan wêwilangane | lan malih wêkas ingsun | pamuwusan ing wong abêkti | ing takbiratul-ikhram | gurokna satuhu | lire tabiraktul-ikhram | lamun sira wus ngawruhi ujar iki | pindha wrêksa candhana ||
26. iya iku patêmon sayêkti | kang anêmbah iya kang sinêmbah | wus tan ana sulayane | ing paningal wus jumbuh | datan ana nama kêkalih | masa si mangkonoa | aja na kaliru | kawula maksih kawula | ingkang Gusti iya maksih nama Gusti | mulane gurokêna ||
27. sira iku padha sun tuturi | lamun sira arsa anggêgulang | ngèlmu têkan sajatine | sira awasna iku | ing têmbaga kalawan rukmi | yèn sira aranana | têmbaga puniku | apan kaworan kancana | kang utama rinacut dènnya ngarani | ingaranan suwasa ||
28. basa suwasa linaras malih | kuwasane kawula punika | kang angsal wênang Gustine | sasêdyanira tutug | nadyan silih kang para nabi | apan têpane ana | gusti kangjêng rasul | duk kala kasêsêr yuda | nulya mêsu ing tingal ingkang sajati | pra malaekat prapta ||
29. apan samya arupa prajurit | nunggang jaran sarwi sikêp pêdhang | mungsuh sirna larut kabèh | duk
--- 27 ---
aprang nèng gunung Kud | kangjêng nabi supe ing Gusti | kasoran ngungsi guwa | kagutuk ing watu | iku padha rasakêna | yèn têmbaga binêsut supaya rêsik | yèn janma mêsu raga ||
30. mila têmbaga binêsut kaki | pamrihipun aja kongsi nimbrah | dadya ilang rêrêgêde | yèn wis ilang puniku | kang têmbaga lumêbèng kowi | winor lawan kêncana | sarta gêni murub | yèn wus luluh kalihira | upamane pamore kawula-Gusti | iku dèn rasakêna ||
31. yèn tan wruha sasmita puniki | angur sira aja mangan sêga | anyêngguta sukêt bae | dadi wong kacèk buntut | lawan kewan sira puniki | lamun nora nyandhaka | sasmita wus mungup | ingkang maca kang miyarsa | yèn tan wruha sasmita sampun umingip | sasat wijiling kewan ||
4. Mijil
1. basa ati kewan angewani | angewani adoh | basa adoh iku bing kanane | bing kanane wong kang ambêg babi | yèn wus kaya babi | angombea uyuh ||
2. yèn wus ngombe uyuh pasthi nyungir | irunge anyanthom | yèn wus nyanthom karasa pêsinge | yèn angrungu wirayating tulis | pasthi lamun kalis | yèn wong kacèk buntut ||
3. kacèk buntut wong iku kang pasthi | buntut jroning batos | beda lawan wong lantip atine | basa lantip iku ngintip-intip | ngrungu ujar bêcik | rinicik rinacut ||
--- 28 ---
4. yèn wus ngracut sakathahe angling | kalingling ing batos | sakèh basa linaras pupute | beda lawan wong kang ambêg babi | ngrungu ujar bêcik | bêbêg jroning kalbu ||
5. kalbunira sinumpêl ing iblis | wêkasane bolos | mila bolos angleles atine | nelad basa basukining urip | mundhak wuwuh arip | mata kudu turu ||
6. yèn aturu jaludru sawêngi | sawêngi angorok | yèn anglilir tan ana sêbute | amung kêcap-kêcap angêcumil | pantês mangan krikil | wong mangkono iku ||
7. nora nêdya eling jroning ati | gulang karahayon | kang kaetung mung pêpanganane | wus kapungkur ingkang basa bêcik | amung kang karicik | kalikiking wadhuk ||
8. sabên esuk sêga wadhang ênting | yèn bêdhug dharodhog | dharêdhêgan kudu mangan bae | pêndhak ngasar nêsêr bukti malih | yèn mahrib sêsangkrib | sêga têlung tuwung ||
9. sore turu têngah wêngi tangi | angungkabi tenong | bêdhug têlu anglulu tangine | bangun enjing yèn sêga wus ênting | apan nuli eling | intip yun kinêruk ||
10. beda lawan wong kang nêdya bêcik | kalirik ing batos | ngatos-atos yèn wong urip kiye | wêkasane tumêka ing pati | mila ngati-ati | atine pinêsu ||
11. kang pinêsu wêkasaning ragi | rêragining batos | yèn wong iku akèh rêragine | datan kewran mapan pikir mintir | lumintir sumilir | silire lumintu ||
--- 29 ---
12. kêrantêne wêkas ingsun iki | jênênge wong anom | ingkang purun atilar ing rame | angarêpakên sira ngasêpi | ing tigang prakawis | nyawa dèn kawêngku ||
13. wijil tapa lan rêmbêsing ngèlmi | nyawa dèn kalakon | kaping tiga trahing danawarèh | wijil tapa wong nglarani ragi | rêmbês madu kaki | turbukaning[7] ngèlmu ||
14. wong kang antuk surasaning ngèlmi | sêmune katonton | têka beda sapolah tingkahe | ana wêdine maring Hyang Widhi | sêmune anglungit | anyêngkêr pamuwus ||
15. têgês madu trahing danawarih | iya ora pêdhot | panêmbahe marang ing adhêpe | saosike kabèh dadi puji | iya iku kaki | tarbukaning ngèlmu ||
16. bangêt-bangêt gon ingsun malêri | mring kang sami maos | apa sira wus wêruha kabèh | uwong anom-anom kang miyarsi | sinaua wasis | sêsêmon kang lêmbut ||
17. liring lêmbut ngrêbut basa wadi | wêwadining batos | saisine raga iku kabèh | apan kabèh sami dèn kawruhi | nadyan jroning osik | sawise katêmu ||
18. nuli napsu kang patang prakawis | winawas waspaos | astanane napsu dhewe-dhewe | aluamah amarah puniki | lan supiyah malih | mutmainahipun ||
19. tuhu iku rewangira kaki | benjing têkèng maot | kang sêtêngah wong iku kawruhe | ingkang tigang [ti...]
--- 30 ---
[...gang] prakara siningkir | maksih basa lair | durung wruh ing urus ||
20. beda lawan wong kang wêruh wisik | wisik kang sayêktos | yêkti iki pradandanan gêdhe | atakona wong kang ahlul arif | pasthi nora sisip | sapambatangipun ||
21. nadyan sira kaki masih urip | datan kêna adoh | aja cacak besuk akerate | mêngko bae kawruhana kaki | napsu siji-siji | kêkarêpanipun ||
22. nora beda lan karêping janmi | siji-sijining wong | sun tuturi sira ngibarate | pambêkane napsu siji-siji | lir ratu lan patih | jaksa lan pangulu ||
23. ratu iku tan arsa bênêri | yèn ana pêpadon | pan wis ana iku wêwakile | parentahe ginadhuhkên patih | pra tuwin kang adil | ki jaksa kang gadhuh ||
24. mungguh kukuming ratu puniki | pangulu kang gadhoh | sêsukêre praja sinrahake | yèn wus rujuk wong tigang prakawis | ratu kang ngidini | arja nagrinipun ||
25. yèn sulaya wong tigang prakawis | nagarane rusoh | lamun ora panggaha ratune | saya bangêt rusaking nagari | yèn ratu ngêkahi | sulayane rujuk ||
26. nora beda wong angrêksa jisim | yèn ati tan kukoh | pasthi rusak wong iku awake | yèn tan krêksa kang tigang prakawis | yèn bisa ngayomi | saking kèhing ayu ||
--- 31 ---
27. mutmainah astanane ngati | karane ponang wong | yèn kagingsir wong iku atine | tan sulaya bilaine prapti | sabab basa ati | utusan Hyang Agung ||
28. anèng ati mujarat sayêkti | kang parêk Hyang Manon | dene napsu supiyah dununge | anèng ati puat kang sayêkti | amarah puniki | ana ing pêpusuh ||
29. dene napsu luamah puniki | wadhuk dènnya manggon | yèn gothanga salah siji bae | masa ana jênêng insan kamil | yèn tan jangkêp kaki | ina aranipun ||
30. lamun durung padhang sira kaki | sun pajar sayêktos | aluamah cangkêm dêdalane | napsu amarah dalane kuping | supiyah kang margi | pan mripat puniku ||
31. mutmainah ing grana kang margi | yêktèkna ing batos | iya iku kaki lêlurunge | yèn kawula seba maring Gusti | pikirên pribadi | tan susah sun wuruk ||
32. pan wis sêdhêng gon sun anglèjêmi | mring kang sami maos | rêricike sun tuturi kabèh | pangracute pikirên pribadi | yèn sira tan uning | yakti tyas dhêdhêngkul ||
33. nanging ana kaolipun malih | lamun wong mêmaos | yêkti pilih kang padhang atine | lamun ora lan warah sayêkti | yèn wus olèh wisik | sabarang karungu ||
34. yêkti bisa wong iku ngrampidi | ing tyas wus waspaos | mung kariya rêrampene bae | karantêne wulang ingsun kaki | golèka sayêkti | guru kang linuhung ||
--- 32 ---
35. guru iku amung awèh uwit | undhaking pêpadon | sira dhewe ingkang ngundhakake | pêcahing basa gampang lan rêmpit | ya sira pribadi | panglarasanipun ||
36. pira bêtahe wong luru ngèlmi | tan pêgat têtakon | pasthi kaku atine gurune | yèn tan bisa nglarasa pribadi | karantêne kaki | ywa pêgat amêsu ||
37. mêsu ati lawan mêlèk bêngi | amrih tyas sumrowong | yèn wus padhang wong iku atine | samubarang ingkang dèn tingali | kacathêt ing galih | sakathahing wuwus ||
38. ngracut basa lan têpunging ngèlmi | sanitya kinaot | sakèh basa linaras pupuse | basa napi iku dèn maknani | rinujuk lan ngèlmi | panjing surupipun ||
39. yèn wus wignya mêthik basa Kawi | wignyanira wuwoh | iku nuli samantakna age | marang gurunira kang sayêkti | yêkti dèn isèni | sira marang guru ||
40. sarta lawan idining sudarmi | iya lanang wadon | kadi gluga sinusur sarine | sudarma sih guru angidini | iya iku kaki | hidayat satuhu ||
41. basa hidayat tuduhing Widhi | kang katampèn mring wong | sakèh basa cinathêtan kabèh | yèn kacathêt rêricik dèn anggit | gêrêgêt ginigit | tan wus jroning kalbu ||
42. iya iku hidayat sayêkti | yêkti yèn rinojong | mring Hyang Suksma apa sakarêpe | umanuta nabi wali mukmin | wignya nganggit ngèlmi | tan ana kang muruk ||
--- 33 ---
43. iya saking karsane pribadi | nganggit sakèh primbon | sarta nganggit kitab suluk kabèh | iku saking bawaning wong brangti | wong subrangtèng Widhi | widigdèng jro kalbu ||
44. yèn wus wikan sasmita kang lungit | tan kêna alamong | uworana sabisa-bisane | aja ngêpak wignyane sasami | nanging dèn upèksi | tunaning pamuwus ||
45. aja kêtara sêmune ngèksi | guyu sênêt adoh | yèn kawawas têmahan mangsane | kucêm ing tyas apan ta sirèki | dadya têmah cêngil | elik wêkasipun ||
46. yèn sira nèng ngarsa sarjana di | dèn bisa rumojong | sira wruha sakarsa-karsane | wignya nulis aja dadi carik | sira bisa maling | aja saba dalu ||
47. wiku rêsi amicara ngèlmi | ywa sulayèng takon | wor ing dhalang ywa muni santrine | saciptane tutên ywa ngewani | dadya sira iki | tan kontap jro kalbu ||
48. kayaparan rèhira dumadi | amung amangkono | datan liyan ing sangkanparane | ing durgama gyan duga mangèsthi | sumukirèng ati | iku dalanipun ||
49. dudu karsane dhewe kang tampi | lan sihe Hyang Manon | ing tumuwuh mapan darma bae | suka duka lara lawan pati | wus pinasthi-pasthi | takdire Hyang Agung ||
50. lawan sira ywa kawongan kucing | ywa mèmpêr sagawon | aja sira lir liman ambêge | aja kadi
--- 34 ---
lutung wanarèki | ywa mèmpêr trênggiling | lan si mamrih madu ||
5. Dhandhanggula
1. bêcik tuture Sèh Tekowardi | sabarange pan maksih satêngah | sumendhe ingkang agawe | nora kêparèng ngayun | tan atilar dugi prayogi | sabarang bêbênêran | tan atilar kukum | nêtêpi yudanêgara | tutur ingsun sadaya kang muni tulis | samya dèn kawruhana ||
2. wus lumrahe wong urip puniki | kudu luwih lan sasama-sama | nanging ana pêpancène | pinasthi mring Hyang Agung | ingkang dadi gêdhe lan cilik | kang sugih lan musakat | mapan takdiripun | kang wignya kalawan ora | nadyan silih gêgulanga kongsi bukti | yèn dhasar bodho bubrah ||
3. basa bubrah wêkasane mati | pae lawan kang pasthine wignya | pintêre non tinon bae | nanging tan tinggal wuruk | singa pintêr nuli dèn ungsi | tan etung basa wirang | dènnya pêksa luhung | nadyan dipun gêguyua | ing sinau marang sujanma linuwih | miwah kang budi tama ||
4. besuk pintêr dèn anggo pribadi | angluwihi lan sasama-sama | dadi sujana arane | ingkang pasthi balilu | yèn winulang ciptane isin | ginuyu ing akathah | dènnya tuna luput | bodhone sangsaya dadra | pangrasane awake pintêr pribadi | tan arsa dening warah ||
--- 35 ---
5. iya iku dadine kang janmi | duk alite dèn ugung ing yayah | katuwan nyusu biyunge | anak dadi balilu | bocah iku drêma nglakoni | balilu lan musakat | saking bapa biyung | pae lawan wong atuwa | marang anak tan arsa katuwan sapih | malah kapara kurang ||
6. watêkane yèn micara uwis | mapan lêpas pasanging graita | wêweka winêngku kabèh | budi ala lan ayu | wus wantune atimbang dhiri | marma kang paribasa | yèn wus dhasaripun | yèn ala masa bêcika | ingkang bêcik dèn kon ala nora kêni | mulih-mulih mring dhasar ||
7. yèn wong ala samubarang kardi | datan arsa malêlêng kewala | jêr atine lumuh kabèh | yêkti enak wong nganggur | awak abot tan bêtah ngêlih | nêdya turu kewala | talapukan suthup | yèn mangan tan arsa kurang | barang katon dèn mangsa tan idhêp isin | amrih dubure amba ||
8. basa dèn ajak salah ing budi | sukanipun kaya wong kondangan | ujar tan mêtu kringête | watêkipun alêngus | sumantana lawan kumaki | dèn ajak têtukaran | iku sukanipun | tan kadi janma utama | datan arsa ing wirang rêmên tabêri | sinau barang karya ||
9. datan pêgat dènnya asêsirih | barang pinangan niyat atapa | lawan ana pakolèhe | yêkti lamun ngalumpuk | yèn mêlèka kalawan bukti | mapan satugêl dina | ya pamalêsipun | kaluwihane Hyang Suksma | pan sadina anulya winalês malih | apan sadasa dina ||
--- 36 ---
10. ing kamurahanira Hyang Widhi | sing sapa cêgah turu lan mangan | pan lêlima pinanggihe | sinung tingal kang lêmbut | kang sinêdya agêlis prapti | kalis sakèhing beka | upama wong iku | yèn nora nglakoni wirya | anak putu ing têmbe iku nêmahi | tan kurang sandhang pangan ||
11. ingkang guna asarana sêkti | samya wiwit tabêri ing kina | dadya luhur darajate | dene yèn sampun punjul | kapintêran ing wong sasami | tumitah anèng dunya | kabèh wêkas ingsun | aja katungkul ing nala | barang karya elinga wêkasing pati | pratingkahing agêsang ||
12. aja lèrwèh sira maksih miskin | pangot lading kari anèng jaba | dipun angeman ilange | tan ana tunggalipun | nora ana ginarap wuri | barang kang sira pangan | sawatawisipun | nganggoa duga prayoga | sakadare pan sira tinitah miskin | aja sadaya-daya ||
13. lamun sira tinitah asugih | dèn wêruha kasugihanira | dèn kalal sarta jakate | sêdyanên dadi sangu | angulati ngèlmu sajati | sidhêkah aja pêgat | dana dèn lumintu | asung sandhang wong kawudan | asung pangan sakathahing pêkir miskin | sakèh janma kasihan ||
14. bandhanana wong kang sêtya miskin | kang utama mapan sawatara | apan rumêksa dadine | marang raganirèku | aja pêgat angolah puji | tulusira wibawa | ing pitutur ingsun | apuluh sira kumêda | marang dunya yèn akèha milalati | bandha anggawa nyawa ||
--- 37 ---
15. lamun sira tinitah priyayi | aja dhêmên sira saba desa | camah suda darajate | balik kang dèn amêngku | mring wong cilik dèn wutah bukti | prihên trêsna ambapa | pangucap dèn alus | sakathahe kancanira | pan ciptanên kadangira tunggil bibi | awèh raharjanira ||
16. lamun sira tinitaha kaki | pan kinarya jaksa amradata | dèn kadya traju èsthane | tajême timbangipun | pêpakême aja gumingsir | aja melik ing dunya | yèn tan bênêr iku | lan aja keguh ing srama | wong kang padu lir ulam anèng jro warih | kalêbu ing bêbara ||
17. êntasêna saka ing piranti | pincatana girahên lan toya | kumbahên sabarêsihe | ratêngana lan tutur | ragènana lawan pisaid | panggangên lan pariksa | godhogên lan urub | urubing nirna kumala | ina jaksa jêjênêng paliwarèki | yèn ora mangkonoa ||
18. jaksa jêjênêng paliwarèki | rumasaa yèn sinilih sabda | ênênging ratu adile | jaksa lir gêni murub | amadhangi ing wong sanagri | surêm ingkang nagara | yèn tan bênêr iku | yèn tan keguh ing sêmara | utamane kalamun kang jaksa êning | tan arsa ing rêruba ||
19. jaksa iku lamun amiranti | angrakita karananing janma | anyênyungah kang tan sarèh | elingan tan gumunggung | sapa sira kang kaya mami | upamane
--- 38 ---
singidan | anèng pang kang luhur | buktine godhong salêmbar | supradene[8] cêcukulan dèn rasani | angalap darbèking lyan ||
20. kèh bawane wong angalap asil | panyarikan alingan karopak | pucuking pangot rêmite | srati alingan angkus | ki kêmasan alingan api | sungging anijra warna | kaki tuwaburu | pan iku pakaryanira | upayanên wêwêlah kalayan jaring | ngrakit wijiling tindha ||
--- 39 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
janma : manungsa
jalu : lanang
luhung : luwih
ragane : badane
amiyarsa : krungu
wardaya : ati
kalingling : tansah diawasake
uninga : wêruh
sungil : angèl
sadarum : kabèh
carêm : awor
tumuwuh : urip
nglapa : ngêlih
kasidan : pati
kalbu : ati
raga : awak
ayu, rahayu : slamêt
wrêksa : kayu
tyasnya : atine
wignya : pintêr
ujar : omong
wiyose : wêtune
muwus : omong
kalbu : ati
gulanga : sinaua
sira : kowe
tumon : wêruh
kawuwus : diomongake, kacrita
kinarya : ginawe
--- 40 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
sangkrip : aling-aling
nala : ati
sujanma : uwong
pilih : arang, langka
wikana : ora wêruh
ngong, ingong : aku
ujar : omong, pitutur
ingsun : aku
ujar manis : omong kang nyênêngake
lamun : yèn
cêla : cacad
binerat : binuwang
priya : lanang
dudu : ora bênêr, salah
karantêne : mulane
sawuruking : sapiwulanging
dèn : di
wicara : omong
awèh kaya : awèh pangan
tumuwuh : urip
marga : dalan
lalis : mati
aja tungkul : aja pijêr
bêndu : nêpsu, duka
priya : lanang
durta : laku ala
kênya : wadon, prawan
linuhung : linuwih
ngupaya : nggolèk
--- 41 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
bukti : pangan
wurukên : wulangên
kalbu : ati
tyas : ati
muwus : omong, ngandika
wignya : pintêr
sunu : anak
popoyan : kandha
kalbu : ati
suka : bungah
ratri : bêngi
brawala : padu
agung : gêdhe
aywa : aja
wisma : omah
andulu : ndêlêng
karya : gawe
janmi : uwong
priya : lanang
juti : purun nyênyolong
kênya : wadon
kalbu : ati
manjing : lumêbu
kewala : dhewe, bae
rêngu : duka
ripunên : rih-rihên
rêngu : duka
sisip : luput, salah
tilam : pasareyan
--- 42 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
guling : turu
uninga : wêruh
duta : utusan
datan : ora
karya : gawe
wibawa : kajèn kèringan
Nata : Ratu
kalbu : ati
dadya : dadi
manjing : lumêbu
dursila : panggawe ala
agung : gêdhe
siwi : anak
sirèku : kowe
wanodya : wadon
sunu : anak
ingsun : aku
bukti : pangan
wuntat : mburi
jalu : lanang
wuntat : mburi
ujar : omong
lampus : mati
widagda : pintêr
jayakawijayan : kasêktèn
anggugulang : sinau
nala : ati
nendra : turu
guling : turu
--- 43 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
asma : jênêng
luhur : dhuwur
dama : bodho
wèni : rambut
wardaya : ati
lir : kaya
nyirnakêna : ngilangêna
yudanagari : pranataning nagara
sasmita : wangsit
kinarya : ginawe
pana : awas
wignya : pintêr
ujar : omong
angruruh : nggolèk
kêthuh : rêgêd
sarkara : kêmbang
raga : badan
uninga : wêruh
grana : irung
karna : kuping
darbe : duwe
karwa : kiwa
ndarbèni : nduwèni
lawan : karo
purwanipun : wiwitane
sapraptane : satêkane
binagya : dibagèkake
sabdane : ngandikane
gupuh : enggal-enggal
dènnya : anggone
--- 44 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
angling : ngandika
sadarum : kabèh
akhir : wêkasan, pungkasan
ngatag : akon
pasihane : paringane
mojar : omong
gupuh : enggal-enggal
bukti : mangan
asru : bangêt
waspa : luh
muwun : nangis
prapta : têka, têkan
wisma : omah
pamuwusan : donga-donga
pindha : kaya
wrêksa cêndhana : kayu cêndhana
tan, datan : ora
sun, ingsun : aku
rukmi, kancana : mas
wênang : kêna
mêsu tingal : ngêningake
samya : sami
sarwi : sarta
sikêp pêdhang : ngasta pêdhang
kagutuk : kabalang
anyêngguta : mangana
wirayating tulis : unining tulis
angling : muni
pupuse : wose
kalbu : ati
--- 45 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
nelad : niru
basuki : slamêt
nggulang : sinau
ênting : êntèk
bukti : mangan
ragi, raga : badan
karantêne : mulane
wijil tapa lan rêmbêsing madu : turuning wong tapa trahing satriya
trahing danawarèh (warih) : trahing wong dhêmên wêwèwèh
nglarani ragi : nglarani awak (tirakat)
katonton : katon
wasis : pintêr
astanane : padunungane
lulurunge : dadalane
pajar : pitutur padhang
grana : irung
pribadi : dhewe
wuruk : wulang
anglèjêmi : nyasmitani
uning : wêruh, ngêrti
tyas : ati
dhêdhêngkul : atine kêthul
pilih : arang
ngrampidi : mekani, nalêsihake
rarampène : ubarampene
pilih : langka
wisik : ngêrti mêtu saka atine dhewe
--- 46 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
tyas : ati
undhaking papadon : undhaking panyurasane atine dhewe
guru kang linuhung : landhêping atine dhewe
awèh uwit : awèh pokoke
pêcahing basa : yèn wis padhang atine
ywa pêgat amêsu : tansah mindêng dirasakake
sanitya kinaot : pinunjul
pupuse : khake, wose
sudarmi : bapa
kalbu : ati
tan ana : ora ana
wong branti : wong kasêngsêm
widagdèng, widagda : pintêr
wikan : wêruh
lungit : gawat
alamong : bingung
ngêpak : ngina
upêksi : wêruh
tunaning pamuwus : salahing omongan
ngèksi : ndêlêng
kêparêng ngayun : kapara ngarêp
pae : beda
lawan : karo
non-tinon : ngrungu wêruh
luhung : luwih
janma : wong
miwah : lan
--- 47 ---
Têmbung-têmbung ingkang awis-awis kocap wontên ing paginêman ... Jarwanipun
pribadi : dhewe
pae : beda
kardi : gawe
kewala : bae
dèn mangsa : dipangan
barang karya : samubarang pagaweyan
datan pêgat : tansah lumintu
asisirik : ngungurangi
sinung, kasinungan : kaparingan
guna : pintêr
nala : ati
barang karya : sakabèhe kang ditindakake
lèrwèh : ora gêmi, gêmampang
wuri : mburi
sadaya-daya : sakarêp-karêp
angulati : anggolèki
aja pêgat : tansah
asung : wèwèh
janma kasihan : wong kang kurang sandhang-pangan
wibawa : sugih singgih
wutah bukti : loma wèwèh
srama : pangan
lir : kaya
warih : banyu
tutur : piwulang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar