Jumat

Suluk Malang Sumirang


Dosa gung alit tan den singgahi
ujar kupur kapir kang den ambah
wus liwung pasikepane
tan andulu dinulu
tan angrasa tan angrasani
wus tan ana pinaran
pan jatining suwung
ing suwunge iku ana
ing anane iku surasa sajati
wus tan ana rinasa
Pan dudu rasa karaseng lathi
dudu rasane apa pa lawan
dudu rasa kang ginawe
dudu rasaning guyu
dudu rasa kang angrasani
rasa dudu rarasan
kang rasa amengku
sakehing rasa karasa
rasa jati tan karasa jiwa jisim
rasa mulya wisesa
Kang wus tumeka ing rasa jati
sembahyanging tan mawas nalika
luwir banyu mili jatine
tan ana jatinipun
mona muni turu atangi
saosiking sarira
pujine lumintu
rahina wengi tan pegat
puji iku rahina wengi sireki
akeh dadi brahala
Pengunguningsun duk lare cilik
nora Selam dening asembahyang
tan Selam dening pangangge
tan Selam dening saum
nora Selam dening nastiti
tan Selam dening tapa

nora dening laku
tan Selam dening aksara
nora Selam yen anut aksara iki
tininggal nora esah
Selame ika kadi punendi
kang ingaranan Selam punika
dening punapa Selame
pan ing kapir iku
nora dening mangan bawi
yadyan asembahyanga
yen durung aweruh
ing sejatining wong Selam
midera anglikasan amontang manting
jatine kapir kawak
(Suluk Malang Sumirang)
Terjemahan:
Dosa besar kecil tak diketahui
bilang dengan topik kufur dan kafir
sudah kacau pandangannya
tak melihat-lihat
tak merasa dibicarakan
sudah tak jelas arah
memang sungguh kosong
dalam kekosongan itu ada
dalam adanya itu rasa sejati
sudah tak dibicarakan.
Memang bukan rasa yang dirasakan
bukan rasa apa-apa
bukan rasa yang dibuat
bukan rasa ketawa
bukan rasa yang merasakan
rasa bukan pembicaraan
rasa itu meliputi
segala rasa yang terasa
rasa jati tak terasa badan raga
rasa mulia terkuasai
Yang sudah sampai rasa jati
sembahyangnya tak melihat itu
seperti air mengalir sejati
tiada sejatinya
bicara tidur bangun
segala geraknya

Berdoa selalu
siang malam tak henti
memuji itu siang malam
banyak jadi berhala
pendengaranku saat masih kecil
bukan Islam tanpa tertib
bukan Islam tanpa tertib
bukan Islam tanpa bertapa
bukan tanpa laku
bukan Islam tanpa aksara
bukan Islam tanpa aksara ini
ditinggal tidak sah
Islamnya itu seperti apa
yang disebut Islam itu
karena apa Islamnya
memang orang kafir itu
bukan karena makan babi
meski sembahyang
kalau belum tahu
pada kesejatian Islam
keliling kesana kemari
sebenarnya kafir kawakan

1 komentar: