Kitab Ushulul Ma’rifat
TARJAMAH : SYEH HAJI MUHAMMAD SIROJ ARIF BILLAH
Bismillaahir rahmaanir rahiim
Alhamdu lillaahi wahdahu laa
syariikalahu washshalaatu was salaamu ‘alaa rasuul llaaahi wa ‘alaa
aalihi wa shahbihii wa man wa laahu laahawla wa laa quwwata illaa
billaahi. Asyhadu al laa ilaaha illallahu allaahu wahdahu laa
syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rasuuluhu ammaa ba’du.
Faqaalasysyakhus siraajul ‘aarifu qad allaftu kitaaban almusamma bi
ushuulil ma’rifati wat tawhiidi wa ja’altuhaa abwaaban albaabul awwali
fii bayaani tafsiimil bismillaahi ay ‘ilmal bismillaahi wasirra ahruu
fihaa liannahaa ibtidaau kulliamrin waghayatuhaa wa ibtidaau kulli
kitaabin minal qur aanil kariimi ilaghayrihaa.
Artine mangkene :
Panjenengane Syeh Siroj ‘Arif
Billah ngandika wus temen-temen nganggit sapo ingsun ing kitab kang den
arani Ushulul Ma’rifat lan ugo di arani Ushulut Tauhid.
Lan kitab iku di dadekake kanti pirang-pirang bab utawi pirang-pirang
fasal : Dene utawi bab kang sepisan iku nerangake bahasane lafat Bismillah.
Tegese nerangake isine lafad Bismillah lan nerangake pengerten artine
lafad Bismillah lan pangerten isine harupe lafad Bismillah. Jalaran
saktemene Bismillah iku dadi kawitane sekabehane perkoro. Lan dadi
pusangkasane sekabehane perkoro. Lan ugo dadi kawitane sekabehane kitab
awit saking kitab Qur an maring liya-liyane. Dadi yen siro arep
mangertene sejatine allah iku kudu
mangerteni ing isine lafad Bismillah. Yen siro arep mangerteni alam sak
isine iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah. Yen siro arep
mangerteni ing isine ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine
Bismillah.Yen siro arep mangerteni kembange ilmu iku ugo kudu mangerteni
ing isine Bismillah.Yen siro arep mangerteni ing wohe ilmu iku ugo kudu
mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep mangerteni ing pathoane
ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro arep angerteni
ing dadunge ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine Bismillah.Yen siro
arep angerteni ing akehe ilmu iku ugo kudu mangerteni ing isine
Bismillah.Yen siro arep angerteni ing shalat ilmu iku ugo kudu
mangerteni ing isine Bismillah.
Wis cekae arep mangerteni opo wae
iku kudu mangerteni ing isine Bismillah sampek mas-alah dhahir bathin
awal akhir iku iku kabeh kamot ing Bismillah. Mulo
wang lanang wadon iku wajib mangerteni ing artine isine lafad
Bismillah. Yen siro kasi ora ngerteni lan ora weruh ing artine Bismillah
iku dadi kafir.
Tegese mripat lan atine isih
kaling-kalingan, tegese wong iku durung biso ma’rifat billah kang
sampurno senajan wong iku mau wus sampurno utowo wus kuncoro alim olehe
munduk wus sewu tahun.lan gurune wus sewu guru. Lan kitabe wus sewu
kitab. Lan muridewus pirang-pirang ; tegese wus ewon-ewon. Lan biso
mlaku ono sakjerone banyusegoro tanpo prahu. Lan biso mlaku sakjerone
bumi. Lan biso metu awang-awang tanpo tumpaan. Lan selulup ono ing geni
tanpo kroso panas lan biso ngilang. Lan jopo opo wae duwe. Lan ibadahe
luweh khusuk yen dongo opo kang dituju teko, tapi wong iku mau kok ora
weruh lan ora ngerteni ing artine lan isine lafad Bismillah lan isine
huruf lafad Bismillah maka isih kafir ‘Ibdallah. Senajan wong iku turun
kiyai utowo turun wali utowo turun turun wong alif lan turun nani pisan
iku mau yen ora ngerti ing isine Bismillah ugo isih kafir ‘ibdallah,
islame isih ‘Indannas. Dene yen wis ngerteni lan biso weruh ing artine
Bismillah lan isine hurupe lafad Bismillah . senajan wong mau turun Jawa
utowo turun Cina utowo tiurun Walondo utowo turun butho. Lan senajan
wujud Jawa utowo wujud Walondo utowo wuyjud Cina utowo wujud butho utowo
wujud Dayak lan sak piturute iku wus Islam ‘Indallah. Mulo yen siro
kepengin dadi wong Islam ‘Indallah mbuh wong lanang mbuh wong wadon mbuh
tuo mbuh enom podo ngestokno lan nemen-nemenono gulek pangerten
mangerteni ing artine lan isine hurupe Bismillah. Pomo-pomo ojo sembrono
lan ojo kasi ora ngerti ing isine Bismillah. Yen ora ngerti mongko ora
afsoh kabeh amale lan ora diterima deneng Allah, mongko ibadah ora afsoh mongko tobat ora diterima.
Banjur ngancik fasal nerangake Alipe Bismillah.
Dene Alipe lafadl bismillah iku
satemene alif ahadiyah. Lan diarani alif dzatulwahid. Tegese alif yaiku
tondo anane ahadiyah. Tegese tondo anane dzat sejati. Lan nyatane anane
pengeran yaiku nyatane anane Allah belaka. Yoiku kang duweni Cahyo Urip.
Urip tunggal kang nguripi iyo iku kang den arani Banyu Nur Alif. Lan
den arani banyu sejati. Lan den arani ratu ning banyu. Lan den arani
urepe Allah. Lan den arani tunggal karupate. Pati tunggal karo urip.
Naliko semono iku Allah durung berahi wujude isih wujud mahdhi tegese
wujud kang sakwaca. Tegese tegese iseh wujud tunggal urip tunggal rasa
tunggal ora ana liyo-liyo kajobo Allah kang nyata. Ya mangkono iku den
arani La-ta’yun tegese durung ono kang ngerteni wujude Allah babar
pisan. Tegese isih wujud Dewe
tanpo ono kang maujudake urip dewe tanpa ono kang nguripake jumeneng
dewe tanpo ono kang Jumenengake. Mula den arani wujud mahdhi lan wujud
Dzat Sejati. Dalile ono kitab suci Al Qur’anul Karim mangkene Qul
huwallahu ahad artine mangkene Dawuhno Muhammad
marang ummat kabeh, Yen saktemene Allah iku naliko durungberahi tegese
naliko durung kerso andadeake kabeh alam isih wujud tunggal urip tunggal
rasa tunggal. Yaiku katarangane isine Alipe lafad Bismillah. Wallahu
a’lam.
\ Fasal nyeritaake Ba’e lafadl Bismillah.
Dene Ba’e lafat Bismillah iku
tuduh anane Wahdah. Anane wahdah iku nuduhake sifat sejati. Lan ingkang
aran sejatine Muhammad. Lan ingkang aran Hakekate Muhammadiyah.
Dadi lamun ana womg kok ngaku Muhammadiyah, tapi kok orak ora ngerteni
artine Bismillah iku durung Muhammadiyah sejati. Lan uga den arane
nyatane Dzatullah, banjur ana sejatine Nurullah. Lan den arani sejatine
Nur Muhammad, lan den arani nyatane kenyatahane Allah iya iku kang
dadiwijine sekabehane alam.Dadi ngertiya yen alif ladl bismillah iku
kang dadi wijine sekabehane urip lan wijine sekabehane ruh. Dadi wujude
apawae lan sekabehane apawae lan sebehane barang kang dumadi iku ora
liya mung songka ba’e lafadl bismillah dadi ba’e lafadl bismillah iku
kena diarani wijine sekabehane alam. Dadi uripe sekabekabehane alam lan
dlahire sekabehane alam iku ora liya mung songka alipe lafadl bismillah
lan ba’e bismillah. Kerana alipe lafadl bismillah lan ba’e lafadl
bismillah iku dadi bapae lan ibune sekabehane alam. Dene alipe lafadl
bismillah iku den arani sejane Nurullah dene ba’e lafadl Bismillah iku
den arani sejatine Nur Muhammad nuli sakwuse mangkono Nurullah lan Nur
Muhammad iku mahu banjur kumpul dadi suwiji nganti ora kena di bedake
babar pisan. Mulane kumpule Nurullah lan Nur Muhammad iku mahu kena den
arani kumpule lanang sejati marang wadon sejati iya iku kang den arani
Nur Ma’an nur dalile dawuhe Allah Ta’ala katerangan ana kitab suci
Al-Qu’anul Kariim mangkene: Nuurun ‘ala nuurin yahdillaahu linuurihi man
yasyaau yakhribullaahul amtsaala linnaasi wallaahu bikulli syaiun
‘aliim. Tegese anane nur iku mau kerana setuhune gusti Allah arep
nuduhake marang wong-wong kang den kersaake lan dadi conto saka Allah
marang kabeh manusa yen sak temene Allah iku ngerti marang kabeh barang
dumadi. Telas keterangane anane isine Ba’e lafad Bismillah.
\ Fasal nyeritaake isine Sine lafad Bismillah.
Dene Sine lafadl Bismillah iku
tuduh anane wahidiyat iya iku nuduhake anane ilmu telu lan asma telu.
Karena ilmu telu lan asma telu iku sak temene wis ana Sin kano. Dene
kang den arani ilmu iku mangerteni Ahadiyat, wahdat, wahidiyat. Dene
kang diarani asma telu iya iku: Allah, Muhammad, Adam.
Tegese Allah iku Dzad Sejati, Muhammad iku Sifat Sejati, dene Adam iku
Asma Sejati iya iku nyatane Rasul.Tegese kang dikarepake rasul iku nur
kang uripe saking nuurullah iku nyatane adam. Adam kang dadi bapa-ane
manusa kabeh. Mulane manusa iku kena diarani metu songka Adam.
\ Fasal nyeritaake Mime lafadl Bismillah.
Dene Mime lafadl Bismillah
nyataake anane Roh Idlafi. Dene Roh Idlafi iku nyatane anane manusa
sejati yaiku sejatine kang jinaten marang sejatine tan kena diwedar
yaiku jasat nglimputi badan yaiku nyatane anane af’al sejati. Dene
gandenge sin lan mim iku nuduhake anane ‘Alam Arwah lan ‘Alam Misal lan
‘Alam Ajsam lan ‘Alam Insan Kamil yaiku nyatane asmane Allah yaiku
nyatane asmane dzat mutlaq. Tegese nyatane Muhammad kang dadi ganti dzat
kang nyata. Dadi dzat kang sejatiiku Allah dzat kang nyata iku
Muhammad. Lan kena diarani dhahire iku Muhammad. Haqiqate iku Allah.
Dadi yen ditingali songka dhahir polah tingkahedzat mutlaq tapi yen
ditingali sangka haqiqate polah tingkahe dzat sejati. Mula kabeh iku
kena diarani kahanane pangeran lan kena diarani kenyataane Allah ta’ala.
\Dene sejatine Allah iku tan asma
Allah sejati iku Dzat. Asma Allah iku Rahman, tegese nyatane Muhammad
yaiku nyatane Alam Ajsam yaiku nyatane asmane rasul rupane Adam Idlafi.
Dadine arane Bismi yaiku jisime Allah lan kena diarani Jisim iku
negarane Allah yaiku nyatane asma telu; Jasad, Urip, Allah yaiku kang
den arani Asma Telu kang den aku Wujud Tunggal lan den kena diarani Dzat
Mutlaq. Dadi badan sak nyawane nyata tunggal banyur kenaden arani Wujud
Mutlaq Dzat Mutlaq. Yen mangkono kena den arani Rlan kena den arani
Rasa Tunggal lan kena diarani kalimat Syahadat Loro tegese wus ngerti
sejatine Allah lan ngerti sejatine Muhammad. Lan wus ngerti sejatine
dhahir lan ngerti ing sejatine bathin, dhahire nabi bathine wali. Tegese
dhahire Muhammad bathine Allah. Lan den arani jasad Muhammad urip
Allah. Lan den arani dhahire kawula bathine Pengeran,” Tegese wus ngerti
ing sejatine badan lan ngerti ing sejatine urip,yaiku nyata sejatine
bapak lan biyung. Jalaran wus ngerti careme alif, lan careme sin. Banjur
nyata wis sekalir kang den basa’ake kayu loro pange siji ˇ rupane yaiku
patutane sifat Jalal lan sifat Jamal. Sifat Jalal iku Nurullah yaiku
lanang sejati sifat Jamal iku Nur Muhammad yaiku wadon sejati arane.
Sifat Jalal iku kuasa ngetoake wesi. Sifat Jamal iku kuasa ngetoake watu
yaiku campure wesi lan watu banjur dadi geni à Dene ibarate geni iku
campure raga lan urip yaiku kaweruhana kang nyata jalaran ora bakal ana
geni yen ora ana wesi lan watu. Lan ora bakal ora anak yen ora bapak lan
ibu. Lan ora bakal ana Wahidah yen ora ana Ahadiyah lan Wahdah. Jalaran
iku asale metu songka Ahadiyah. Ahadiyah ngelahirake Wahdah ngelahirake
Wahidah, Wahidah ngelahirake ing kabeh alam. Ahadiyah makame dzat
Wahdah maqame sifat Wahidiyah maqame asma kabeh alam maqame Af’al ora
ana Af’al yen ora ana asma. Ora ona asma yen ora ana sifat ora ana sifat
yen dzat. Jalaran kabeh Af’al, Asma, Sifat iku haqe Dzat. Mula kabeh
iku kagungane Dzat. Dadi yen wis bisa fana’ Dzat lan fana’ Sifat lan
fana’ Af’al banjur bisa Kamal. Jalaran wus kabeh bali utawa wus manggon
ana dzat kabeh. Yen wus bisa kamal banjur bisa Qahaar. Tegese dhahir
bathin wus bisa kumpul dadi suwiji lan kena den arani lorone tunggil
telune tunggal tunggal dadi suwiji. Mula sira mangerteyo kumpule jasad
ati roh rasa Allah sak jerone rasa wis kaya kumpule lanang sejati lan
wadon sejati. Nalika metune wisi lan watu lan campure wesi lan watu
yaiku campure banyu nur alif lan banyu nur ba’ iku kena den arani
Insaanul kaamil, Kaamilul Insaan. Dene asma rahiim iku arane asihe allah
yaiku nyatane badan nglimputi jasad iya aran nyata kang cinaten ing
sejatine yaiku ora liya iyo mung metu sangka sifat Jalaal lan sifat
Jamaal wis mung iku jalaran iki larangan kawedar sabda larangane kabeh
wali mung kudu nganggo isarat kersane Allah Ta’alaa.
Bab. Kaping pindo: Nerangake masalah Islam
Dene Islam iku ana loro. Kang
siji diarani Islam Naqish. Kang siji diarani Islam Kamil. Dene kang den
arani Islam Naqish iku Islam sepet supata getih, tegese Islam hukum
angger hukume wus Islam ora kena den patine ora kena den beleh jalaran
deweke wis Syahadat Syariat lan wis Shalat Syariat lan wis Zakat Syariat
lan wis Poso Syariat lan wis Haji Syariat. Mung Haqiqate durung
Syahadat lan durung Shalat lan durung Zakat lan durung Poso lan durung
Haji.
Beda karo Islam Sampurna, Islam
‘Indallah. Dene Islam Kamil iku Islam ‘Indallah iku Islam ora mungne
selamet tapi Islam mungne pasrah. Dadi sak jiwane sak ragane sak dunyane
sak akhirate kabeh wis dudu tanggung jawabe wis den pasrahake menyang
sing duwe kabeh ora ngengeh babar pisan, yaiku kang den arani Islam
Kamil lan Islam ‘Indallah, dudu Islam ‘Indan Nas, dudu Islam Naqish,
mula iku kawerohana beda – bedane Islam Naqish lan Islam Kamil lan eling
– elingen temenan. Jalaran yen Islam Naqish ik8u sak temene kurang
banget. Jalaran ora afshah ‘Indallah yen ‘Indan Nas iya wis afshah. Mula
iku lokak den karepake dawuhe Allah Ta’ala katerangan ana kitab suci
Al-Qur’aanul Kariim: Innad diina ‘indallaahil islaamu waman yabtaghi
ghairal islaami diinan falan yuqbala minhu.
Mula ora den terima jalaran mung
nekseni ora ngerti kang den sekseni shalate ora ngerti kang den shalate
lan ora ngerti jeneng shalat. Zakat ora ngerti kang kang den zakate
pasane ora ngerti kang den pasane. Hajine ora ngerti kang den hajine,
maka saktemene kudu sempurna syahadate, sempurna shalate, sampurna
zakate, sampurna posone, lan sampurna hajine pisan. Kabeh iku ora dunya
ora akhirat mung kari Allah. Wallahu A’lam.
Bab. Kaping telu: Nerangake derajate manusa kang iseh oleh pitulung
Tegese isih oleh pitulung deneng
Allah yaiku: 1. Derajat ‘Ubad, 2. derajat Muhibbin, 3. Derajat Muttaqin,
4. Derajat Shalihin, 5. Derajat ‘Arifin.
Dene Derajat ‘Ubad iku derajat
bocah kang isih cilik utawo derajat tukang preman. Dadi geleme nglakoni
perinta kerana ana opah. Yen shalat ngarep-arep marang ganjaran, poso
ngarep-arep ganjaran, zakat ngarep-arep ganjaran, haji ngarep-arep
ganjaran, ngaji ngarep-arep ganjaran, wiridan ngarep-arep ganjaran, maca
Qu’an ngarep-arep ganjaran, kabeh kang kerjani uga ngarep-arep ganjaran
babar pisan ora ana kang kaliwatan kabeh amale jaluk ganjaran yaiku
derajat ‘Ubad arane.
Dene Derajat Muhibbin iku
derajate wong demen negese demen marang demen ninda’ake perintahe Allah
perkara upah kari sak kersane allah dhahir bathin ora duwe pengarep-arep
babar pisan. Kaya mangkono iku derajate Muhibbin, amung ngemban dawuhe
Allah marang kanjeng nabi Muhammad, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an :
“ Qul inkuntum tuhibbuunallaaha fatta’uuni yuhbibkumullaahu wa yaghfir lakum dzunuubakum’’.
Artine Wahai Muhammad, ummatmu
kabeh caritanana mangkene “Wahai ummatku kabeh, yen temen-temen demen
sira kabeh marang Allah manuta sira kabeh ing ingsun.sak temene sira
kabeh gelem ninda’ake marang perintah perintahe gusti Allah kaya oleh
ingsun ninda’ake sira kabeh bakal den trisnani marang Allah lan den
ngapura kabeh keluputane dhahir utawa bathin.
Dene Derajat Muttaqiin iku
derajat wong kang pada wedi marang Allah malah-malah deweke iku kabeh
pada ngrumangsani dadi kawuka uen kasi ora ninda’ake perintah perintahe
Allah kuwatir di seksa utawa den bendoni utawa di uring-uring ora kerana
ngarep-ngarep opah, jalaran olehe kaya mangkono iku ningali dawuhe
Allah Ta’ala. Katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Kariim mangkene.
“ Yaa ayyuhan nasu’buduu
rabbakumul ladzii khalaqakum wal ladziina min qablikum la’allakum
tattaquun. Fattaqun naaral latii wa quuduhan naasu wal hijaaratu u’iddat
lilkaafiriin’’.
Artine mangkene: Hai eling-eling
para manusa sira kabeh pada bektiyo tegese pada nindakno kang dadi
perintahe Pengeran ira kabeh yaiku kang dadekake ing sira kabeh lan kang
dadekake ing wong-wong kang sak durunge sira kabeh yen pancen sira
kabeh iku pada dadi wongkang taqwa tegese wedi marang siksa lan bendu.
Sira kabeh pada wediyo temenan marang siksa neraka. Jalalan neraka iku
urub-urube manusa lan watu yaiku mangkene iku den arani derajat wongkang
pada Muttaqin.
Dene Derajat Shaalihiin iku
derajat wong ahli adab, tata krama marang Allah. Deweke rumangsa dadi
kawulane Allah tunduk marang Allah. Shalate anteng atine rasa taqwa,
tegese wedi marang Allah Ta’ala, kuwatir yen kelupytan lan andap asor
marang Allah kanti dingklukake raine tansah nyuwun maring Allah. Lan
tansah eling maring Pengeran lan kanti nyuwun tinarimane amal lan nyuwu
supaya den bales amale kanti di paringi suwargo kang nikmat kalawan oleh
ridlane Allah. Lan ngedohi laku maksiat kabeh lakune kanti ngati-ngati,
mung sayange ora Fana’Dzat, ora Fana’ Sifat, ora Fana’Asma, ora Fana’
Af’al iku ora. Lan percaya yen Allah pengeran iku gusti sababe olehe
kaya mangkono iku gondelan karo dawuhe Allah Ta’ala, katerangan ana
kitab suci AlQur’anul Karim. “ Faqaala ta’alaa; Wa basysyiril ladziina
aamanuu wa ‘amilush shaalihaati anna lahum jannaatin tajrii min tahtihal
anhaar”.
Artine mangkene, Wahai Muhammad
bebungahen ummatmu kabeh yaiku wong-wong kang pada percaya yen Allah iku
pengeran, lan pada nglakoni wong-wong iku mau ing kabecikan, lan
wong-wong kabeh iku maupada duweni bagian suwarga. Iyo suwarga iku
panggonan ni’mat kang akeh nganti tekane ni’mat iku mau den serupa’ake
koyo miline bayu bengawan lan kabeh ni’mat iku mau pinongko kangge
rizqine wong ahli suwarga kono, yaiku wong Derajat Shalihiin.
Dene Derajat ‘Aarifiin iku
derajate para nabi lan para wali, yaiku derajat wong kang ngerti bakale
lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti omahe lan ngerti manggone
ngerti papane lan ngerti mapane lan ngerti lungane lan ngerti baline
lan ngerti mulehe. Dadi banjur ora rumongso duwe bekal lan ora rumongso
duwe gawe lan ora rumongso duwe dadi, lan ora rumongso duwe omah, lan
ora rumongsa duwe manggon, lan ora rumongsa duwe papan, lan ora rumongsa
duwe lunga, lan ora rumongsa duwe bali, lan ora rumongsa duwe mulih,
lan ora rumongsa duwe mapan, lan ora rumongsa duwe wujud, lan ora
rumongsa duwe rupa, lan ora rumongsa duwe seneng, lan ora rumongsa duwe
nikmat, lan ora rumongsa duwe marem, lan ora rumongsa duwe polah sak
piturute. Jalaran kabeh iku mau mung kgungane Allah. Kerana kabeh mung
wujud ‘Adam. Sing ‘Adam wujude, sing wujud ‘Adame aja maneh kok Amal
Duweha, wujud wae ora duwe apik ora duwe, ola ora duwe, urip ora duwe.
mula kaya mengkono iku pada retinana sing temenan.
\Yen kasi ora ngerti banjur ngaku
barang dudu otheke iku jajal pikiren sing temenan mumpung durung
kebacut. Dadi yen sira bisa ngerti yen sejatine wujud iku wujude Allah,
kena den arani ngerti sejatine awak dewe, banjur ngerti ing sejatine
Allah, yaiku kena mangkono iku mula Allah dawuh mangkene;
“Man ‘arafa nafsahu faqad ‘arafa rabbahu’’.
Yen ora mangerti kaya mangkono
iku mau labok kaya apa olehe masyhur ‘alime mesti isih ngaku barang dudu
otheke. Yen ngaku barang dudu otheke dudu jeneng Arifin. Lan bakal den
jegoke karo sing duwe, nanging sa’rehne Allah Ta’ala iku adil banget
cara 0mah sing biasane amur Allah iya amur Allah. Sing biasane omah amor
mahluq iya omah amor mahluq wis mung nguno iku. Wallahu a’lam.
Bab. Kaping Papat: Nerangake Iman
Dene iman iku ana ing pirang-pirang macem;
\ Siji iku den arani Iman Ikrar.
Dene iman iqrar iku den arani iman wong ahli syare’at balaka, terima
angger wus ngucapake ing dalil Qur’an yaiku; “Aamantu billahi wa
malaaikatihii wa kutubihii wa rusulihii wal yawmil aakhiri wa bil qadri
khayrihi wa syarrihi minallaahi’’. Yaiku Iman I’da Alim pangucap belaka.
\ Loro iku den arani Iman
Tashdiq. Tegese iman Tasdiq iku wus anduweni kiyaqinan ana sa’jerone ati
‘andel ba’it anane Allah lan kitab Al-Qur’an iku wahyu sangking Allah
kaparingan marang kanjeng nabi Muhammad kangge pedoman nuntun marang
ummat kabeh. Lan percaya anane kanjeng nabi Muhammad iku petugase Allah
katugas mimpin ummat kabeh ajak marang kajujuran. Lan percaya anane dina
akhir iku ana piwales kabeh kang den lakoni ana donya. Lan percaya
anane pesthen olo becik saking Allah, bejo celaka uga saking Allah,
bungah susah uga saking kersane Allah. Kabeh iku mau uga isih Iman wong
Ahli Syare’at.
\ Telu iku den arani Iman Tashdiq
Iqrar, tegese iman tashdiq iqrar iku ucape ya iman atine ya iman tur
bukti buh titik buh akeh wis duwe gabungan kitab Qur’an utawa hadits iku
kabeh uga Iman wong ahli Syare’at.
\ Papat iku den arani Iman Yaqin.
Dene iman yaqin iku kebagi dadi loro. Siji iku den arani Iman Haqqul
Yaqin, dene Iman ‘Ainul Yaqin iku imane wong ahli thareqah, dhahire
kanti kerja mempeng kanti ridlane Allah percaya marang Allah kang paring
apa kang diseja lan paring dalan kang bener yaiku dalane sowan marang
ngersane Allah Ta’ala kanti depe-depe tapi durung bisa mangerteni
menyang sejatine Allah Ta’ala.
\ Dene Iman Haqqul Yaqin iku
imane wong ahli thariqah maneh yaiku percaya marang sejatine Allah kanti
adab, tegese tata krama lan depe-depe marang sejatine Allah kanti
ngeningake pikiran lan eling marang sejatine Allah iku dzat, bilaa
kayfin wa laa mitsaalin kanti ngangge pedoman kitab, olehe eling kanti
banget tegese nganti teka rasa nanging durung tumeka Fana’ sampurna lan
durung bisa Baqa’ keyaqinane isih didadekake diwujudake dirupaake
diarani digawe diselehake dilako’ake dilaraake dirasake dibisaake
dikuasaake dilungaake ditekaake lan sak piturute.
\ (5)Lima iku den arani Iman
Tauhid. Dene iman Tauhid iku imane wong haqeqah, yaiku wong sing ngerti
haqeqate sejatine Allah lan ngerti asale tegese ngerti bakale lan ngerti
gawene lan ngerti dadine lan ngerti manggone lan ngerti panggonane lan
ngert lungane lan ngert baline, lan ngerti tekane lan ngerti asale
maneh. Tegese asal Dzat yo bali marang dzat asal siji yo bali marang
siji,mapan siji papan siji amung siji pisah siji dadi wujud tunggal
urip, tunggal rupa tunggal aran, tunggal gawe, tunggal roso tunggal.
Tegese tanpa pisah tanpa amung kajabo mung tunggal. Dadi ora mlaku ora
mandeg ora obah ora meneng ya iku kang diarani imane wong ahli hakekat.
Sifate 20 wis ono kono tanpo nganggo .
\ (6)Enem iku ugo den arani Iman
Tauhid lan den arani Iman Hakikat tegese, percoyo suwijine Allah dadi
kabeh alam sak isine ora ono, tegese alam ora ono isine ora ono, jasad
ora ono urip ora ono wujud ora ono, rupo ora ono,aran ora ono gawe ora
ono, mung kari Allah bloko kang ono. Dadi ora ono loro kari siji yoiku
kang den arani iman tauhid, Tegese iyo mangkono iku iman wong ahli
tauhid lan wong ahli hakikat kang sejati.
\ (7)Pitu iku den arani iman
Ma’rifat yoiku ugo iman wong ahli hakikat dene iman Ma’rifat iku tegese
mangerteni badan alus kang ono sak jerone badan wadak. Lan mangerteni
bakale lan mangerteni gawene lan mangerteni dadine, lan mangerteni
panggaweane lan mangertene wujude lan manerteni rupane lan mangerteni
jenenge , lan mangerteni manggone, lan mangerteni kang dinggoni, lan
mangerteni lakune, lan mangerteni kang dilakoni, lan mangerteni kang
mlaku sak piturute, yoiku aran Ma’rifat. Percoyo koyo mangkono iku keno
den arani iman Ma’rifat. Yen ngerti kabeh mangkono iku mau kanthi
mbarengi hakikote banjur dadi iman ma’rifat lan iman hakikat lan keno
diarani ahli hakikat lan ahli ma’rifat lan ugo diarani Iman Kamil.
\ Dene iman kang nomer wolu(8)
iku den arani Iman Hakekat uga neka diarani iman sejatine, sejatine iman
utawa den arani Iman Ghaib. Tegese yaiku iman wong ahli Ghafirin. Dene
iman ahli ghafirin iku imane para nabi lan imane para wali lan imane
para mu’min haq. Wallahu a’lam.
\ (9)Sanga iku den arani Iman
Ghaib. Dene iman ghaib iku kudu percaya marang ghaib lan kudu ngerti
ghaib, soale percaya iku kudu ngerti disik, jalaran ora bisa iman marang
sejatine Allah yen durung ngerti menyang Allah. Sejatine kang diarani
wal ladziina yu¢minuuna bil ghaibi yaiku wong-wong kang ngerti ghaib lan
sing bisa yuqiimuunash shalaah, yen ora ngerti ghaib ora bisa iman
ghaib, yen bisa iman ghaib banjur bisa diarani yuqiimuunash shalaah. Sak
temene kang diarani ghaib iku Allah sing Akbar iku Alam. Yen wis iman
Allah lan Akbar tegese wis kumpul Allah lan Akbar. Akbar banjur ghaib
tegese akbar ilang kari Allah yaiku jenenge shalat, yaiku sing diarani
yuqiimuunash shalaah, dadi yen durung iman ghaib durung yuqiimuunash
shalaah, durung yuqiimuunash shalaah yen durung ngerti ghaib iki
kaweruhana sing temenan.
\ (10)Sepuluh iku den arani Iman
Ghaibul Ghaib yaiku uga imane Arifin lan den arani iman samare-samar Hu
aku Allah, ucape wujud Wujude Allah, alam telas dunia telas akherat
telas. Kabeh telas mung kari Allah kang ana Allah kene Allah kono Allah
iko Allah iki Allah sak piturute.
\ (11)Sewelas iku den arani Iman
Baqa’ yaiku langgenge iman tegese tetepe iman urip iman mati iman melek
iman turu iman iman mlaku iman mandek iman obah iman meneng, iman tegese
percaya lan eling ora pedot babar pisan. Yaiku mangkono iku kang den
arani Iman Baqa’. Wallahu a’lam.
\ (12)Rolas iku den arani Iman
Baqa’ul Baqa’, iku uga imane Arifin yaiku wong sing ora tau metu songka
Allah lan songka bumi Allah babar pisan.
\ (13)Telulas iku den arani Iman
Kamil, uga diarani iman wong Arifin yen di sawang khawaariqul ‘adah jare
kiyai ora tau shalat. Yen shalat ana ngendi – ngendi ana, terkadang
shalate petakilan, terkadang jaranan, terkadang ana bong – bongan bota,
terkadang ’ambune bergenggek. Tapi yen pituju kaya mangkono iku ora kena
den loake, yen den loake utawa den ina sing alak den bendone Gusti
Allah. Mula aja sok ina wong sing deweke ora ngerti.
\ (14)Patbelas iku den arani Iman
Kamil Mukammil lan uga kena dene arani imane ahli ‘Arifin maneh iya iku
terkadang kelakohane kaya wong gendeng, terkadang kaya wong kepalang,
terkadang kaya kere, terkadang kaya wong belontah wis laku maksiat terus
– terusan perlune kur yen aja ketoro apek babar pisan tur sejatine
ngerti ahadiyat, wahdat, wahidiyat lan ngerti ngisyiq ngasyiq mangsyuq;
lan keno den arani ngerti wijine nganti tukule nganti woh nganti dadi
wiji maneh, lan ngerti kumpule ngerti pisahe ngerti kumpule maneh nganti
dadi siji nganti wungkul maneh.
Pokoke di arani Iman Kamil
Mukamil iku dadi awit asal songka wungkul dadi wumgkul maneh, wis Hu aku
Allah, lan Hu Dzat kena den arani dhohire neng koplek, sejatine neng
Dzatullah dadi amur Allah iku gone ora neng masjid dunia kono. Kudu neng
masjid samar iku neng tengahe oro-orotarwiyah, dadi iya neng alas iya
neng kuto iya neng komplek yaiku luweh nyamari, tegese yen wong kang
durung ahli ora biso ngerti sejatine wong iku .sing ngerti sejatine wong
iku wong amor Allah lan wong seng amor nurullah belaka, iku uga klebu
iman wong ahli Arif yaiku para nabi para wali para mukmin haq. Yen wong
bisa iku suk ana imane Iman Kamil Mukammil nanging yen wong biasa maqame
ora Baqa’. Telas katerangan perinciane iman.
Bab. Kaping Limo: Nerangake Ahadiyah
Tegese den arani Ahadiyat iku
isine ora ana liyo-liyo kajobo mung Allah belaka. Dadi Ahadiyat iku kena
diarani omahe Allah, lan kena diarani negorone Allah, lan kena diarani
alame Allah. Nalika berahe alam ahadiyat iku kena den arani Lata’yun,
tegese durung ana kang ngerteni marang suwijine Allah Ta’ala. Nalika
semono iku kena diarani isih gung liwung lan lan kena diarani isih
wang-wang wung-wung ora ana opo-opo babar pisan sing ana isih Allah
belaka. Dalile mangkene Allaahu wahdahu laa syariikalahu: artine nalika
ahadiyah iku ora ora ana opo-opo sing ana mung Allah Ta’ala dewe ora ana
kang ngancani keduwe Allah babar pisan lan katerangan ana kitab Al
Qur’an mangkene: Faqaala ta’aala; Qul huwallaahu ahad. Artine mangkene,
Dawuhno Muhammad marang umat kabeh yen sejatine Allah iku malika isih
ahadiyah sing wujud isih Allah Ta’ala dewe# tegese nalika ahadiyah iku
langit bumi durung ana kena den arani jagat duirung ana, srengenge
rembulan durung ana, kabeh alam uga durung ana, dunya durung ana,
akherat durung ana, suwarga neraka uga durung ana, kabeh makhluk durung
ana, sing ana mung Allah dewe, wujude wujud dzat durung ana sipate,
Sipate isih sipat Jalal. Dadi isih wujud Tunggal urip, tunggal rasa
tnggal, tegese wujud dewe tanpa ana kang maujudake jumeneng dewe tanpa
ana kang jumenengake urip dewe tanpa ana kang nguripake awal tanpa ana
kawitane akhir tanpa ana pungkasane siji ora sangka wilangan kidhik. Iya
koyo mangkono iku kang den arani Wujud Muthlaq kelawan Ithlaq lan kena
den arani Wujud Mahdli tegese sing wujud isih sakwecone Allah Ta’ala
belaka, yaiku ora ana liyo-liyo maneh kajobo mung Allah dewe.
Dene wujude Allah Ta’ala naliko
iku wujud Khiya’ tegrse wujud padang gumilang ora koyo padange srengenge
lan ora koyo padange rembulan lan ora koyo padange lintang lan ora koyo
padange damar babar pisan, ora kang madani sekabehane kang wujud ono
alam duniya iki, yaiku den arani wujud nur tegese wujude nurullah kang
den arani Nur Jati tegese wujude sejatine Allah. Wallahu a’lam.
Bab. Kaping NEM: Nerangake Alam Wahdat
Dene wahdat iku wiwitane berahine
Allah Ta’ala yaiku suwijine Allah Ta’ala arep karsa nyataake sifate
Allah Ta’ala lan nyataake kuasane Allah Ta’ala lan nyataake kersane
Allah Ta’ala maka banjur kersa nyataake wujude sifat Nurullah kang
diarani sejatine nur Muhammad yaiku kang den arani Muhammadiyah lan kena
den arani sejatine nur Muhammad lan kena den arani sejatine Muhammad.
Dadi bener arane nyataake wujude sifat. Tapi sipat mau isih sinimpen ing
dalem dzat tegese nur Muhammad isih sinimpen ingdalem nurullah lan den
arani nur Muhammad isih sinimpen ingdalem lintang Johar lan kena den
arani dhahir isih sinimpen ingdalem bathin, bathin sinimpen ingdalem
ghaib. Dene wujude lintang Johar iku mau koyo kendel rupane mencorong
gedene tanpa ana wangenane, ketingal gumantung tapi tanpa ana cantelane,
ketingal murub tanpa ana sumdune lan tanpa lengo lan urube ora koyo
urube dimar lan ora koyo urube listrik, padange ora ana kang madhani,
mulo podo eling-elimgen yen sak jerone dhohir iku ana bathin, jerone
bathin iku ghaib. Mulo iyo iku contone asale nurullah. Banjur nurullah
nglaherake lintang Johar, lintang Johar nglaherake nur Muhammad nuqath
ghaib roh idlofi.
Nuli nur Muhammad nuqadh ghaib
ruh idhofi nglaherake kabeh alam. Mulo keno den arani wijine kabeh alam
iku lintang Johar. Lan kena den arani wijine alam iku nur Muhammad.mula
ngertiyo naliko wektu Ladzi. Tegese kang den arani wektu Ladzi iku
naliko waktune Allah Ta’ala arep kersa nglaherake nur Muhammad kanti
sampurno tegese arep sampurnaakekeberahehane iyo iku kerso ngetoake
cahyo murub olehe ngetoake songko lintang Johar kang arani sejatine
nurullah iyo mau tumetese dadi ruh idlofi yaiku calon dadi wadak nur
Muhammad. Nuli ngetoake cahyo putih utowo diarani nur putih,olehe
ngetoake ugo sang ko nurullah kang den arani lintang Johar, iku mau
tumetis dadi nuqadl ghaib kang calon dadi rasane nur Muhammad. Nuli
ngetoake cahyo luhur utowo diarani nur luhur, olehe ngetoake ugo songko
nurullah kang diarani lintang Johar iku mau tumetes wujud koyo koyo koco
kang bening tur kang bersih tur kang mencorong tur padang tanpo ana
kang mbandingi lan tanpo ana kang madani rupane agung tur luhur yaiku
nur Muhammad arane. Latelu-telune nur telu iku mau banjur den dade’ake
suwiji dening Allah Ta’ala.
Dene carane olehe dade’ake
mangkene, nur luhur kang den arani nur Muhammad iku mau den polas
kelawan nur putihkang den arani nuqad ghaib iku mau, nuli den panjingake
nur murub kang den arani ruh idhofi iku mau kanti sampurno nuli keno
den arani wujude nur Muhammad iku wus sampurno. Nuli deb asmani dening
Allah Ta’ala nurul hayati Muhammad, sakwusemangkono nuril hayati
Muhammad iku den simpen dening Allah Ta’ala.
La iku wektu keno den arani
ta’ayun awal, tegese mulai ketingal keberahehane Allah Ta’ala. Dadi
wektu semono iku keno den arani dzat wus nglaherake sipat tapi ngertiyo
sak temene Allah nglaherake keberahehane kang keyo mangkono iku suwijine
Allah Ta’ala dewe lan kersane Allah Ta’ala dewe, dalile dawuhe Allah
katerangan ono kitab suci Al-Qur’an mangkene Faqaala ta’aala ;
Innallaaha khalaqa kulla syai-in wahdahu.
Artine suwijine Allah kersa
dade’ake opo wae iku mung suwijine Allah dewe tegese mung kersane allah
dewe lan kuwasane Allah dewe. Tammat.
Bab. Kaping Pitu: Nerangake Alam Wahidiyat
Dene alam wahidiyat iku den arani
Ta’ayun tsani iya iku suwijine Allah Ta’ala mulai ngumpulake sifat
Jalal lan sipat Jamal yaiku sifat Jalal kang den arani nurullah. Sifat
Jamal den arani nur Muhammad.
Nurullah den arani dzat sejati,
Nur Muhammad den arani sifat sejati. Nurullah den arani lanang sejati,
nur Muhammad den arani wadon sejati.
Dene kaliko kumpul nurullah lan
nur Muhammad iku antara lawase wis ana seket ewu tahun kasi ora kena den
beda’ake tempuke nurullah lan nur Muhammad. Koyo dene kumpule lanang
sejati marang wadon sejati. Tegese kang aran alam wahidiyat iku yen
diserupa’ake wetenge wong. Alam Wahidiyat iku wetenge nur Muhammad, lan
kena den arani wetenge wadon sejati. La waktu samono iku ngetengake
kabeh alam.mulo den arani kumpule nurullah lan nur Muhammad, banjur ana
patutane yaiku kabeh alam sak isine.
Dadi kabeh alam sak isine iku
kena den arani patutane nurullah lan nur muhammad, tegese kumpule
nurullah lan nur Muhammad. Lan kena den arani wujude alam kabeh sak
isine iku patutane careme Nurullah lan nur Muhammad.
Dadi kena den arani ora ana alam
kabeh sak isine yen ora ana wahidiyat, ora ana wahidiyat yen ora ana
wahdat, ora ana wahdat yen ora ana ahadiyat. Lan ora ana af’al yen ora
ana asma, ora ana asma yen ora ana sifat, ora ana sifat yen ora ana
dzat. Mulo ngertiyo yen kabeh iku mau sak temene mung kagungane Allah.
Mula ojo pisan-pisan ngaku duweni. Jalaran kabeh iku mung kagungane Dzat
iyo iku Allah.
Dadi kabeh akbar iku mung
kagungane Allah, dadi yen wis eling lan wis ngerti banjur dumunung yen
kabeh alam lan wahidiyat lan wahdat iku mung kagungane Ahadiyat, tegese
kagungane Allah belaka. Yaiku kena den arani Sampurnane Syahadat lan
Sampurnane Takbir lan sampurnane Shalat lan sampurnane Zakat lan
sampurnane Poso lan sampurnane Hajji lan sampurnane Islam lan sampurnane
Iman lan sampurnane Tauhid lan sampurnane Ma’rifat lan sampurnane Ilmu
lan sampurnane Urip lan sampurnane Pati lan sampurnane Sampurna.
Jalaran koyo mangkono iku kena
den arani ngerti asale asal ngerti, gawene ngerti, dadine ngerti, anane
ngerti, ilange ngerti, omahe ngerti manggone ngerti, kang digone ngerti,
papane ngerti, mapane ngerti lan ngerti lungane lan mulehe ngerti,
tekone ngerti, kang den tekone ngerti, pisahe ngerti, kumpule ngerti,
pecahe ngerti, wutuhe ngerti, wungkule.
Dene Allah dadekake kabeh kang dumadi iyo mung suwijine Allah dewe, dalile dawuhe Allah Ta’ala mangkene;
Innaa khalaqnaa kun bil wahidiyati khalaqtuka liajlii wa khalaqtul asyyaa-a liajlika wallahu bikulli syai-in ‘aliimun.
Artine mangkene: Sak temene
ingsun dadekake ing siro kabeh iku mung suwijine ingsun dewe, lan ingsun
dadekake ing siro Nur Muhammad iku karono arah perselane kagungan
ingsun lan ingsun dade’ake ing sekabehane kang dumadi iku karono
perselane kagungan iro nur Muhammad, lan sak temene kang nguasani kabeh
kang dumadi iku mung Allah Ta’aladewe.
Dene sakwuse sampurno dumadine
nur Muhammad antoro seket ewu taun iku den simpen ono ing ndalem
nurullah iku mau. Tumuli suwijine Allah Ta’ala banjur hadir ono arae nur
Muhammad iku mau kanti dawuh mangkene; Alastu birobbikum artine “ Opo
dudu Ingsun tho pengeran nur Muhammad” ing mriku nur Muhammad tumuli
inggal-inggal matur marang suwijine Allah Ta’ala, aturane mangkene Qaluu
balaa artine olehe matur nur Muhammad mangkene: O…inggih panjenengan
Dalem meniko gusti pangeran adalem, tumuli nur Muhammad inggal-inggal
sujud marang suwijine Allah Ta’ala. Olehe sujud rambah kaping limo
suwene mangso seket ewu taun yaiku aweh isyarat yen kanjeng nabi
Muhammad sak ummate iku calon den ferdloake ninda’ake shalat limang
wektu ingdalem mongso sedino sewengi.
Sak wuse mangkono tumuli suwijine
Allah Ta’ala madepmarang arahe nur Muhammad kanti dawuh mangkene Kun
Fayakuun artine sakabehane alam ing wektu semono iku sakkolo banjur
ketingal wujude alam kabeh kanti jodo-jodo suroh ukure koyo wujude
langit lan wujude bumi lan wujude ngrengenge lan wujude rembulan lan
wujude suwargo lan neroko lan wujude opo wae kang wujud ono alam donya
lan kang wujud ono alam akherat. Yaiku Ta’ayun Tsani arane, tegese wus
keingal kagunge Allah Ta’ala kelawan diweruhi sekabehane alam yaiku kang
den arani Alam Akbar lan den arani Alam Wahidiyat. Tegese kang den
arani alam Wahidiyat iku suwijine Allah Ta’ala wis kersa andade’ake
sekabehane alam lan wis kersa ngeratoni sekabehani alam.
Dene sipate Allah Ta’ala sakwuse
ono alam wahidiyat iku Qahar, tegese wis murba wasesa. Mula disebut
sekabehane alam , jalaran iku kabeh siji sijine isi isene alam , dene
kabeh iku kena den arani wadah utowo den arani omah utowo den arani
negoro utowo den arani segoro:
Siji den arani alam Ahadiyat,
yaiku kena den arani Sirri lan kena den arani Bathin; tegese alame Allah
naliko iseh ghaib iyo naliko semono iku alame Allah kena den arani iseh
Dzat Sejati, tegese iseh wujud Muthlaq kelawan Ithlaq. Tegese kena den
arani Allah durung lahir. Mulo den arani iseh sirri lan iseh bathin
kerono wujude iseh Dzat Sejati durung ono Sifat lan durung ono Asma lan
durung ono Af’al. Banjur alam Ahadiyat nglaherake alam Wahdat, olehe
nglaherake Allah carane mangkene “ Alipe lafad Allah iku den arani sifat
Qahar yaiku nyato dadi kolam sejati. Kolam sejati nyata’ake wujude Dzat
Sejati.
Dene Lam-e lafadl Allah kang awal iku den arani Sifat Jalal iku nyata dadi banyune, yaiku nyata’ake wujudeSifat Sejati.
Dene Lam-e lafadl Allah kang
akher iku den arani Sifat Jamal nyata dadi mangsine, yaiku nata’ake
wujude Asma telu kang den arani aku wujud Tunggal.
Dene Ha’-e lafadl Allah iku den arani sifat Kamal nyata dadi dawuh yaiku nyata’ake wujude Af’al.
Sakwuse mangkono banjur nur Jati
nglaherake sifat, banjur kena den arani Dzat nglaherake Sifat. Tapi
anane dzat nglaherake sifat iku mung supoyo ketingal wijude Dzat. Dadi
kena den arani lahire dzat iku sakwuse ono sifat. Dadi kena den arani
anane nama bapak iku sakwuse ono anak.
Dadi sejatine Ahadiyat iku
nglahirake Wahdat, tapi ora ketingal wujude Ahadiyat sak durunge ono
Wahdat. Ora ketingal wujude wahdat sak durunge ono Wahidiyat. Ora
ketingal wujude Wahidiyat sak durunge ono alm arane. Nanging hakekote
sifat, asma, af’al ora maneh kajobo uteke dzat lan wujude dzat lan
rupane dzat lan arane dzat lan panggonane dzat. Mulo mangertiyo yen
sejatine Allah iku Dzat Sejati utowo anane Dzat Sejati. La yen Muhammad
iku Sifat Sejati, anane yaiku anane nyatane Dzat Muthlaq. La Adam iku
anane Rasul Jati lan anane Asma Jati.
Dene manuso iku anane Roh Idlofi
yaiku anane Af’al Jati, dadi Allah iku dzat yaiku kena den arani
Pengeran. Dene Muhammad iku sifat lan kena den arani Keratone Pengeran.
Dene manuso iku Af’al, kena den
arani Omahe Pengeran. Mulo banjur kena den arani Allah iku dzat, sifat,
af’al. Dene Muhammah iku kena den arani wujud, ilmu, nur syuhud. Dene
Adam iku kena den arani qolam, rasa, urip, budi. Dene manuso iku kena
den wadi, madzi, mani, maningkem.
Mulo den arani Allah dzat, sifat,
af’al jalaran dzat iku tegese bisa nyata’ake wujude sifat Jalal, yaiku
dzat sejati arane, dene kang den arani sifat Jalal iku lintang johar
arane, utowo den arani Johar awal, utowo den arani nurullah, utowo den
arani nur Jati.
Banjur nurullah bisa nyata’ake
wujude sifat Jamal yaiku nur Muhammad arane. Tegese bisa nyata’ake
rupane dzat kelawan rupa kang pantes.
Banjur sifat Jamal utowo nur Muhammad iku mau bisa nyata’ake Asma, tegese nyata’ake aran kang tanpo jumbuh.
Dene Af’al iku tegese bisa nyata’ake gawe lan penggawehan kang tanpa kuciwo.
Dene anane Muhammad olehe den
arani wujud, ilmu, nur syuhud, iku tegese wujud iku bisa nyata’ake
wujude Dzat Mutlaq. Yaiku wujude alam kabeh sak isine. Tegese ilmu iku
nyata dadi wadahe dzat utowo den arani negarane Dzat utowo den arani
keratone Dzat utowo den arani omahe Dzat. Tegese nur iku nyata dadi
cahyane Dzat, tegese syuhud iku nyata dadi peningale Dzat, tegese nyata
dadi kenyatahane Dzat.
Dene Adam olehe den arani qolam,
rasa, urip, budi iku tegese qolam iku nyata anane akal, tegese rasa iku
nyata anane eling, tegese urip iku nyata anane ruh urip anguripi, tegese
budi iku nyata anane pakerti picoro lan penggawe kang ketingal mata.
Dene manuso olehe den arani wadi,
madzi, mani, maningkem iku tegese wadi iku nyata dadi abange nitra,
tegese madzi iu nyata dadi kuninge nitra, tegese mani iku nyata dadi
puhihe netra, tegese maningkem iku nyata dadi irenge nitra.
Banjur kaweruhono kang aran Sirri
dhahir yaiku kena den arani Muhammadiyah, tegese selagi ghaib lan den
arani sifat isih sinempen ingdalem Dzat lan kena den arani Sifat Sejati,
sejatine sifat yaiku wahdat sinempen ingdalem Ahadiyat. Wallahu a’lam
Bab. Kaping Wolu: Nerangake Anane Wahdat
Utawi bab kang kaping wolu iku
nerangake masalah anane wahdat nglaherake wahidiyat sampun sak isine
yaiku anane kabeh alam sampe’ anane manuso kabeh. Yaiku anane Muhammad
nglaherake kabeh alam den laherake songko alam Wahidiyat arane. Karono
lafad Muhammad iku mime kang awal den arani mim Ma’rifat. Kerono mime
lafad Muhammad kang awal iku biso nyata’ake pangabu grono.
Dene ha’e lafad Muhammad iku den arani ha’ Haqeqat, kerono ha’e lafad Muhammad iku bisa nyata’ake anane paningal mata.
Dene mime lafad Muhammad kang
akhir iku den arani mime Thareqat, kerono mime lafad Muhammad kang akhir
bisa nyata’ake anane pangrungu kuping.
Dene dale lafad Muhammad iku bisa
nyata’ake anane pangucap lisan. Mulo lafad Muhammad iku kena den arani
bisa nglaherake jisim, jasad, badan wong, jalaran Muhammad iku bisa
nglaherake geni, angin, banyu, bumi.
Dene geni iku bisa nyata dadi
kulit, daging, getih mulo nmyata panas. Dene bumi iku bisa dadi wulu,
kuku, balung sungsum banjur bisa dadi toto tentrem. Dene angin iku bisa
nyata dadi napas, nupus, roh, roso, banjur bisa dadi nyata obah osek.
Dene banyu iku bisa nyata dadi paningal, panggondo, pangroso banjur dadi
bisa nyata sampurno. Dene sampurnone kabeh iku mau lan kumpule kabeh
iku mau banjur kena den arani jisim, jasad, badan wong.
Tegese jisim iku nyata sirah lan
yo rusak maneh, nyata bahu yo nyata rusak maneh, nyata anane gigir yo
rusak maneh, nyata suku yo rusak maneh.
Dene anane den arani jasad iku
wujud balung yo nyata rusak, nyata wujud otot yo nyata rusak, nyata
wujud daging yo nyata rusak, nyata wujud kulit yo nyata rusak maneh.
Dene anane den arani wong iku
anane ambu iku nyata ono irung. Dene anane werno iku nyata ono mata.
Dene anane roso iku nyata ono kuping. Dene anane konotho iku nyata ono
lisan.
Dene kabeh iku mau wis bisa
sampurno lan wis bisa sirno sekabehani sifat 20 . Sifat 20 wis ono kono
banjur kena den arani dzikir syare’at lan dzikir hakekot lan dzikir
ma’rifat.
Dene kang aran dzikir syare’at
iku eling isine kalimat “Asyhadu al laa ilaaha illallaahu wa asyhadu
anna muhammadar rasuulullaahi ” yaiku tegese eleng lan ngreti yen
sa’temene ora ono pengeran sejati kajobo mung Allah, lan eleng lan
ngerti yen sa’temene kanjeng nabi Muhammad iku petugase Allah.
Dene kang aran dzikir Thoreqat
iku eleng lan ngerti isine kalimat “ laa ya’budu illallaahu ” tegese
eleng lan ngerti ora ono kang wajib den tha’ati dhahir sampek bathin
kajobo mung Allah.
Dene kang arani dzikir hakekot
iku eleng lan ngerti isine kalimat “ laa maujuuda illallaahu ” tegese
eleng lan ngerti yen sa’temene ora ono kang ngerti kajobo Allah.
Dene kang aran dzikir Ma’rifat
iku eleng lan ngerti isine kalimat “ Laa ya’rifu illallaahu ” tegese
eleng lan ngerti yen sa’temene ora ono kang ngerti kajobo mung Allah.
Mulo ngertiyo sa’temene yen siro
arep dzikir patang perkoro iku kudu ngerti asal mulane, tegese ngerti
bakale lan ngerti gawene lan ngerti omahe lan ngerti manggone lan ngerti
papane lan ngerti mapane lan ngerti lungane lan ngerti mulehe lan
ngerti tekane pisahe lan ngerti kumpule lan ngerti pecahe lan ngerti
wungkule yen wis mangkono banjur keno den arani wis sampurno, yen wis
sampurno banjur keno den arani Dzikir Bathin.
Dene dzikir bathin iku kudu nganggo prabot 5 yaiku:
1. Lisan,
2. Ati,
3. Roh,
4. Roso,
5. Barzah.
Dene carane praktek iku lisane
kudu ngucapake Laa ilaaha illallah banjur atine kudu eleng yen ora ono
kang wajib den thaati kajobo Allah. Banjur rohe kudu angen-angen lan
eleng yen sa’temene ora ono wujud sejati kajobo Allah.
Lan sejatine Urip iku uripe
Allah, banjur rosone iku eleng lan ngerti sa’temene roso iku rasane
Allah, banjur rosone roso iku kudu eleng Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat.
Yen wis tutuk banjur kena den arani Syahadat Sampurno lan Takbir
Sampurno lan Shalat Sampurno lan Urip sampurno lan mati sampurno lan
Islam sampurno lan Iman sampurno lan Tauhid sampurno lan Ma’rifat
sampurno lan Badan sampurno tanpo ucap tanpo polah tanpo among makhluk
kari Allah.
Yaiku kang den arani yo nabi yo wali yo mukmin yen obah nabi yen meneng wali yen ngucap mukmin arane. Wallaahu a’lam.
Bab.Kaping Songo: Nerangake Ing Dununge ٍSekabehane Hurupe lafad
الْبِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
Dene Alife lafadl Albismillah iku
kena den arani Alif Dzatul wahid lan kena den arani Alif Ahadiyat iku
tanda anane dzat sejati lan kena arani Allah isih ghaib lan yaiku anane
Allah naliko durung beragi yaiku Allah isih wujud Mahdli. Banjur Lame
lafadl albismillah iku den arani Lam Thalabiyat, yaiku tanda Allah arep
berahi egese tanda yen Allah arep nyata’ake wujude Dzatullah yaiku katon
gumebyar padang tanpo wangenan, tanpo wekasan kang den arani nurudz
dzati, tegese nure Allah kang jejuluk lintang Johar kang bisa nglaherake
nurush shifat kang bisa nyata’ake wujude sifat, iyo wektu semono iku
kena den arani sifat isine sinimpen ingdalem Dzat. Lan kena den arani
sifat isih ghaib lan kena den arani sipat durung ono. Sing ono isih dzat
sejati lan sifat sejati sejatine sifat.
Mulo Alip iku kena den arani Alip
Dzatul Wahida,lan kena den arani Alip Ahadiyat lan kena den arani Alip
Iman, lan kena den arani Alip Thalabiyat. lan kena den arani Lam
Thalabiyat lan kena den arani Lam Islamiyat.
Banjur Ba’e lafad albismillah iku
den arani Kawitan. Tegese Ba’e lafad albismillah iku kang bisa
nglaherake nyatane Dzatullah lan dadi kawitane nyatane Sifatullah iyo
iku Nurudz Dzati tegese Nurullah. Nurullah banjur nglaherake Wahdat.
Dene wahdat iku ketingal koyo wadah, ugo gedene tanpo wekasan banjur
wahdat nglaherake nur murup utowo wahdat iku nyata’ake wujude nur murup
tumetes dadi roh Idlofi pinungko dadi wadahe nur Muhammad.
Nuli nyata’ake cahyo luhur metune
ugo songko wadah kang diarani Alam Wahdat, iku mau tumetes dadi nur
Muhammad, yaiku wujude koyo koco kang bening tur kang bersih mencorang
kang padang rupane agung luhur tanpo ono kang bandingi kang den arani
cahyo luhur kang dadi wijine sekabehane alam. Sakwuse mangkono banjur
suwijine Allah Ta’ala kerso nyampurnaake keberahehane kanti nganggo coro
yaiku ngumpulake nur Muhammad, nuqad ghaib, roh idlofi.
Dene olehe carane ngumpulake iku
nur Muhammad kanolas kelawan nuqad ghaib. Banjur kapanjengake marang roh
idlofi kelawan sampurno lan yaiku kang den arani Teluning Tunggal.
Banjur kena den arani wus sampurno wujude nur Muhammad. Banjur nur
Muhammad iku mau dinamani Nurul Hayat Muhammad tegese wujud padang tur
urip tur dialam banjur ketingal nyata sifate Allah kanti sampurno yaiku
kang den arani Ta’ayun Awal. Sakwuse mangkono banjur Nurul Hayat
Muhammad yaiku den simpen dening Allah den sinempen ingdalem Nurullah.
Dadi kasimpene nurul hayat Muhammad imgdalem nurullah iku mau soroh
ukure koyo kasempene kemanten putri ono ing dalem kamar kakumpulake karo
kemanten kakung.
Dene kemanten kakung iku den
arani Nurullah kang den ibaratake lanang sejati utawa den arani lanang
sejati. Dene kemanten putri iku diarani Nurul Hayat Muhammad kang den
ibaratake wadon sejai utawa diarani wadon sejati.
Dene kumpule Nurullah lan Nur
Muhammad iku mau kasi ora kena den beda’ake wujude lan ora kena den
bedaake rupane ingga lawase kasi teka mongsa seket ewu tahun sak wuse
ganep mongsa seket ewu tahun karepe Nurullah lan Nur Muhammad iku mau
banjur Nur Muhammad ketingal ngandut yaiku ngandutake sekabehane alam.
Tumuli suwijine Allah Ta’ala
ngadep marang nur Muhammad kanti ndangu nur Muhammad, pandangune
mangkene: Alastu birobbikum artine Opo dudu ingsun tho nur Muhammad
pengeran. Nuli nur Muhammad inggal-inggal matur suwijine Allah Ta’ala
aturane mangkene Qaluu balaa, artine olehe matur wo inggih jeandiko
meniko gusti Pangeran dalem. Mulo ono tembung jowo kumpule lanang sejati
marang wadon sejati, iku den tembungake rabi yaiku asal miturut naliko
kumpule Nurullah lan nur Muhammad. Banjur ono pandangu alastu birobbikum
iku mau. Sakwuse mangkono banjur nur Muhammad sujud marang suwijine
Allah Ta’ala tanda bekti marang suwijine Allah Ta’ala , lawase ugo
mangso seket ewu tahun.Olehe sujud rambah kaping limo dadi saben-saben
sak sujudan lawase mangso sepuluh ewu tahun. Yaiku kerono syukur ni’mat
anane kumpule lanang sejati marang wadon sejati kang den arani Nurullah
lan nur Muhammad. Mulo kanjeng nabi Muhammad SAW sak ummate iu mau den
ferdlo’ake ninda’ake shalat limang waktu ing dalem sedino sewengi kerono
shalat iku dadi tanda bekti syukur ni’mat anane kumpule lanang sejati
marang wadon sejati. Tegese iyo iku kumpule urip lan raga, dene urip iku
den arani lanang sejati. Laa rago iku den arani wadon sejati.
Mulo shalat iku kudu eleng urip
lan rago iku mung kagungane Allah. Yen ora eleng koyo mangkono iku dudu
shalat. Dadi kang jeneng shalat iku ora keno wujud loro, kudu wujud
tunggal urip tunggalmung kariAllah Ta’ala dewe, iyo koyo mangkono iku
isi isine Ba’e lafad albismillah. Tammat
Banjur iki nerangake isine Sine
lafad Albismillah. Dene huruf Sine lafad albismillah iku Ilmu Telu lan
Asma Telu. Den kang den arani Ilmu Telu iku pengertian mangerteni
Ahadiyat, wahdat, wahidiyat. Dene kang den arani AsmaTelu iku Allah,
Rahman, Rahim utawa den arani Allah, Muhammad, Adam utawa den arani
Allah, Urip, Jasad. Tegese ahadiyat nglaherake wahdat, wahdat nglaherake
wahidiyat.tegese ahadiyat iku lata’yun, tegese wahdat iku ta’yun awal,
tegese wahidiyat iku ta’yun tsani. Mula sak wuse sampurna wujude nur
Muhammad lan sakwuse den dangu lan sakwuse nur Muhammad sembahsungkem
tanda bekti marng suwijine Allah Ta’ala. Banjur suwijine Allah Ta’ala
dawuh kun fayakun. Banjur sak kolo alam wahdat nglaherake patutone iyo
iku wujud wadah kang den arani alam wahidiyat. Banjur suwijine Allah
Ta’ala dawuh mangkene Faqaalallaahu Ta’alaa Khalaqtaka liajlii wa
khalaqtul asyyaa-a liajlika wallaahu bikulli syai-un qadiirun.
Banjur sak kolo wahidiyat
nglaherake kabeh alam sak isine, banjur ketingal kaluhurane Allah Ta’ala
kanti den weruhi kabeh alam iyo iku kang den arani Ta’ayun Tsani. Dene
kang arani nglaherake alam Wahidiyat iku ana pirang-pirang alam. Dene
katerangane ana bab kang keri. Wallaahu a’lam.
Bab. Kaping Sepuluh: Nerangake Pangerane kabeh Alam kang
Den Laherake Alam Wahidiyat
Utawi bab kang kaping sepuluh iku
nerangake pangerane kabeh alam kang laherake alam Wahidiyat. Dene alam
kang den laherake alam Wahidiyat iku:
1) Alam Arwah
Dene kang den arani alam arwah
iku tegese wadah. Dene isine alam arwah iku sekabehane roh kang dadi
rohe barang-barang kang urip kanti bernyawa. Dene sekabehane roh nalika
isih den wadahi alam arwahiku isih tunggal rupane lan tunggal wujude.
Dene wujude mung kaya banyu kentel dene rupane putih wis mung ngono iku
kabeh nyawa.
Dadi ora ana bedane rohe para
Malaikat lan rohe para Nabi lan rohe para ‘Ulama’ lan rohe bajingan lan
rohe asu lan rohe ketek lan rohe celeng lan rohe apa wahe. Mula ojo
pisan-pisan siro kabeh rumongsa luwih bagus lan luwih lulur lan luwih
sampurno, jalaran roh iku nalika isih den wadahi ana alam arwahe isih
tunggal wujude lan tunggal rupane ora ana bedane babar pisan, lan kabeh
iku mung kagungane Allah. Lamun kasi rumangsa luwih luhur lan luwih
bagus lan luwih sampurna iku kliru banget.
2) Alam Mitsal
Dene alam Mitsal iku ugo kena den
arani Wadah. Dene isine alam Mitsal iku sekabehane roh kang wus den
pisah lan den beda’ake wujude lan den beda’ake rupane. Dene rupane
sakabehane roh iku mau sak wuse ana alam Mitsal ana kang putih lan ana
kang abang lan ana kang kuning lan ana kang ijo lan ana kang biru lan
ana kang ireng lan ana kang dadu.
Lan waktu sewmono iku wus den
arani pisan karo kang anduweni tegese kang kanggonan roh iku mau lan wus
den pesti pisan masalah kederajatane lan sugih miskin lan bejo cilokone
lan pati urip. Mula arane nalika semono iku wus nreima pandum nalika
semono iku kana den arani nompo Qadrat Tanjizi tegese Pesten kang ora
kena den brobah, labok keana apa olehe akal wis ora bisa brobah babar
pisan. Mula kena den arani Husnus saabiqah, Husnul khaatimah, Su-us
saabiqah, Su-ul khatimah.
3) Alam Ajsam
Dene kang den arani alam Ajsam
iku ugo wadah, yaiku wadah kang wus kanggo madahi roh iku Jisim arane,
lan roh kang wus den wadahi jisim, jisim opo wae buh jisim alus buh
jisim kasar surah ukure koyo jin malaikat lan jisim jin lan jisim syetan
lan sak penunggalane lan jisim masuso lan jisim rumangkang lan
sakpanunggalane.Wallahu a´lam.
4) Alam Insan Kamil
Dene kang den arani Alam Insan
Kamil iku ugo wadah, yaiku kanggo madai sing wujud rupa manuso kang
sampurno tegese manuso sing wis wujud sampurno. Tegese jasat lan gaotone
wis komplit roh lan akale wis komplit dene kang arane Kamilul Insan iku
menungsa kang wis sampurna sekabehane dhahir batin amal lan ilmune,
pati lan urip.
Tegese yaiku manungsa kang ngerti
asale lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti uripe lan ngerti
patine sak piturute yaiku kang den arani Insan Kamil utawa den arani
Kamilul Insan.
5) Alam Donyo
Dene kang den arani Alam Donyo
iku ugo keno den arani wadah, tegese yaiku wadah kang isine iku mau
werno-werno, tapi werno-werno iku ora ana kang luwih nyenengake mungguhe
Allah. Yaiku isine mung sarwo kuciwo adon-adon kang sarwo konco yen
sugih iyo mung sugih sengsoro yo sugih susah sugih kangelan sugih cobo
sak piturute. Mulo sak temene manggon ana alam donyo iku mungguhe wong
ahli Allah ora ngrasake krasan jalaran saking rupake donyo koyo-koyo
upama kon milih manggon ana Alamul Ulwi tapi rehne ora kena mileh
kapekso dhohir ana alam donyo, batin ana alam kabra iyo iku Allah. Dadi
yen ahli Allah iku dhohir amor wong. Batin amor Allah dadi banjur ana
longgare. Dadi wong ahli Allah iku lamun amor mahluk rumongso ora betah.
Dene wong ahli akherat iku ugo
ora betah manggon ana alam, jalaran deweke rumongso ora nikmat koyo-koyo
gandrung banget marang akherat, margo akherat iku ana panggonan nikmat,
yaiku suwargo. Dene ahli donyo utowo wong ahli donyo iku wedi mati lan
wedi akherat adoh banget elinge marang Allah jalaran saking gandrunge
perkoro donyo kasi lali marang Allah lan lali akhirat. Dene alam donyo
iku kapirang dadi papat, yaiku:
i) Den arani alam donyone jin.
ii) Den arani alam donyane syetan.
iii) Alam donyone manuso.
iv) Alam donyone malaikat.
6) Alam Barzah.
Dene kang den arani Alam Barzah
iku ugo wadah kang isine mung begal kang sarwo medeni kanti gowo alat
lengkap, dadi yuen arep ngambah alam barzah iku ugo kudu gowo senjoto
telu, yaiku:
1. Den arani Iman Tauhid
2. Den arani Iman Baqa’
3. Den arani Iman Kamil Mukamil.
Dene kasi ora gawe senjoto Telu
iku mau siro mesti kalah karo begale. Laa bok sangu amal ngebaki jagat
mawon kabeh mergo dalane kang den toni iku kleru sing jurusan menyang
kuto Khufratun min khufratin naari kancane ning kono amor makhluk, mulo
senjoto telu iku mau awit sak golekono sing kasi ketemu ben biso amor
Allah ngambah alam barzah amor Allah dalane banjur oleh dalan sing
jurusan menyang kuto Radlatun min raadlatil jannah. Ana kuto kono omah
amor Allah. Tegese alam barzah iku luweh rupek, luwih peteng, luweh
gawat, jalaran barzah iku ilang utowo cepet.
Dadi ngambah alam Barzah iku ora
usah sangu donyo, ora usah sangu akherat, yen sang donyo ora kanggo, yen
sangu akherat ugo ora kanggo, sangu amal ugo ora kanggo, tuwas
ngebot-ngeboti. Yaiku pawelingku ojo pisan-pisan sak iki kasi ora
ngambah alam barzah.
7) Alam Kubur
Dene kang den arani Alam Kubur
iku manggone ana Alam Antoro yaiku dudu donya dudu akherat yaiku
wadah.Dene isine wadah kang den arani Alam Kubur iku ana 2 ;
− Sing siji den arani rawdlatun min rawdlatil jannah.
− Sing siji iku den arani hafratun min hufratin naar.
Dene loro-lorone iku mau ugo
wadah. Dene wadah kang den arani rawdlatun min rawdlatil jannah iku
isine Uripe wong mukmin lan cuwilane kanikmatan suwargo pinongko kangge
kemaremane wong mukmin.
Dene wadah kang den arani
hafratun min hufratin naar iku isine uripe jin, syetan, manuso kang podo
kafir yaiku uripe wong sing wutho, wong sing tuli, tegese wong sing
wutho iku wong kang ora weruh Allah lan sing ora weruh bakale lan ora
weruh gawene lan ora weruh dadane lan ora weruh panggonane lan ora weruh
manggone lan ora weruh kang den nggoni lan ora weruh uripe lan ora
weruh kang den uripi lan ora weruh lungane lan ora weruh tekane lan sak
piturute, Yaiku kang arani wong wutho. Uripe banjur sasar pada karo wong
sing kabegal ana Alam Barzah, uripe pada ana hafratun min hufratin
naar. Among karo uripe syetan lan uripe jin, mulo awit sak iki rehne
awake iku mati kudu ndang den kubur ana kubur Jati. Yen ora ndang den
kubur selak ngambon-ngamboni. Kerono ambune awak mati iku luwih bacin.
Dene yen wis den kubur sampurno iku banjur ora ambon-ambonen.
8) Alam Akherat
Dene kang den arani Alan Akherat
iku wis ora ana alam maneh, yaiku alam kang kari dewe lan kena diarani
Alam Pungkasan lan kena den arani Alam Kelanggengan, wis ora ana
perubahan maneh, iyo alam akherat iku kena den arani Wadah, dene isine
wadah kang den arani alam akherat iku negara Loro, yaiku ;
Ø Kang siji den arani Suarga,
Ø Kang siji den arani Neraka.
Dene negara kang den arani Suarga
iku negarane wong-wong sing ahli dasar taqwa, yaiku wong-wong sing Yuk
minuuna bil ghaibi wa yuqiimuunash Shalaata tegese wong-wong sing ngerti
yang ghaib lan percoyo yang ghaib tegese iyo ngerti asale lan ngerti
gawene, lan ngerti dadine, lan ngerti wungkule, lan ngerti pecahe, lan
nganti wungkule maneh, yaiku jenenge bongso malaikat lan para nabi lan
para wali lan para mukmin haq lan suarga iku pirang-pirang omah.
Dene omah-omah iku kang manggon
wis pada gowo nomer dewe-dewe, tegese wis pada gowo keplek dewe-dewe,
dadi mung kari nyocokake keplekake dewe-dewe, ora ana kang rebutan gon
lan ora ana kang meri.
Dene negara kang den arani Neraka
iku negarane bongso syaitan lan negarane bongso jin lan negarane
wong-wong sing podo kapir, negarane wong sing podo wuto ora biso weruh
asale, oara weruh gawene, ora weruh dadine, ora weruh dadine, ora weruh
wunggule, ora weruh pejahe, ora weruh wutuhe maneh. Mulane wong Islam
ahli Iman ferdlu banget usaha pangertiyan miturut dawuhe kanjeng nabi
Muhammad SAW mangkene: “ Thalabul ilmi fariidlatun ‘alaa kulli muslimin
wa muslimat ” Sak temene yen kasi ora ngerti banjur sasar. Yen wis ana
alam akherat banjur manggon ana omah negara Neraka, yaiku amor karo
uripe syetan lan uripe jin lan kabeh wong sing podo wuto margo dosone.
Telas pirangane alam kang den laherake Alam Wahidiyat.
Bab. Kaping Sewelas: Nerangake Ilmu Hakekat
Dene kang den arani Ilmu Hakekat
iku mangerteni badan alus kang manggon utowo kang lungguh ana sak jerone
rogo. Miturut dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al Qur’anul Karim
mangkene “Wa ‘allama Aadamal Ismaa-a kullahaa ilakh”. Artine mangkene;
Suwijine Allah Ta’ala wus ngertekake marang nabi Adam, yaiku masalah
ilmu ma’ripat lan ilmu Hakekat.
Tegese yaiku den retekake
jeneng-jeneng badan alus kang ana sak jerone badan wadak, tegese yaiku
badan alus kang ana sak jerone jasad lan gaoto den retekake asal mulane
lan gawene lan dadine lan penggawehane iki rupane badan alus kang
manggon ana sak jerone badan wadak, yoiku ;
1. Nafsu Aluwamah
Dene nafsu Aluwamah iku anduweni
angin Nafas, arane rupane iring. Dadi ngumpule nafsu aluwamah lan angin
nafas iku dadi wujud tunggal rupo, tunggal rasa, tunggal wujude koyo
manuso kang luwih gagah, gede duwur, godek, brewok, rupane abang ireng
manggone ana waduk, yen ngucap gorekake jagat, rasane ajak menyang
penggawe olo, tunggangane macan, pelawangane ana Cangkem, Pujine Laa
ilaaha illallaah yaiku dadi gurune sekabehane brojo, penggawehane mulang
sekabehane gaoto
Dene asal mulane nafsu aluwamah
iku songgko woh khuldi. Dene asal mulane nafas iku songko Nurullah. Dene
dumadine aluwamah iku sakwuse den dahar ibu Hawa lan nabi Adam as. Dene
tekane nafas lan nafsu Aluwamah kangge nabi Adam as iku nalika umur
satus ewu taun. Dene kangge ibu Hawa iku sakwuse umur seket ewu taun.
Dene kangge turun Adam as iku sakwuse ana wetengan patang sasi yaiku
aran syetan haqiqi lan yaiku ora pisah babar pisan karo badan wadak
selawase, awan bengi, pisahe yen wis teko janjine. Yen ambah alam barzah
naliko kari perpisahan antorone nafsu aluwamah lan nafas iku peristiwa
geden-gedenan. Mulo awit nom ngasi tuo ngasi tekan janji kudu terus
ngambah alam barzah supoyo nafsu aluwamah lan nafas alate peristiwa
waktu iku bisa leleh lan larut sampek tekan baline bebarengan menyang
jasad jati. Wallaahu a’lam.
2. Nafsu Amaroh
Dene nafsu Amaroh iku anduweni
angin Tanafas, yaiku abang rupane. Dene nafsu Amaroh iku kuning rupane,
banjur loro-lorone iku kumpul dadi suwiji lan iku wujud tunggal rupo,
tunggal raso, tunggal wujude koyo manuso rupane bagus gedene mejono,
kulitane abang semu kuning, tanduke alus tur sumeh. Den kelakuane olo
gelem, apek gelem, terkadang ngetotake nafsu Aluwamah lan terkadang
ngetotake nafsu sofiyah lan loro-lorone iku ugo tunggal panggonane
Panggonane ana Ati, pelawangane ana Irung, tunggangane buto, yaiku dadi
kekesihane sekabehane brojo lan keteguhane.
Dene asal mulane nafsu Amaroh iku
songko woh khuldi. Dene asal muasale Tanapas iku sangko Nurullah. Dene
dumadine iku kangge nabi Adam as lan ibu Hawa lan tur wus adam iku pada
karo nafsu aluwamah lan napas yaiku aran pangemban sirri lan yaiku ora
pisah babar pisan, rino wengi selawase tansah jogo marang badan wadak,
keslametane kabeh selagi durung teko janji lan pisahe kanti aman lan
tresnan-tresnanan hinggo bali biso ketemu maneh kumpul ana jasad jati.
3. Nafsu Sofiyah
Dene nafsu Sofiyah iku anduweni
angin Anfas, biru rupane. Laa dene nafsu Sofiyah iku putih rupane. Dene
kumpule nafsu Sofiyah lan angin anfas iku rupane kena den arane putih
semu biru utowo den arane biru laure lan loro-lorone iku tunggal wujude
lan tunggal rupane lan tunggal panggonane. Dene panggonane iku ana Otot,
pelawangane ana Mata, gawene dulu olo lan becik yaiku kang dadi
pengerane sekabeane brojo.
Dene asal mulane nasfu Sofiyah
iku ugo songko woh khuldi. Dene dadine iku barang karo nafsu aluwamah.
Dene asal mulane nafsu ugo Nurullah. Dene dadine iku ugo bareng karo
nafas. Dene tekone lan lungone lan baline pisan marang jasad jati iku
ugo bareng karo nafsu Aluamah lan nafas.
4. Nafsu Muthmainnah
Dene nafsu Muthmainah lan Nufus
iku ugo tunggal wujude lan tunggal rupane lan tunggal gawene yaiku dadi
keteguhane lan trengginas ngadep marang Allah. Dene manggone iku ana
utek, pelawangane ana Irung, tunggangane gajah putih.
Dene asal mulane nafsu
Muthmainnah iku ugo songko woh khuldi. Dene dadine iku ugo bareng karo
nafsu Aluwamah. Dene Nufus iku ugo songko Nurullah. Dene dadine iku
bareng karo nafas. Dene tekone lan lungone iku ugo bareng lan baline
menyang Jasad Jati iku kabeh ugo bareng.
5. Roh Jasmani
Dene roh jasmani iku dadi rohe sekabehane awak yaiku sejatine Sukma arane. Dene gawene iku purbo nafsu aluwamah.
Dene rupane lan lungguhe tegese manggone lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu aluwamah.
Dene asal mulane lan dadine lan tekone lan lungane lan baline lan pisah kumpule iku tunggal karo nafas.
6. Roh Robbani
Dene roh robbani iku songko kang
wasesa nafsu Amarah. Dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane
iku tunggal karo nafsu amarah.
Dene asal mulane lan dadine lan
tekone lan lungane lan baline lan mulehe lan pisahe lan kumpule iku ugo
tunggal bareng karo Nafas lan Tanafas.
7. Roh Rohmani
Dene roh rohmani iku songko
Langgeng arane, dene gawene iku ngambani nafsu Sofiyah. Dene rupane lan
lungguhe lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu Sofiyah. Dene
asal mulane lan dadine lan tekone lan lungane lan baline iku ugo
tunggal karo nafsu aluwamah.
Dene nafsu Rohmani asal mulane lan dadine lan tekone lan lungone lan baline iku tunggal karo nafas.
8. Roh Idlofi
Dene roh Idlofi iku songko Luhur
arane, dene gawene iku melayani marang nafsu Muthmainnah. Dene rupone
lan lungguhe lan pujine lan tunggangane iku tunggal karo nafsu
Muthmainna.
Dene asal mulane roh Idlofi lan
dadine lan tekone lan lungone lan baline lan mulehe lan pisahe lan
kumpule iku pada karo nafas. Dene asal mulane nasfu muthmainnah lan
dadine lan tekone lan lungane lan baline lan pisahe lan kumpule iku
tunggal lan bareng karo nafsu Aluwamah. Dene kabeh nafsu patang perkara
iku kang beda mung lungguhe, tegese manggone lan penggawehane.
Dene roh kudus iku sejatine Urip,
yaiku roh suci kang diarani Ruhullah, tegese rohe Allah kang den juluki
Ratu Ning Urip utowo dijuluki Ratune Roh utowo den juluki Sukmo Sejati
Sejatine Sukmo lan yaiku kang nguasani sekabehane roh lan jasad.
Mula pada siro kaweruhana yen
kaya mangkono iku kang den arani Ilmu Ma’rifat lan Ilmu Hakekat, jalaran
yen ora mangerti kaya mangkono iku banjur ora weruh marang dununge urip
lan dununge pati lan ora mangerteni dununge Gusti lan dununge ngawulo.
Sejatine ngono sing urip iku
Gusti, laa sing mati iku kawulo. Mulo mangertiyo saktemene Allah,
Muhammad, Adam iku tunggal.tegese suroh ukure olehe tunggal koyo ler
upamane iwak telu ndase siji. Jalaran Allah iku dzat tegese Ahadiyat
tegese yaiku isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal lan kena den
arani Dzat Sejati Sejatine Dzat.
Dene Muhammad iku sifat tegese Wahdat tegese yaiku dadi rupane Dzat. Dadi wujude tunggal karo dzat, rupane tunggal karo dzat.
Dadi Allah lan Muhammad iku
tunggal wujud tunggal rupa. Kerono rupane Muhammad iku sejatine rupane
Allah, wujude Muhammad ya wujude Allah.
Dene Adam iku asma yaiku
Wahidiyat. mulo arane Telu ning Tunggal yaiku dadi Asmane Dzat tegese
dadi arane Allah. Dadi Adam iku dadi Asmane Allah wujude Adam wujude
Allah rupane Adam rupane Allah jenenge Adam jenenge Allah. Dadi kena den
arani Adam, Muhammad, Allah, iku tunggal wujud tunggal rupa tunggal
Jeneng.
Rehne iwak telu ndase mung siji,
mulo awak sak buntute iku sejatine mung oteke ndas. Dadi Allah iku
duweni Allah Muhammad duweni Allah adam duweni Allah kabeh alam iku
gawene Allah. Dadi wujude alam iku iyo wujude Allah rupane alam iyo
rupane Allah, jalaran alam iyo jenenge Allah gawene alam iyo gawene
Allah. Dadi kena den arani dhahire pirang-pirang tapi sejatine iku mung
siji mung tunggal. Dadi awal akhir dhahir batin iku mung siji mung Allah
beloko. Mulo dawuhe Allah mangkene: Allaahu huwal awwalu wal akhiru wa
huwa bikulli syai-an qadiirun.
Mulo kena den arani iko Allah iki Allah iku Allah kono Allah kene Allah kono Allah jalaran ndase iku mung siji.
Bab. Kaping Rolas: Nyarita’ake Sakwuse Suwijine Allah Ta’ala
Ngretekake ILmu Ma’rifat lan ILmu Hakekat Marang Nabi Adam
Utawi bab kang kaping rolas iku
nyeritakake sakwuse suwijine Allah Ta’ala ngretekake Ilmu Ma’rifat lan
Ilmu Hakekat marang nabi Adam. Dene sakwuse Allah Ta’ala ngretekake ilmu
Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang nabi Adam. temuli suwijine Allah
Ta’ala banjur kerso ngumpulake sekabehane para malaikat. Temuli nabi
Adam den adepake para malaikat. Temuli suwijine Allah Ta;ala dawuh
marang malaikat dawuh mangkene : Hai para malaikat sak iki sira kabeh
pada ngretiyo iki lo kang Sun dadekake khalifah, tegese kang Sun
dadekake ratu ana ing bumi kang Sun namani nabi Adam kang Sun dadekake
luhur-luhure titah. Cabo sak iki nerangno ilmu ma’rifat lan nerangno
ilmu hakekat marang nabi Adam, iki yen siro iku bener temenan.
Sakwuse mangkono temuli
sekabehane para malaikat iku mau pada ngaturake kalepatan marang
suwijine Allah Ta’ala serono kanti depe-depe, ature mangkene: Duh Gusti
kula ngaturake kalepatan soho kawula sampun bersihake diri kula dumateng
ngarsa Panjenengan dalem bileh sak estunipun kula meniko panci boten
mangertos menapa-menapa kejawi ingkang sampun panjenengan retosake tuwin
boten wonten maleh ingkang ngretos soho wicaksana kejawi Panjenengan
Dalem.
Sakwuse mangkono temuli suwijine
Allah Ta’ala inggal-inggal dawuh marang nabi Adam, dawuhe mangkene: Hai
kekasihe Ingsun nabi Adam, saktemene mulo sira Sun adepake marang para
malaikat perlu supaya sira dadi geganti Ingsun yaiku nerangake kang aran
ilmu Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang kabeh para malaikat iu mau”.
Sakwuse mangkono temuli
panjenengan nabi Adam matur kasinggihan temuli panjenengane nabi Adam
enggal-enggal nerangake ilmu Ma’rifat lan ilmu Hakekat marang sekabehane
para malaikatiku mau kanti jelas. Sakwuse mangkono temuli suwijine
Allah Ta’ala dawuh marang sekabehane malaikat iku mau dawuhe mangkene: “
Hai para malaikat mulo sira pada mangertiyo saktemene Ingsun iku ngerti
marang sekabehane ghaib-ghaib kang ana alam langit lan ghaib-ghaib kang
ana bumi lan Ingsun ngerti ugo marang barang-barang kang sira edengake
lan barang-barang kang sira umpetake”, dalile dawuhe Allah katerangan
ana kitab suci Al-Qur’an Wa ‘allama aadamal asmaa-a kullahaa tsumma ‘ara
dlahum ‘alal malaa-ilati faqaala anbi-uunii biasmaa-a haa-ulaa-i in
kuntum shaadiqiin ۪ Qaalu subhaanaka laa ‘ilma lanaa illaa maa
‘alamtanaa innaka antal ‘aliimul hakiim ۪ Qaala yaa aadamu anbikhum bi
asmaa-ihim falammaa anba-ahum bi asmaa-ihim qaala alam aqul lakum innii
a’lamu ghaibas samaawati wal ardli L wa a’lamumaa tubduuna wa maa kuntum
taktumuuna.
Sakwuse mangkono temuli suwijine
Allah Ta’ala dawuh maneh marang malaikat lan para jin lan para syetan
kang bangsa ibles supaya pada sujud marang nabi Adam, tegese supaya pada
taat marang nabi Adam. Temuli para malaikat matur kasinggihan temuli
para malaikat pada netepi sujud pada taat marang nabi Adam.
Dene jin lan syetan tegese bangsa
ibles tansah pada bangkang lan gumede ora ana kang pada sujud lan taat
marang nabi Adam. Mula ibles lan balane iku dadi kafir. Dene dalile iku
mau miturut dawuhe Allah katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Karim
mangkene Faqaala ta’alaa: Wa idzqaala rabbuka lilmalaa-ikatisjuduu
liaadama fasajaduu illaa ibliisa aabaa wastakbara wa kaana minal
kaafiriin.
Sakwuse mangkono temuli Suwijine
Allah Ta’ala kersa mulyaake marang nabi Adam kanti den panggenake ana
suwargo. Sakwuse nabi Adam manggon ana suwargo antara lawase mangsa
seket ewu taun, temuli suwijine Allah banjur dangu marang nabi Adam,
pandangune mangkene Qaala ta’aala: Yaa aadama afatusyriku fil jannati
marahan. Artine Hai kekasih Ingsun nabi Adam opo to sira butuh konco
kerana kangge kemareman sira ana suwargo, nabi Adam.
Sakwuse mangkono panjenengane
nabi Adam inggal-inggal matur marang suwijine Allah Ta’ala, mature
mangkene: Qaala na’am inna rabbi haitsu yasyaa-u. Artine Panjenengane
nabi Adam inggal matur marang ngersane Allah Ta’ala ature mangkene Duh
Gusti Pangeran dalem meniko pengeran adalem matur sembah nuwun mbok
bileh panjenengan Dalem kerso amaringi konco dateng dalem.
Sakwuse mangkono temuli suwijine
Allah Ta’ala kerso amotong igo wekase nabi Adam. Nabi Adam tanpa kroso
loro babar pisan naliko kapotonge igo wekas iku mau kapintoake marang
nabi Adam sarto suwijine Allah Ta’ala dangu marang nabi adam pendangune
mangkene “ Hai kekasih Ingsun nabi adam opo to kang sumeleh ono ngarep
iro iku “ ,temuli nabi Adam inggal matur marang suwijine Allah, mature
mangkene: “ Duh Gusti, kulo kok mboten mangertos”.
Sakwuse mangkono suwijine Allah
temuli dawuh marang nabi Adam dawuhe mangkene; “ Hai kekasih Ingsun nabi
Adam, saktemene kang sumeleh ono ngarep iro iku igo wekas iro yaiku
kang calon kanggo kanco iro ono suwargo kono”. Sakwuse mangkono temuli
suwijine Allah Ta’ala dawuh Kun fayakuun. Banjur sak kale balong igo
wekase nabi Adam sak naliko dadi manuso sampurna yaiku arane Ibu Hawa
kang dadi garwane nabi Adam.
Sakwuse mangkono temuli suwijine
Allah Ta’ala dawuh katerangan ana kitab suci Al-Qur’anul Kariim yaiku
mangkene dawuhe ; Wa qulnaa yaa aadamuskun anta wa zaujukal jannata wa
kulaa minhaa raghadan haitsu syiktumaa wa laa taqrabaa haadzihisy
syajarata fatakuunaa minadh dhaalimiinal aayah. Artine: Hai kekasih
Ingsun nabi Adam, suwijine Ingsun dawuh rungokno temenan sak iki ugo
siro lan bojo iro tetepo manggon ana suwargo lan podo mangano wong loro
koro barang-barang kang ana suwargo rupo woh-wohan karep iro nabi Adam
lan ibu Hawa, dene kang Sun larang mung siji ojopisan-pisan Adam lan
Hawa kasi nyedak iki kayu Khuldi, ojo maneh kasi nyekel gedene metil
wohe, yen siro kasi nerajang waleran Ingsun kalebu wongkang nganiaya lan
bakal Sun wethoake suwargo.
Tan kucapo sakwuse nampa dawuh
kang kaya mangkono iku antara lawase mongso seket ewu taun, banjur
katekanan syetan angeridu ibu Hawa nuli ibu Hawa kepengin mangan woh
khuldi iku kasi koyo wong nyidam ora kena den penggak babar pisan kasi
mekso marang nabi Adam supoyo nabi adam metilake woh khuldi. Laa waktu
semono iku antara nabi Adam lan ibu Hawa kasi meh cecongkrahan, suwe
–suwe nabi Adam kapekso metil woh kholdi, banjur woh kholdi iku mau
diwehake marang ibu Hawa deneng nabi Adam. Temuli woh kholdi iku mau
kadahar karo ibu Hawa antara wus entuk rong pertelon sak naliko ibu Hawa
metu kopeke. Laa woh kholdi kang kari sak pertelon iku mau banjur den
wehake marang nabi adam dening ibu Hawa. Kanti ngucap mangkene ibu Hawa;
Wah woh khuldi iku panci enak banget rasane kabeh, panganan ora ana
kang bandingi enak-e yen den pangan nikmate kasi rata sak awak. Iki lo
bopo adam jajal rasakno kang selining iki, nuli woh kholdi kang selining
iku den tapa dening nabi adam, sakwuse woh kholdi den tanpa banjur den
dahar dening nabi adam. Laa sakwuse nabi adam dahar woh kholdi kang sak
pertelon iku mau banjur sak kolo nabi Adam metu gulune menjing.
Mula koyo mengkono sak temene
pokoke lan wijine nafsu Aluwamah lan nafsu Amarah lan nfsu Shufiyah lan
nafsu Muthmainnah iku ora liyo ugo sangko woh kholdi. Hinggo nabi adam
lan ibu Hawa bisa anduwini syahwat sak piturute iku ugo sangko woh
kholdi. Mula kedadehane syahwat wong lanang iku mung sak pertelone wong
wadon, mergo olehe mangan woh kholdi kangge nabi Adam iku mung sak
pertelon, kangge ibu Hawa rong pertelon.
Dene dalile katerangan iku
miturut dawuhe gusti Allah, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an
mangkene: “Faqaala ta’aala; Fa-azal lahumasy syaithaanu ‘anhaa
fa-khrajahumaa mimmaa kaanaa fiihil aayah”, sakwuse nabi Adam lan ibu
Hawa koyo mangkono iku mau banjur suwijine Allah Ta’ala banjur duko kang
banget marang nabi Adam lan ibu Hawa hinggo nabi Adam lan ibu Hawa den
lucuti dening Allah Ta’ala sandangan suwargo kang agem nabi Adam lan ibu
Hawa.
Temuli nabi Adam lan ibu Hawa den
wetoake songko suwargo dening Allah Ta’ala sarta den pisah antarane
nabi Adam lan ibu Hawa kasi ora bisa ketemu babar pisan suiwene ngangti
wolu likur dino yaiku awit tanggal telulas (13) . wulan slakase tanggal
songo (9). wulan Besar katerangan ana hadits Qudsi. Suweneh qaidah
ngarani patang puluh dino (40).
Katerangan ana tafsir Jamal,
dalile dawuhe Allah katerangan ana kitab suci AL Qur’an: “ Fa-akhra
jahmaa mammaa kaanaa fiihi ilakha. Tapi ngertiyo sak temene kabeh iku
mau mung kanggo conco yen turun Adam yen arep kumpul antarane lanang
wadon kudu kanti ‘aqad nikah sakwuse ‘aqad nikah banjur den temoake iku
miturut sejarah naliko nabi Adam lan ibu Hawa den turunake songko
suwargo menyang donyo kanti den pisah nuli ketemu ana Jabal Arafah
naliko tanggal songo(9) wulan Besar nuli nabi Adam lan ibu Hawa banjur
salaman nuli lungguh jejer wuquf ana kono banjur budal menyang
Muzdalifah hinggo kasi teko Mekah tanggal sepuluh(10).
Mula sak iki turun Adam anane
manten kudu nikah nuli den temoake kasi den tenjoake marang panggonane
kemanten lanang kuwi pancen miturut sejarah anane Nurullah lan Nur
Muhammad naliko ana alam Wahdat nganti tekan Adam lan Hawa nganti tekan
turun Adam.
Mula sak iki turun Adam iku kudu
ngerti sejarah Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat supoyo bisa bali marang
Ahadiyat. Tegese kita iki ojo kasi pisah karo Ahadiyat temu maneh
kenenga yen kasi pisah banjur sasar. tapi ora bisa kumpul yen ora
ngerti. yen ora bisa kumpul banjur sasar. Tammat
Bab. Kaping Telulas: Nerangake Dununge Huruf 30
Utawi bab kaping telulas iku
nerangake dununge huruf telung puloh mula pada ngertiya; Saktemene Alip
iku asal songko alipe lafat Allah, mulo Alip iku kena den arani kawitan
lan kena den arani Alip Ahadiyat lan kena den arani Alip Dzatul Wahid,
kerana alip iku nuduhake anane Dzat Sejati lan anane Urip Sejati lan
anane Ahadiyat, iku tegese anane Allah naliko isih Wujud Muthlaq kelawan
Ithlaq.
Dene Ba’ sak teruse sampek teka
Qaf iku asal songko sifat rong puloh yaiku nuduhake anane Sifat Sejati,
tegese anane wahdat yaiku anane rupane Allah.
Dene Kaf lan Lam iku anane alam
lan ilmu yaiku nuduhake anane Asma tegese anane Wahidat yaiku nyata’ake
anane Akbar lan anane wujude asmane Allah lan asmane kagungane Allah.
Dene Mim sampek Ya’ iku asal
songko Martabat Pitu yaiku nuduhake anane anane Af’al Allah yaiku anane
alam kabeh lan anane barang-barang kang ketingal mata.
Dene katerangan anane Alif den
arani Alif Ahadiyat iku tegese nuduhake anane Allah naliko isih durung
berahe kena den arani isih Dzat Sejati tegese isih durung ana sifat isih
wujud mahdli tegese isih La-ta’yun tegese isih wujud tunggal urip
tunggal rasa tunggal sifat rong puloh iku nuduhake anane Wahdat tegese
anane Allah wus kersa nyata’ake wujude sifate Allah yaiku nyata’ke
keberahehane nglahirake Nurudzdzati lan Nurush Shifati kerana nyata’ake
rupane Allah kanti nyata utawa kanti persela.
Dene katerangan anane Kaf lan Lam
olehe den arani asal songko alam lan ilmu iku nuduhake anane Wahidiyat
tegese anane Allah wus kersa nyata’ake wujude asmane Allah lan asmane
kagungane Allah. Dene katerangan anane Mim sampek Ya’ olehe den arani
asal songko Martabat Pitu iku nuduhake sampurnane penggawene Allah, dene
Martabat iku den bagi dadi 2 (loro).
1) Sing siji den arani Martabat Qadim,
2) Lan sing siji maneh den arani Martabat Muhdats.
* Dene Martabat Qadim iku Ahadiyat, Wahdat, Wahidiyat yaiku awit La-ta’yun sampek awal sapek Ta’ayun Tsani.
* Dene Martabat Muhdats iku awit lahire alam, arwah sampek Alam Mitsal sampek Alam Ajsam sampek Alam Insan Kamil.
Dadi Martabat Qadim iku ana 3
(telu), Martabat Muhdats iku ana 4 (papat). Dene alam lan ilmu lan
Martabat Pitu iku dadi dhahir lan bathin, anapun alam iku dadi dhohir,
kerana alam iku panggawe kang sampurno lan kang nyata. Dene ilmu iku
kaweruh kang sampurno lan kang nyata.
Dene Martabat Ahadiyat iku dadi
kalimat ashadu, anapun Martabat Wahdat iku dadi kalimat Allah, anapun
Martabat Wahidiyat iku dadi kalimat Muhammad.
Dene kalimat Ashadu iku nuduhake
anane Dzat Sejati, dene kalimat Allah iku dadi Iman, Muhammad yaiku
nuduhake kumpule Nurullah lan Nur Muhammad lan kena den arani Nurudz
Dzati lan Nurush Shifati .
Dene kalimat Muhammad iku dadi
Iman Mufashshal lan yaiku nuduhake anane kawula lan gusti lan beda’ake
anane aran kawula lan gusti. Gusti iku ana alam Qadim, kawula iku ana
alam Muhdats. Dene kumpule Gusti lan kawula – kawula Gusti iku kang
jeneng Shalat.
Tegese Allah iku asmane Gusti,
akbar iku asmane kawula. Allah iku asmane Dzat Sejati, akbar iku Sifat
Sejati. Mula shalat iku mesti den kawiti Takbiratul Ihram yaiku ngucap
Allaahu Akbar jalaran sak temene shalat iku ngumpulake Iman Mujmal lan
Iman Mufashshal. Jalaran Iman Mujmal iku metu saking Nurullah yaiku
mengku kalimat Allah.
Dene Iman Mufashshal iku metu
saking Nur Muhammad, yaiku mengku kalimat Akbar lan yaiku dununge badan
kang den arani Jasad Jati. Jalaran shalat iku Ferdlu ngumpulake Iman L
oro, tegese kumpulake kawula lan gusti, tegese yaiku kumpule badan lan
urip yakni kumpule kawula lan Pangeran. Mula kudu kumpul Iman Loro iku
mau supaya dadi Iman Sampurna. Yen wus sampurna iman loro iku mau banjur
bisa bali marang Asyhadu kang nganggo ma’no sukci.
Dane asyhadu kang ma’no sokci iku
tasdid tegese Urip Langgeng sing tanpa huruf lan tanpa suwara tur kang
nganggo sifat rong puloh.
v Dene alam Arwah iku dadi Af’al, tegese dadi tondo gawene Allah.
v Dene alam Mitsal iku asma Allah, tegese dadi tondo arane Allah.
v Dene alam Ajsam iku dadi Sifatullah, tegese dadi tondo rupane Allah.
v Dene alam Insan Kamil iku dadi Dzatullah, tegese tondo Wujude Allah.
Mula sing ati-ati lan ngati-ngati
jalaran shalat limang waktu iku dadi sekare Shalat Sejati, tegese sekar
iku yen ngasi pritil utawa jeblok iku ora bisa dadi woh, tegese senajan
ngucap Allaahu akbar kok kasi ora kumpul kawula lan Gusti iku ora den
arani Shalat, dadi umpama kembang ora bisa dadi pentil, tangeh lamun
olehe bisa shalat sejati. Mergo yen kasi ora kumpul kawula lan gusti
mung kawula tetep kawula, gusti tetep gusti utawa den arani badan tetep
badan, urip tetep banjur Ora. Bisa iman Sampurna yen ora bisa Iman
sampurna derajate dudu derajate manuso. Banjur ora bisa bali marang
asyhadu kanggo makno sukci.Yen bisa kumpul kawula lan gusti iku kumpule
iman Mujmal lan iman Mufashshal banjur dadi iman Sampurna, yen wus dadi
iman sampurna banjur bisa bali marang asyadu kang nganggo makno sukci
tegese kena den arani kumpule kawula lan gusti ilang kawula kari gusti,
ilang Muhammad kari Allah yaiku kang aran Shalat Sampurna lan
sampurnane, tegese sampurnane sampurna lan sampurnane Shalat lan
sampurnane Syahadat lan sampurnane Zakat lan sampurnane Poso lan
sampurnane Haji lan sampurnane Islam lan sampurnane Iman lan sampurnane
Ma’rifat lan sampurnane Tauhid lan sampurnane Urip lan sampurnane Pati.
Bab. Kaping Patbelas: Nerangake Asal Mulane Shalat Asal Mulane Jagat Sak Isine
Utawi bab kang kaping 14 iku
nerangake asal mulane shalat limang wektu lan asal mulane jagat sak
isine iki wajib den weruhi, sopo kang ora weruh dadi kufur, sopo kang
mukir dadi kafir
Dene asale bumi langit
srengenge rembulan segoro gunung kayu watu iku kabeh mau songko Dale
lafadl Muhammad. Dene asal suwargo neraka lan arsy lan kursy lan loh lan
qalam iku kabeh metu songko Mime lafadl Muhammad kang akhir.
Dene asale Malaikat lan Jin
Syetan lan para Nabi para Wali para Manusa lan sekabehane hayawan lan
sekabeh-ane kutu-kutu walang atogo iku kabeh songko Ha’e
lafadl Muhammad.
Dene asale suwijine Allah kersa
dadekake sekabehane perkara kang dumadi lan mujudake sekabehane dumadi
iku sejatine senajan dhohir metu songko ha’e lafadl Muhammad utawa Mim
akhire lafad Muhammad utawa metu songko Dale lafadl Muhammad sak temene
kabeh kang dumadi iku mau ora liya mung dumadi songko Ha-e lafad Allah
lan songko Mime lafadl Muhammad kang awal.
Bab. Kaping Limalas: Nerangake Lafadl Muhammad
Utawi bab kang kaping limalas iku
nerangakae lafad Muhammad bisa dadi rupa manuso awit nabi Adam sampek
sak akhire, kaya iki gambare ;
Dale lafadl Muham
Mime lafad Muhammad iku dumadi –Mime lafad Muham
Ha’e lafad Muhammad kang awal iku
bongso rasa arane mad kang akhir iku mad iku bongso bongso kunato ara
wujude kuping ga-bongso ambu ara-rupo arane, iyo iku ne, iyo iku wujude
wene loro iyo iku -ne wujude irung ga wujude mata, ga-cangkem, gawene
enone adam lan tuwene loro iyo
iku – wene ugo loro iyo ugo loro iyo iku sla-wone adam, sifate uripe
adam lan pa-iku anane adam mete adam lan ape
Kamal
tine adam, sifate ora anane adam, se adam,
Jamal sifate Qahar sifate Jalal
Mula ngertiyo yen sak temene
Muhammad iku dhahire ora liyo songko Alip petang perkara, dene alip
petang perkara iku somgko lafadl Allah. Dadi kena den arani lafad Allah
iku bisa dadi alip petang perkara, banjur alip petang perkara bisa dadi
badan Muhammad yaiku asal asale songko lafadl Allah sejatine.
Dene lafad Allah iku bisa dadi
alip Dzatul Wahid. Dene Lame lafad Allah kang awal iku bisa dadi alip
Huruful Wahid. Dene Lame lafad Allah kang akhir iku bisa dadi Alip
Mutakallim Wahid, ya Alip Telu perkara iku kang bisa dadi nyawa Muhammad
banjur Ha’e lafad Allah iku bisa dadi Alip Tamsur, yaiku kang bisa dadi
badan Muhammad.
Mula ngertiyo yen arane Allah iku
Dzat yen Muhammad iku Sifat dadi terang yen Dzat bisa ngelaherake
Sifat, sifat bisa ngelaherake Asma, asma bisa ngelaherake Af’al.
Karena lafad Allah iku bisa dadi
alip petang perkara, perkara alip patang perkara sing telu bisa dadi
nyawa Muhammad, sing siji bisa dadi badan Muhammad, banjur lafad
Muhammad bisa nglaherake konto warna ambu rasa.
Dene Mime lafad Muhammad kang
awal iku bisa nyukulake Konto. Dene Ha’e lafad Muhammad bisa nyukulake
Rupa. Dene Mime lafad Muhammad kang akhir iku bisa nyukulake Ambu.
Dene Dale lafad Muhammad iku bisa
nyukulake Rasa. Banjur kontowarno, ambu, rasa bisa nyukulake bumi,
geni, angin. Dene konto iku bisa nyukulake bumi. Dene warno iku bisa
nyukulake geni. Dene ambu iku bisa nyukulake banyu. Dene rasa iku
nyukulake angin. Banjur bumi geni banyu angin bisa dadi Adam.
Dadi badan adam iku asale bumi
bisa dadi kulit, kang asale geni bisa dadi balung. Dene urip adam iku
ugo songko alip telu perkara banjur adam bisa ngeto’ake mani, madi,
wadi, maningkem.
Banjur madi maningkem madi wadi
bisa dadi manuso, kerana madi bisa dadi wulu kuku blung sungsum.
Maningkem bisa dadi kulit daging otot geteh. Madi bisa dadi nafas nupus
roh rasa. Wadi bisa dadi paningal pangrungu pagondo pangersa. Mula kena
den arani Allah iku Dzat, Muhammad iku Sifat, Adam iku Asma, manuso iku
Af’al, lan kena den arani Dzat nglaherake Sifat, sifat nglaherake Asma,
asma nglaherake Af’al.
Kerana ora ana Af’al yen ora ana
Asma, ora ana Asma yen ora ana Sifat, ora ana Sifat yen ora Dzat. Mula
kabeh iku sejatine ora ana liyo kejobo mung kagungane Dzat, tegese yaiku
mung kagungane Allah blaka. Wallahu a’lam.
Bab. Kaping Nembelas: Nerangake Lafadl ALLAH
Utawi bab kang kaping nembelas iku nerangake lafad Allah bisa dadi lafad;
لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ
Mula pada ngertiyo yen Alipe Lame
lafad Allah iku bisa dadi لاَ yaiku nuduhake Lata’- yun lan yaiku tada
yen sejatine Allah isih durung nyata tegese durung ketingal brahene
Allah Ta’ala yaiku isih Ahadiyat. Tegese isih wujud tunggal Urip tunggal
Rasa tunggal lan den arani Allah isih dzat jati lan kena den arani
Allah isih ghaib lan kena den arani Allah isih durung laher, ya nalika
semono iku Allah Ta’ala kena den arani dzat Jalal yaiku sifate wujud
Qidam, Baqa’, Mukhaalafatulil Hawaadisi, Qiyaamuhu bi nafsih, lan
Wahdaniyat.
Dene Lame (ل) lafad Allah kang
awal iku bisa dadi اِلٰهَ yaiku nuduhake Ta’ayun Awal tegese wiwitane
brahenane Allah Ta’ala lan wiwitane kagungane Allah Ta’ala, tegese
naliko lahire Alam Wahdat. Banjur ana sifat Nurullah, tegese yaiku
rupane Nure Allah Ta’ala ingaranan Lintang Johar lan ingaranan Rohullah
yaiku rupane Roh Qudus tegese roh suci kang den arani uripe Allah.
Banjur suwijine Allah Ta’ala kagungan sifat Jamal, tegese rupa kang
pantes ya sifat Jamal iku kang nyukulake sifat Qudrat, Irodrat, Ilmu,
Hayat, Sama’ Bashar, Kalam.
Dene Lame(ل) lafad Allah kang
akhir iku bisa dadi اِلاَّ yaiku nuduhake sempurna ne brahene Allah
Ta’ala. Nuli lintang Johar nglaherake roh Indhofi, nukat ghaib, Nur
Muhammad. Nur Muhammad kang den arani Nurus Sifat,tegese nure sifate
Allah lan yaiku nure sifate rupane Allah lan kena den arani nuril hayat
Muhammad lan kene den arani Nur Jati lan kena den arani Sejatine
Nurullah. Dadi Nur Muhammad iku kena den arani nure rupane dzate Allah
lan kena den arani Sejatine nure Allah.
Nuli roh Idhofi lan nukat Ghaib
lan nur Muhammad iku mau kadadekake suwiji dining Allah Ta’ala. Banjur
kena den arani wus sampurno wujude nur Muhammad. Banjur ketingal
sampurnane kuwasane Allah lan sampurnane kersane Allah lan sampurnane
nyata ne kagungane Allah lan sampurnane nyatane uripe Allah lan
sampurnane rupane Allah.
Mula aran sifat Kamal ya sifat
Kamal iku bisa nyukulake sifat Qadiran, Muridan, ‘Aliman, Hayyan yaiku
kang den arani Ta’ayun Awal.
Dene Ha’e ( ﻫ ) lafad Allah iku
bisa dadi Allah yaiku tanda nyatane sampurnane kagungane Allah kanti den
weruhi kabeh alam yaiku Wahdat wus nglaherake Wahidiyat. Wahidiyat wus
nglaherake kabeh alam lan kena diarani Alam Akbar.
Banjur ana sifat Qahar kena den
arani Allah wus murba wasesa dadi wus ana kratone Allah lan Allah uga
wus ngratoni iya sifat Qahar iku bisa nyukulake sifat Sami’an, Bashiran,
Mutakaliman, yaiku den arani Ta’ayun Tsani.
Mula ngertiya gambarane anane lafadl Allah bisa dadi lafadl; “ : لاَاِلٰهَ اِلاَّ الله”
لا اله الا الله
ILmu Wujud Af’al Asma Sifat Dzat
S ifat Dzat Jisim Ati Roh Rasa
Qudrat Qadiron Sama’ Bashar Wujud Qidam
Hakekat Ma’rifat Irodat Muridan Kalam Baqa’ Mukhalafatu
Muhammad Allah ILmu Hayat Aliman Sami’an Bashiron lilhawadtsi
Sifat Dzat Wahdaniyat Hayyan Mutakalliman Qiyamuhu binafsih
اَللهْ مُحَمَّدْ أَدَمْ
ASMA SIFAT DZAT
Adam iku nglaherake kabeh Muhammad nglaherake Allah iku nglaherake muham-
manuso arane.Mula muhammad adam naliko wus ana mad naliko isih wujud Nur kang
,adam, alam kabeh lan manus alam Wahidiyat arane. ing dalem nure Allah kang aran
iku kena den arani Sifat. lintang johar naliko isih Wujud.
Dene keterangan kaya mangkono iku
mungguh dhahire Allah nglaherake muham- mad, muhammad nglaherake adam,
adam nglaherake manuso mung sejatine mungguh ha-kekate meto’ake Allah
Ta’ala dewe kang den weto’ake dhahire Allah Ta’ala dewe metune songko
kuwasane Allah lan songko kersane Allah Ta’ala, dadi keterangan iku mung
kangge nyunto yen Ahadiyat nglaherake Wahdat, Wahdat nglaherake
Wahidiyat. Banjur ilange Wahidiyat bali marang Wahdat, ilange Wahdat
bali marang Ahadiyat. Sorah ukure kaya lombok ijo maneh abang. Lombok
dzate ijo sifate abang arane, pedes rasane.
Kabeh mau mung kanggo milang-milang anane Dzat, Sifat, Asma lan af’al. Nanging kabeh iku mau ora ana kabeh kajobo uteke Dat.
Yen dzat ilange songka dhahir
lombok ijo abang pedes nanging hakekate sing ijo lombok, sing abang
lomboke, sing pedes ugo lomboke. Mula sejatine Wahdat uteke Ahadiyat.
Wahidiyat uteke Ahadiyat, kabeh alam uga uteke Ahadiyat. Mula yen wis
tunggal ora ana loro lan ora ana telu kajobo mung Tunggal.
Tegese tunggal wujude, tunggal
rupane, tunggal arane, tunggal gawehane, tunggal rasane kari siji, dadi
kana den arani yen wus wujud tunggal, rupa tunggal, aran tunggal, gawe
tunggal, rasa tunggal iku ora ana loro kari siji ora ana kawula gusti
yakni Allah tanpa ana wujud kawula, tanpa ana rupa kawula, tanpa ana
aran kawula, tanpa ana gawe kawula, tanpa ana rasa kawula kabeh iku mung
kari Allah bloko.
Dene yen wis mangkono banjur endi
sing apek, endi sing olo, endi sing den ganjar, lan endi sing den
siksa. Mula kudu weruh lan ngerti asale yenwis ngerti asale banjur
ngerti baline lan ngerti manggone iyo kaweruh kang kaya mangkono iku
sing kudu den goleke lan ya iku kang den karepake dawuhe kanjeng nabi
Muhammad SAW. Thalabul ilmi fariidlatun ‘ala kulli muslimin wa muslimat.
Dadi golek ana kang den arani
muslim lan kang den arani muslimat yen durung temu muslim karo muslimat
ojo leren-leren, dadi kowe kabeh iku ferdlu banget olehmu goleke muslim
lan muslimat sing kasi ketemu lan sing kasi weruh nyata ojo trima mung
kabare bloko. Wallahu a’lam.
Bab. Kaping Pitulas: Nyerita’ake Asal–Asale Sekabehane Roh
Utawi bab kang kaping pitulas iku
nyerita’ake asal-asale sekabehane ro iku pada kaweruhana. Sak temene
asal-asale roh iku ora liya iyo ugo songko Allah lan muhammad, tegese
songko Ha’e lafad Allah lan songko Mime lafad muhammad.
Roh Qudus ratune Roh Roh Rabbani
Roh Rahmani
Wakile ratu
Roh Sirri
Roh Nurani
Roh Sirmani
Roh Jasmani Puser Roh Ruhani
Dene roh Jasmani iku arane nyawa
kang dadi perdana mentri, tegese kang nguwasa ni ngatur negara. Tegese
yaiku ngatur pekerjaan kang den kerjani kabeh propensi, tegese kerjaane
gubernur propensi ngendi wae iku mesti tunggu komando songko perdana
mentri yaiku roh Jasmani arane. Tegese boh gubernur kang tugas ana
propensi mata, buh gubernur kang tugasana propensi kuping, boh gubernur
kang tugas ana propensi cangkem sak piturute iku kabeh tunggu instruksi
songko perdana mentri kang den arani roh jasmani, ya roh jasmani iku
kang bisa nyukupi kebutuhane nafsu aluwamah.
Dene manggone nafsu aluwamah iku
ana waduk, plawangane ana cangkem, rupane abang, gawene ngucapake olo
lan becik. Mulo ngertiyo yen roh jasmani iku lanange, nafsu aluwamah iku
wadone.
Dene nafsu Jasmani iku kang bisa
nyukulake pangrasa lan roh jasmani iku kena den arani uripe sekabehane
awak. Mulo den sebutake dadi perdana mentri sebab roh jasmani iku
mrintah mentri luwar negri lan mentri dalam negri.
Dene sebute roh Jasmani iku
لاَاِلٰهَ yaiku nuduhake yen roh jasmani iku bisa hubung- an langsung
menyang roh Qudus lan roh Rohmani. Dene roh rohmani iku kang dadi mentri
dalam negri yaiku nguwasani ngatur apa wae sak jerone negara, tegese
olo becike negara lan ngatur abang ijone negara, tegese negara bisa dadi
subur utawa hancur iku tanggung jawabe roh rahmani, dadi roh rahmani
iku lanange, dene nafsu amarah iku wadone.
Dene roh rahmani iku manggone ana
Ati Jinem mlebu metune ana irung, tegese pelawangane ana ing irung.
Dene nafsu Amarah iku manggon ana balung, palawangane ugo ana irung.
Dene roh rahmani iku sebute
اِلاَّ اللهُ yaiku nuduhake yen roh rahmani iku bisa hubungan marang roh
Sirri lan roh Rahmani. Dene roh Rahmani iku kena den arani kurungan
wadak lan kena den arani manuso majazi yaiku kang bisa nyukulake
pangambu.
Dene roh Rabbani iku dadi mentri
luar negri yaiku kang nguasani masuk keluare apa wae tegese kang metu
songko dalam negri menyang luar negri ya dadi tanggungane roh Rahmani
lan kang masuk songko luar negri menyang dalam negri iku ugo dadi
tanggungane roh Robbani lan cukup kurange dalam negri lan sibuk matine
dalam negri lan luar negri iku ugo dadi tanggung-jawabe roh Rabbani.
Dene roh Rabbani iku lanange, dene nafsu Sufiyah iku wadone.
Dene roh Rabbani iku manggone ana
Ati Puad pelawangane ana kuping.Dene nafsu sufiyah iku manggone ana Ati
Jantung, pelawangane ugo ana Jantung.
Dene roh Rabbani iku sebute الله
الله الله yaiku nuduhake yen roh rabbani iku bisa hubungan menyang
sekabehaane roh yaiku manuk majazi arane, yaiku kang bisa nyukulake
pangrungu lan pangrasa.
Dene roh Qudus iku dadi
presidene, tegese yaiku kang nguasani sekabehane roh lan kang ngratoni
sekabehane roh. Dene roh qudus iku asale songko Ha’e lafad Allah unine
Hu (هُوْ) sebute ugo Hu (هُوْ ) yaiku kang den arani manuk Hakekate lan
kena den arani Sejatine Urip lan sejatine manusa lan sejatine Allah.
Dene roh Qudus iku den arani lanang sejati. Dene wadone iku den arani
nafsu Muthmainah, yaiku manggone ana Utek kang den arani Baitul Makmur.
Dene roh Sirri iku mentri agama,
tegese yaiku kang nguasani hukum lan sekabeha ne roh iku lamun arep
hubungan menyang ngendi wae musti liwat marang roh sirri iku kang duweni
haq mutus alo lan becik.
Dene roh Nurani iku kang dadi
mentri pendidikan ya roh nurani iku kang tanggung jawab masalah
pendidikan lan pangertiyan apa wae kangge dalam negri iku kabeh dadi
tanggung jawabe roh nurani.
Dene roh Sirmani iku dadi mentri
delegasi. tegese kang tanggung jawab masalah apa wae lan hubungan marang
negara ngendi wae iku ugo dadi tanggung jawabe roh sirmani.
Dene roh Rohani kang dadi mentri
pertahanan. dene penggawehane iku ngurusi masuk keluare musuh dalam
negri lan luar negri iku mau ugo dadi tanggung jawabe mentri pertahanan
yaiku roh rohani. Mula banjur kaweruhana lan ngertiyo yen sak temene
kang den arani manusa iku dhahir lan bathin, tegese batin iku
Allah-dhahir iku Muhammad. Dadi urip iku Allah-rogo iku Muhammad.
Jalaran urip iku songko Nurullah yaiku Qadim ya batin ya ghaib. Dene
raga iku asal songko Nur Muhammad yaiku Muhdas arane, tegese yaiku anyar
lan kena den arani Dhahir.
Dadi manuso iku iku yen wis
ngerti dhahir lan wis ngerti batin bayur den arani ngerti sejatine
awake, yen wis ngerti sejatine awake banjur ngerti sejatine Allah.
Dadi bisa cocok karo dawuhe
Allah, katerangan ana kitab suci Al-Qur’an : “ Man ‘arofa nafsahu faqad
rabbahu wa man jahila nafsahu faqad jahila rabbahu wa man jahila rabbahu
faqad kafara ”.
Artine: Sapa wae kang bisa
ngerteni ing sejatine awak dewene si wong maka temen mangertine sapa
wong ing sejatine Pengerane lan sapa wonge kang bodo ing sejatine dewene
siwong maka temen bodo sapa wong ing sejatine Pengerane lan sing sapa
wonge kang bodo ing sejatine pengerane siwong maka temen kenur sapa
wong. Wallaahu a’lam.
Bab. Kaping Wolulas: Nerangake Puji
Utawi bab kang kaping wolulas iku
iku martela’ake Puji. Dene puji iku siji ulama’ puji iku ana telung
macem. siji ulama’ ana kang ngarani puji iku ana patang macem.
Dene ulama’ kang ngarani puji iku telung macem, kang ;
1. siji iku den arani Puji Jisem yaiku pangucap لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ gone ana Cangkem.
2. Loro Puji Nyawa yaiku ngrentek الله الله gone ana Ati Sirri.
3. Puji Rasa yaiku ngrentek هُوْ
هُوْ هُوْ sarto eling lan angen-angen sejatine urip tung gal wujud
tunggal rasa tunggal, tunggal dadi suwiji.
Mulo mengko jalaran jisim iku ngibarat kaca, roh iku ngibarat wayangan, Allah iku ngibarat kang ngilo.
Mulo iman iku wajib ngumpule
jisim roh Allah, yen ora kumpul diarani Iman. Dadi kang aran iman iku
kumpule kaca, wayangan lan kang ngilo yaiku kumpul dadi suwiji. Dadi ora
ana kaca, ora ana wayangan, kajobo kang ngilo.
Dene wayangan wayangan lan kang
ngilo iku ora pisah lan ora kena kumpul, tegese ora kumpul mungguh arahe
tapi wayangan iku ora kucap obah mulahe sing nyata.
Dene sejatine obah mulahe
wayangan iku obah mulahe kang ngilo. Dadi saktemene raga lan roh iku ora
ana kang obah kajobo mung obahe Allah. Kaya ler upama wadah utawa
jambangan kang ana ora-ora kang isi banyu nalika waktu panas, kabeh
jambangan iku mau yen den tingali mesti ana ayang-ayange tapi yen
jambangan iku mau pejah ayang-ayangeserngenge iku mau mesti bali menyang
serngenge.
Mula terang yen wujud kita iku saktemene wujude Allah, rupa kita rupane Allah, aran kita arane Allah, gawe kita gawene Allah.
Mula aran sejatine hak iku maujudake Allah, maujudake Muhammad, Muhammad iku mujudake adam, adam iku maujudake manusa kabeh.
Dadi cocok karo anane dzat,
sifat, asma, lan af’al. Allah iku dzat Muhammad iku sifat adam iku asma
manusa kabeh iku af’al, lan kena den arani dzat nglaherake sifat, sifat
nglaherake asma, asma nglaherake af’al. TAMMAT
Bab.Kaping Songolas: Nyerita’ake Carane Ngamalake Nyebut kalimat لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ
Dene carane ngamalake nyebut kalimat لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ miturut wong kang ahli ma’rifat iku;
1. Kudu mangerteni sejatine awak dewene, dadi bisa nyata yen wus weruh sejatine
Pengerane.
2. Kudu weruh gone pertapan.
3. Kudu weruh gone kubur jati.
4. Kudu weruh sejatine urip.
5. Kudu weruh sejatine pati.
6. Kudu weruh bakale urip.
7. Kudu weruh manggone urip.
8. Kudu weruh dadine urip.
9. Kudu weruh tekane urip.
10. Kudu weruh lungane urip.
11. Kudu weruh jenenge urip.
12. Kudu weruh kumpule urip.
Ad.1) Dene aran awake iku
sejatine nur muhammad iku nur muhammad isih sinempen ingdalem nurullah
kena den arani sifat isih sinimpen ingdalem Dzat kena den arani awak
isih sinimpen ingdalem wiji, dadi babar pisan durung tukul lan durung
ketingal kang aran jasat Jati yaiku manggone isih ana Dzatullah.
Dzatullah isih gaib yaiku kang den arani sejatine Pengeran.
Jalaran sejatine awake sejatine
awak-e lan sejatine Pengeran iku tunggal, ya tunggal wujud-tunggal
rupa-tunggal aran-tunggal gawe, mulo Allah dawuh “Man ‘arofa nafsahu
faqad ‘arofa rabbahu wa man jahila nafsahu faqad jahila rabbahu wa man
jahila rabbahu faqad kafaro.
Ad.2) Dene panggonane pertapan
iku panggone ana Nur Jati, Nur jati iku gone amung karo pengeran jati.
Dadi topo iku yen ora manggon ana kono ya durung topo lan durung jeneng
topo.
Ad.3) Dene kang den goni kubur
jati iku ana alam antara, yaiku donya ya dudu akherat ya dudu, tegese
dudu dunya dudu akherat, dudu bumi dudu langit, dudu lor dudu kidul,
dudu wetan dudu kulon, dudu ngisor dudu duwur. Yen arep weruh gone kubur
jati iku golekana ana antarane Dzatullah lan Wujudullah.
Dene sejatine iku Roh Qudus utawa den arani Ruhullah lan yaiku kang den arani Roh Suci lan kang den arani uripe Allah.
Ad.4) Dene kang den arani Urip
Jati iku roh Qudus lan Ruhullah nalika isih gaib asih sinimpen ingdalem
Nur Jati, Nur Jati isih sinimpen ingdalem jerone Banyu Urip Alif.
Yen siro arep weruh sejatine urip
golek-ana gone Roh Qudus lan Rohullah, yen arep weruh Urip Jati gone
ana segorone urip yaiku gone ana Telenge Banyu Nur Alif arane.
Ad.5) Dene Sejatine Pati iku adam
patang perkara. Dene yen arep weruh utawa kepetuk sejatine pati
golek-ana menyang gone adam patang perkara, yen arep weruh adam petang
perkara tako’no pangarip fa’ arif ujare fa’ arif adam petang perkara iku
wis bali menyang panggonane, panggonane ana alam antoro, alam antoro
iku gone ana antarane Dzatullah lan Wujudullah.
Ad.6) Dene Bakale Urip iku Alif T elung Perkara yaiku ;
i) Alif Dzatul Wahid
ii) ii) Alif Huruuful Wahid
iii) iii) Alif Mutakallim Wahid.
Ad.7) Dene manggone bakale urip iku ana gone Pengeran Jati, Pengeran Jati ana Nur Jati, NurJati gone ana alam ahadiyat.
Ad.8) Dene dadine Urip iku kumpule Sukma lan nyawa lan Roh.
Ad.9) Dene tekane urip iku sakwuse kumpul Dzat, Sifat, Asma, Af’al kumpul dadi suwiji.
Ad.10) Dene lungane urip iku
naliko perpisahan jasad lan urip, banjur jasad bali menyang anasir jasad
urip bali menyang anasir haq yaiku Nur Jati arane.
Ad.11) Dene jenenge urip iku kanjeng sinuwun pengeran jati.
Ad.12) Dene kumpule urip tegese
wungkule urip iku Allah bloko, yaiku kang dadi syarate ngamalake moco
lafat لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ kang bener-bener. Allahu a’lam.
Bab.Kaping Rongpuluh: Nyerita’ake Ilmu Kang Wajib Diweruhi
Utawi bab kang kaping rongpuluh
iku nyerita’ake ilmu kang wajib den weruhi sekabehane ummat Muhammad.
Dene ilmu kang wajib den weruhi iku ana pat 14 macem:
1. Ilmu Syahadat 8. Ilmu Ma’rifat Tauhid
2. Ilmu Iman 9. Ilmu Ma’rifatul Ma’rifat
3. Ilmu Tauhid 10. Ilmu Ma’rifatul Jinabah
4. Ilmu Ma’rifat 11. Ilmu Ma’rifatush Shalat
5. Ilmu Roh Jinabat 12. Ilmu Ma’rifatus Sakarah
6. Ilmu Shalat 13. Ilmu Sakaratil Maut / Pati
7. Ilmu sekarat
Dene ilmu Ma’rifatusy Syahadat
iku mangerteni sejatine awak dewe’ne, tegese mangerteni bakale sampek
dadine sampek gawene yaiku mangerteni Ahadiyat Wahdat Wahidiyat lan
yaiku mangerteni Dzat S ifat Asma Af’al.
Dene ilmu Iman iku ngerti wungkule sampek mecahe sampek wungkul maneh.
Dene ilmu Tauhid iku ngerti
nyawijine Jasad Roh Rasa Allah, tegese ngerti kumpule Jasad Ati Roh Rasa
Allah kumpul dadi suwiji kari siji.
Dene Ilmu Ma’rifat iku ma’rifate
asal mulane roh lan jasad lan ngerti gawene lan ngerti dadine lan ngerti
papane lan ngerti mapane lan ngerti panggonane lan ngerti manggone lan
ngerti tekane lan ngerti baline lan ngerti dununge.
Dene Ilmu Roh Jinabat iku ngerti
kumpule Roh lan Jasad, tegese kumpule Nurullah lan Nur Muhammad lan kena
den arani kumpule Jalal lan Jamal sucine roh.
Dene Ilmu Shalat iku ngerti
kumpule kawulo lan gusti lan kena den arani kumpule Jasad Ati Roh Rasa
Allah, ilang jasad ati roh rasa kari Allah. lan kena den arani kumpule
Ahadiyad Wahdat Wahidiyat, ilang Wahdat Wahidiyat kari Ahadiyat. Lan
kena den arani kumpule Dzat Sifat Asma Af’al ilang af’al asma sifat lari
Dzat bloko.
Dene Ilmu Sekarat iku ngerti cepote sekabehane barang kahanan utawa ilange barang kahanan lan laline barang kang kahanan.
Dene Ilmu Ma’rifat Iman iku mangerteni yen sekabehane jasad lan gaoto lan sekabehane rasa lan urip iku kagungane Allah Ta’ala.
Dene Ilmu Ma’rifat Tauhid iku
ngerteni yen yen kabeh alam sak isine pisan iku ora ana mungguh hakekate
kajobo mung Allah Ta’ala dewe kang ana.
Dene Ilmu Ma’rifatul Ma’rifat iku
ngerteni yen ora ana kang ngerteni lan ora ngerti lan ora ana ngerti
kajobo mung Allah Ta’ala dewe kang ngerteni.
Dene Ilmu Ma’rifat Jinabah iku
ngerti yen dumadine kabeh alam sak isine iku songko patemune jinabah
jalal lan jinabah jamal lan ngerti kasuciane Allah lan sucine roh.
Dene Ilmu Ma’rifat Shalat iku
ngerti kumpule kawula lan gusti lan ngerti aran kawula lan ngerti aran
gusti lan ngerti sejatine kang Qadim lan ngerti sejatine kang anyar.
Dene Ilmu Ma’rifat sekarat iku
ngerti yen sekabehane alam sak isine iku adam, tegese amung Allah kang
wujud tunggal, kabeh alam sekutu ing Allah.
Dene Ilmu Ma’rifat Pati iku
ngerti yen sekabehane alam sak isine iku mati mungguh sejatine, amung
Allah Ta’ala dewe kang Urip. Allaahu a’lam.
Bab.Kaping Selikur : Nyerita’ake Kang Jeneng Shalat Lan Sampurnane Shalat Lan Nyerita’ake kang Jeneng Manusa Sampurna
Utawi bab kang kaping selikur iku
nyerita’ake kang jeneng shalat lan sampurnane shalat lan nyarita’ake
kang jeneng manusa lan sampurnane manusa lan penggawehane manusa lan
nyerita’ake pangertian ikhtiqade para nabi lan para waliyullah kabeh.
Dene kang jeneng shalat iku
ngadeke ngerti jumenenge Allah. Ucape ngerti lan eling kalamullah.
Ruku’e ngerti lan eling kagungane Allah. I’tidale ngerti lan eling
nikmat kanugerahane Allah. sujude ngerti lan eling sucine Allah.
lungguhe ngerti lan eling kelanggengane Allah sejati. Salame ngerti lan
eling asihe Allah lan rahmate Allah.
Dene sampurnane shalat iku banget
pasrahe marang Allah lan waspada tingale jerone shalat nyata datan
samar tegese sak badan sak nyawa sak dhahir sak bathin ora ana kang
katinggalan kabeh wus pinasrahake ing Allah wujude sifate Allah yaiku
anane dewe ora ana liyo-liyo maneh ingsun kang sifat tunggal, Qadim
Baqa’ yaiku ananingsun dewe iku kaweruhana maneh dalil kitab Qudrat
Ma’rifatullah mangkene; Wa kullu maktuubatin huwa “ainun ta’ayyinun
naas. Artine sak temene kabeh kangsun tulis iku nyatane kahanane manusa
yaiku anane Allah Ta’ala maka Allah dawuh; Wa’tashimuu bima an’amallaahu
‘alaikum. Artine pada ngreksaha sira kabeh ing barang-barang kang wus
paring nikmat sapa Allah.tumerap sira kabeh yaiku aran nafas. Tegese
kang den karepake ngareksa nafas iku kudu ngerti lan eling yen sejatine
raga lan urip iku kagungane Allah dewe lan eling yen anane manusa iku
anane Allah.
Allah Ta’ala wus dawuh maneh
Wa’tashimuu bihablillahi walaa tafarraquu artine sira kabeh kagungane
Allah lan wus den dawuhi dening gusti Allah supaya sira kabeh pada
ngreksa ing taline Allah.
Dene kang den arani taline Allah iku ; 1. Nafas, 2. Tanafas, 3. Anfas, 4. Nufus.
Ad 1. Dene nafas iku taline Jisim,
Ad 2. Dene tanafas iku taline Ati,
Ad 3. Dene anfas iku taline Roh.
Ad 4. Dene nufus iku taline rasa.
Dene kang aran nafas iku angin
kang metu. Dene kang aran tanafas iku angin kang mlubu. Dene kang aran
anfas iku angin kang tetep ana roh. Dene kang aran nufus iku nyerambahi
ing sarira kabeh.
Dene manggone Nafas iku ana
puser, dene nafas iku kang nguasani sekabehane Jisim, sifate Qahar,
pujine yaiku لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ .
Dene Anfas iku manggone ana jantung, dene anfas iku penggawehane kang nguasani ati jalal, pujine اِلاَّ اللهُ اِلاَّ اللهُ .
Dene Tanafas iku manggone ana sirah, dene tanafas iku penggawehane kang nguasani roh, sifate Jamal, pujine اللهُ اللهُ اللهُ .
Dene Nufus iku manggone ana
Baitul Makmur yaiku kang den arani Banyu Urip lan kena den arani
Sejatine Urip lan kena den arani Urip Sejati. Dene penggawehane iku kang
nguasani Rasa, sifate Kamal, dene pujine iku هُوْ هُوْ هُوْ yaiku kang
den arani Sejatine manusa. Dene wujude iku kaya jasat lan yaiku nyatane
jasad kang tan kena rusak.
Laa yaiku kang den arani sejatine
manusa ya sejatine Allah ya sejatine urip kang den arani hakekate
Ka’batullah lan yaiku nyatane anane masjid samar.
Banjur kaweruhane Ilmu iku kang
dadi i’tiqade para nabi lan para waliyyullah ingkang nyata sejatine
sampurna. Tegese sampurnane Ilmu iku ngerti Iman Tauhid kang langgeng
tanpa owah selawase.
Dene sejatine Iman iku wus bisa
nyat anane rosullah sejati ajo samar-samar, tegese ajo pisan-pisan
mamang anane lan ngerti sejatine Tauhid.
Dene sejatine Tauhid iku anane
Azaalullah sejati, tegese yaiku ngerti sejatine kang nyata tur kang
langgeng yaiku Allah blaka, tegese mung Allah dewe, lan ngertisejatine
Ma’rifat.
Dene sejatine Ma’rifat iku ngerti
anane af’al ilang wus nyata langgeng tanpa kena owah tanpa kena rusak
yaiku anane wus nyata tunggal tanpa pisah-pisah yaiku anane gusti sejati
lan kawula sejati yaiku kumpule jasad sejati marang urip sejati, yaiku
kang den arani sampurnane kaweruh yaiku sak badan sak nyawa sak rasa wus
rasa tunggal, tunggal dadi suwiji tanpa beda tanpa pisah yaiku kang
aran sejatine Ma’rifat lan ngerti Syareat.
Dene kang aran Syareat iku
pangucap lesan lan sekabehane penggawene gaoto kang kena den tingali
kelawan mata kang den perintahake dening gustiAllah kang den lakoake
dening rasullah lan ngerti Thariqah.
Dene kang aran Thareqah iku
mangerteni kabeh kang kena den rungu kelawan kuping lan mangerteni
sekabehane roh lan manggoni roh lan penggawehane roh lan dununge roh,
lan mangerteni Hakekat.
Dene kang aran Hakekat iku ngerti
anane paningal tegese ngerti asale paningal lan ngerti asale, mulane
apa wae lan ngerti sejatine apa wae lan ngerti baline apa wae lan ngerti
wungkule apa wae, lan ngerti anane ma’rifat tegese ngerti kang aran
Ma’rifat.
Dene kang aran Ma’rifat iku
ngerti asal mulane pangambu kerana lan ngerti ghaib lan ngerti anane
badan alus kang ana sak jerone badan wadak lan ngerteni manggone lan
ngerti gawene lan ngerti dununge lan ngerti wungkule, lan ngerti arane
Syahadat Tunggal yaiku ngerti asal bulane kawula lan gusti lan
beda-bedane kawula lan gusti lan tunggale kawula lan gusti tunggal dadi
suwiji ilang kawula kari gusti yen manggone nyata sampurnane pati lan
sampurnane sekarat mula aran sampurna iku wus nyata kumpul wungkul lan
ngerti pujine roh.
Dene pujine roh iku يَاهُوْ
يَاهَوْ yaiku antarane mlebu metune ambekan. Dene mlebu metune ambekan
iku Allah lan ngerti kang den arani cekik. Dene kang den arani cekik iku
usik musik mung meneng dhahir batin wus ora rumangso darbeni yaiku
tangise sukma. Nalika nafas blebu pujine يَاهُوْ nalika nafas metu
pujine يَااَللهُ اِلاَّاللهْ lan kudu ngerti aran Syahadat Sukma Mulya.
Dene kang aran Syahadat Sukma
Mulya iku ambekaku lumaku ana syahadat mustika yaiku eling lan ngerti
sak temene sarining urip iku Sifatullah Dzatullah sarta eling patine
sukma mulya sirna urip.
Dene Raga iku sirnatan sirna apan aku wus weruh ajal sejatine manusa lan ngerti kang den temu sak jerone segoro.
Dene kang den temu sak jerone
segoro iku aran wadi, sababe den arani wadi iku dudu geni dudu banyu,
sejatine iku wedang tegese dudu kaca dudu wayangan dudu raga dudu urip
Roh Rohmani arane, lamun ora mangkono ya ora kena den arani Wadi.
Yen kasi anut wayangan iku aran
Nafi Majazi yaiku kang aran nrambahi badan kabeh, dadi kena den arani
durung sekarat mati maneh matiyo.
Lamun anut kaca iu arane Roh
Indlofi, dene yen wis bisa sirna wayangan lan kaca, tegese wus dudu
wayangan lan dudu kaca yaiku wedang banjur wujud Indlofi arane , sababe
wus serna aran Nafi jazi, tegese wus ora katon loro-kari siji, yaiku
kari wujude ngilo bloko.
Lamun kang ngilo iku koyo
wayangan ya koyo. lamun kang ilang ngilo iku obah lan meneng wayangan ya
obah lan meneng. lamun ngilo iku nangiswayangan ya ugo nangis sak
piturute, yaiku kang den arani ngata tunggal, ilang kawula kari gusti
lan ya nyata kari wujude Haq krana Allah iku Nafi Azali yaiku Baqa’
arane.Yen kaya mangkono iku kena den arani yen tandane Allah iku bathin.
Dene Dzatullah, tegese wujude Allah iku nalika isih dhahir wujude Nur
yaiku den arani Nur wilayah.
Dene isine Nur Wilayah iku ilmu 4 perkara, yaiku;
1. Den arani ilmu Ghaibul Ghuyub
2. Den arani ilmu Ghaibul Ghawiyah
3. Den arani ilmu Nukad Ghaib
4. Den arani ilmu Laata’yun.
*Mulane di arani Ilmu Ghaibul Ghuyub iku jalaran Dzat lan Sifat isih nyata tunggal
*Mulane di arani Ilmu Ghaibul Ghawiyah iku isih nyata wujud Johar awal.
*Mulane di arani Ilmu Nukad Ghaib iku yaiku nyata kang nyata’ake wujude Allah.
*Mulane di arani Ilmu Laata’yun jalaran iku anane roh.
Dene kang Wujud iku kang duweni sifat 4 yaiku;1.Wujud 2.Ilmu 3.Nur 4.Syuhud
Ø Tegese wujud iku dzat
Ø Tegese ilmu iku sifat
Ø Tegese nur iku asma
Ø Tegese syuhud iku af’al. Yaiku kang aran sejatine Muhammad.
Dene sejatine Allah iku ana 3; 1. Roh 2. Akal 3. Qalam
Ø Dene roh iku Ahadiyat.
Ø Dene akal iku Wahdat.
Ø Dene qalam iku Wahidioyat aran.
Dene Ahadiyat iku kalimat anduweni huruf 5, yaiku ;
1. Huruf Alip ( أ )
2. Huruf Ha’ ( ح )
3. Huruf Dal ( د )
4. Huruf Ya’ ( ي )
5. Huruf Ta’ ( ت )
Mula Ahadiyat iku ana 5 macem ;
1) Den arani Ahadiyat Uluhiyah.
2) Den arani Ahadiyat Syarifah.
3) Den arani Ahadiyat Dzurriyah.
4) Den arani Ahadiyat Katsratiyah.
5) Den arani Ahadiyat Jam’iyah.
Ya Ahadiyat iku Allah isih ghaib
lan yaiku kena den arani Allah isih durung dhahir lan kena den arani
isih wang-wang wung-wung lan kena den arani isih Laata’yun, tegese Allah
nalika isih durung kersa nyata’ake wujude Allah kabeh alam durung ana
sing ana isih adam patang perkara.
Dene kang den arani Adam patang perkara, iku ;
1) Sifat Ruhullah,
2) Sifat Nurullah,
3) Sifat Sirrullah,
4) Sifat Kalamullah.
5) Yaiku kang den arani Adam sing
ana lan sing nyata mung sifate Allah bloko. Yaiku mula den arani sifat
Nurullah jalaran roh suci dewe, tegese urip tanpa nyawa. Mula den arani
sifat Nurullah jalaran anane Allah iku padang. mula den arani sifat
Sirrullah jalaran Allah kersa durung ngendika.
Mula den arani sifat Kalamullah,
jalaran Allah ngendika tanpa lesan. Mula yen sira temen-temen wus weruh
lan ngerti kang kena mangkono iku ya iku ilmu Adam patang perkara nyata
kaweruh ira wus pada karo kaweruhe para nabi lan para wiliyyullah.
Sabdane kanjeng nabi rasullah yen
sira temen-temen wus weruh lan ngerti iku mau nyata ana ngendikan ana
sira iku sak benere manggon ana Baitul Qaddas, tegese nyata suwiji Allah
bloko, nyata wujude Allah ketingal jembar sertane terang suwiji kena
den arani ning bening dhahir terus ing bathin. Tegese ingkang suci iku
rohe ingkang padang terang iku Nure. Ing jembare iku ngakali ingkang
ning iku kalame.
Dene paningale iku luweh nyata
bener-bener tetep kena paningale para nabi lan para waliyyullah, dadi
yen ora bisa nyata paningale kanti bener – bener iku dadi kafir. Sabab
kaweruhe iku durung bisa nyata.
Dene kang aran ilmu iku
Dzatullah. dene kang arah ilmu iku Sifatullah iku tan kuwasa aningali.
Dene ingkang kuwasa aningali iku mung Allah dewe kang den tingali iku ya
Allah dewe. Ya anane Allah iku nyata Qadim Ajali Abadi. Mulane aran
Qadim iku anane Allah dengen tanpa ana kang dingeni lan anane Allah iku
jumeneng tanpa ana kang jumenengake. Mulane aran Azali iku Allah gawe
tanpa tulodo.
Mulane aran Abadi iku Allah Akhir, tegese keri tanpa ana ingkang ngareni tanpa wekasan.
Dene aran ilmu Qadim Azali iku
tegese ilmu iku ma’dum ilaihi tegese wujud tapi ora kena den tingali
kelawan mata mungguh hakekate.
Dene aran Qadim iku kena den
arani A’yan Sabuyan, tegese yae sira arep weruh sejatine Allah kanti
nyata iku kudu kelawan ngelmune Allah Ta’ala. Wallahu A’lam.
Bab.Kaping Rolikur :
Nyerita’ake Azali Ma’lum lan Nyerita’ake Dawuhe Allah Marang Nur Muhammad . . . . .
Utawi bab kang kaping rolikur iku
nyerita’ake azali ma’lum lan nyerita’ake dawuhe Allah marang nur
Muhammad nalika isih ana alam wahdat lan nyerita’ake kumpule shalat
limang waktu kang wajib den lakoni kabeh umat Muhammad kelawan langgeng
tanpa kena leren babar pisan iku kabeh pada retinono pomo-pomo ojo kasi
ora ngerti lan lakonono ojo kasi ora den lakoni lamun ora ngerti dadi
kafir, lamun lamun ora den lakoni dadi sasar.
Tegese kang aran Azali iku asale
kalika Allah isih ghaib lan asal mulane kabeh kang dumadi lan asal
mulane sekabehane roh lan urip.
Tegese kang aran Ma’lum iku asal mulane sekabehane barang-barang kang dumadi kang kena den tingali kelawan mata.
Dene asal asale nalika Allah isih
ghaib yaiku isih Dzat Jati arane, tegese isih Allah bloko, isih dzat
babar pisan durung ana sifat, dadi durung ana ma’lum lan ma’lumat.
Tegese durumg M’lumat iku kena
den arani sing ana mung Alif (أ ) ora ana apa-apa babar pisan yaiku kang
den arani Alif (أ ) Jati utawa den arani Dzat Jati yaiku Allah bloko.
Banjur ana ma’lum yaiku Nur jati
arane, dadi lahire nur jati iku songka Dzat Jati yaiku songka Alif. Nur
Jati den arani lanang jati Sakwuse mangkono banjur Alif (أ ) Jati, iku
mau nglaherake maneh Sifat Jati, sifat jati den arani Nur Muhammad lan
den arani wadon sejati.
Sakwuse mangkono banjur Alif Jati
ngumpulake nur jati lan Sifat jati kang den arani NurMuhammad, Olehe
ngumpul kasi ora kena den beda’ake, banjur ketingal nyata wujud aksara
pitu (7).
Dene rupane aksara pitu (7) mau;
1. Aksara Alif ( أ )
2. Aksara Nun ( ن )
3. Aksara Lam ( ل )
4. Aksara Wawu ( و )
5. Aksara Dal ( د )
6. Aksara Sin ( س )
7. Aksara Ba’ ( ب )
Banjur aksara pitu iku mau angaranan lanang jati lan wadon jati.
Ø Dene kang den arani lanang jati iku aksara Alif ( أ ).
Ø Dene kang den arani wadon jati iku aksara Nem (6) yaiku :
1. Nun ( ن ) 2. Lam ( ل ) 3. Wawu ( و ) 4. Dal ( د ) 5. Sin ( س ) 6. Ba’( ب )
Banjur aksara nem(6) kang den arani wadon jati iku mau banjur nglaherake alam kabeh sak isine pisan.
Dene aksara Alif (أ) kang den
arani lanang jati iku mau kang dadi uripe alam kabeh sak isine. Mula
banjur den arani yen raga iku songko ibu. Yen urip iku sangko bapak
jalaran yen urip iku songko Nurullah kang den arani nur jati kan den
arani lanang jati lan kang den arani sejatine urip.
Dene raga iku songko aksara nem, raga apa wae.
Dene manusa iku sirahe aksara songko Jim( ج ).
Dene dadine iku songko aksara Nun ( ن ).
Dene lambene iku songko aksara Lam ( ل ).
Dene bahune iku songko aksara Wawu ( و )
Dene wetenge iku songko aksara Sin ( س ).
Dene sikile iku songko aksara Ba’ ( ب ).
Dene aksara pitu iku bisa dadi jagat sak isine yaiku:
1. Alif ( أ ) ngeto’ake banyu tumetes dadi segoro,
2. Ba’ ( ب ) ngeto’ake banyu tumetes dadi mego,
3. Jim( ج ) ngeto’ake banyu tumetes dadi bengawan,
4. Nun ( ن ) ngeto’ake banyu tumetes dadi gunung,
5. Lam ( ل ) ngeto’ake banyu tumetes dadi langet,
6. Sin ( س ) ngeto’ake banyu dadi tumetes dadi bumi,
7. Wawu ( و ) ngeto’ake banyu tumetes dadi iwak.
Mula mangertiyo sak temene kabeh
alam, awit alam arwah sampek alam akherat sak isine pisan iku ora liyo
mung dumadi songko aksara pitu(7) iku mau.
Dene dawuhe Allah Ta’ala marang
nur Muhammad nalika isih ana alam wahdat iku mangkene: Hai kekasih
Ingsunnur Muhammad, sira agawehe ing dadine manusa sak jerone dadaiku
kang ana kiblate sak jerone kiblat iku ingkang ana kedong, la gedong iku
mau kang ana lawange, lawang iku mau kang bisa mengo lan bisa minep.
Dene sak jerone kedong iku ana
isine,isine suwiji-wiji sak jerone wiji, wiji iku mau ana rasa kang den
arani rasa sejati-sejatine rasa kang aran Sirrullah, sak jerone
Sirrullah iku mau isinana sastra telung puluh(30), yaiku rupane:
1. Utek 2. Paningal 3. Pangrungu 4. Pangambu 5. Pangucap 6. Pangrasa 7. Sastra Alif.
Sak wuse mangkono banjur Sastra Alif banjur sandingane, yaiku:
Getih 2. Daging 3. Otot 4. Balung
5. Sungsum 6. Jantung 7. Limpa 8. Pusuh 9. Maras 10. Ketek 11. Ilat,
Yaiku kang den arani sifat 20 jalaran iku sing bisa ngunekake lafad
لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ lan sing bisa ngunekake بِسْمِ الله . lan sing
bisa ngunekake آمِينْ .
Dene isine lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ lan بِسْمِ الله lan آمِينْ iku puji sak jerone puji iku isine Allah lan Muhammad.
Dadi yen bisa eling lan ngerti
sejatine Allah lan sejatine Muhammad banjur karo mlebu metune ambekan
kanti langgeng iku den arani Shalat Daim lan yaiku kang den arani
sejatine rasullah.
Dene kang den arani kumpule waktu
kang lima sing ora kena leren babar pisan lan sing ora kena pedot kang
den arani Shalat Daim iku wudlune tetep eling sak temene urip iku uripe
Allah.
Dene ngadeke iku eling yen sak
temene obah usik iku obah usike Allah. dene niate iku eling yen sejatine
Allah iku wujud tunggal rupa tunggal aran tunggal gawe, tunggal urip,
tuggal rasa tunggal.
Dene Tekbire iku M’rifat, tegese eling yen urip iku Allah yen badan iku muhammad.
Dene Rukuke iku Iman, tegese yaiku berimane nyawa ing Allah.
Dene Sujude iku Syahadat, tegese yaiku eling yen ana ningsun iku anane Allah, wujud ingsun ya wujude Allah.
Dene Lungguhe iku Tatsdid, tegese
eling marang sejatine uriplanggeng sing tanpa huruf lan tanpa suara,
sifat 20 kang wus ana kono.
Dene Salame iku eling wujud
wujude Allah, yaiku den arani kumpule wektu kang lima(5) kang den wajib
lakoni umat Muhammad kang ora kena leren babar pisan.
Dene Dzikir kang wajib den lakoni
umat Muhammad iku atine kudu tansah eling kang den puji Allah kang muji
Allah pamujine-pamujine Allah. Kang nyembah Allah, kang den sembah
Allah, panyembahe-panyembahe Allah. Kang den panggeh Allah kang panggeh
Allah pemanggihe-pemanggihe Allah yaiku kang den arani Dzikir.Wallahu
a’lam.
Bab.Kaping Telulikur : Mertela’ake Perinci-Perincine Allah lan Muhammad . . . . .
Utawi bab kang kaping telulikur
iku mertela’ake princi – princine Allah lan Muhammad. Allah iku batine
pengeran lan aran Wujud Mutlak kelawan Idhlaq ,tegese wujud dewe tanpa
ana kang maujudake, urip dewe tanpa ana kang nguripake, jumeneng dewe
tanpa ana kang jumenengake, awal tanpa ana kawitane, akhir tanpa ana
pungkasane yaiku aran Qadim Azali Abadi.
Dene Muhammad iku aran Dza Mutlak
yaiku aran Wujud Sifat tegese wujude sifate pangeran lan kena den arani
dhahirepengeran lan kena den arani nyatane pengeran yaiku aran Insan
Kamil.
Dadi Allah iku maqome Ahadiyat,
Muhammad iku maqome Wahdat Adam iku maqome Wahidiyat, tegese Allah iku
Dzat Muhammad iku Sifat Adam iku Asma Manusa iku Af’al.
Dene kang aran Insanul Kamil
Kamilul Insani iku wus sing ngerti kumpule Jasad, Ati, Roh, Rasa, Allah.
Tegese ngerti yen jasad iku ibarat oma, yen ati iku ibarat kurungan
wadak.
Dene roh iku ibarate kurungan alus, dene rasa iku manusa ajazi, dene Allah iku ibarate manuk hakiki.
Dadi kabeh jasad ati rasa iku mau
ora ana kang bisa obah kajobo obahe Allah, jalaran kabeh iku mau mung
Sifatullah Asma’ullah Af’alullah, dadi ya ora ana bisa ohah yen Dzat ora
obah.
Dene kedade’ane Rosa iku ana papat rupane:1. Wujud 2. Ilmu 3. Nur 4. Syuhud.
Tegese kang den karepake Wujud
iku dzat, tegese kang karepake ilmu iku Sifat, tegese kang den karepake
Nur iku Asma, tegese kang den karepake Syuhud iku Af’ala.
Dadi kedadehane roh iku ora liyo ya songko Dzat, Asma, Af’al.
Dene kang aran ghaib iku alam kaber den panjengake menyang alam shaghir.
Tegese dhahir den panjengake menyang batin.
Dene ilmu ghaib iku pangertiyan
mangerteni ghaib iku rupane lan jalaran yaiku badan wadak panjengake
menyang nafas aluwamah. Nafsu aluamah panjengake menyang nafas. Nafas
den panjengake menyang menyang nafsu amarah. nasfu amarah den panjengake
menyang tanafas. Tanafas den panjengake menyang nafsu shufiyah, nafsu
Supiyah den panjengake menyang anfas. Anfas den panjengake menyang nafsu
muthmainah. Nafsu muthmainah den panjengake menyang nufus. Nufus den
panjengake menyang roh nabat. Roh Nabat den panjengake menyang roh
hewan. Roh hewan den panjengake menyang roh jasmani. Roh jasmani den
panjengake menyang roh rohani. Roh rohani den anjengake menyang roh
sirmani. Roh sirmani den panjengake menyang roh nurani. Roh nurani den
panjengake menyang roh rahmani. Roh rahmani den panjengake menyang roh
sirri. Roh sirri den panjengake menyang roh Indhofi. Roh Indlofi den
panjengake menyang roh qudus. Ya roh qudus iku kena den arani
kanugrahane Allah lan roh kudus iku den arani Nurullah, tegese kena den
arani uripe Allah lan ya roh kudus iku anduweni poncodriyo tegese yaiku
paningal pangambu pangrungu pangrasa pangucap lan roh Kudus iku kena den
arani Sejatine Urip.
Mula yen roh iku pirang-pirang
tapi yen urip iku mung siji, dadi yen roh iku sifat. Yen urip iku Dzat.
Mula yen wis rasa tumggal urip tumggal banjur kena den arani Sifat
manjing menyang Dzat.
Mula yen wis tumeka pangkat kang
koyo mangkono iku banjur kena den arani sak uni-unine dadi puji, sak
polah tingkahe dadi bukti, sak obah usike dadi shalat, sak melek turune
dadi dzikir.
Jalaran wus kumpul urip rasa Allah, yaiku cocok karo dawuhe Allah Ta’ala ; Al insaanu sirriy wa ana sirruhu.
Mula iku pada retenana lan pada elingen sing temanan supaya ben bisa dadi Iman Sampurna.
Dene kang den arani Iman Hakeket
iku tetemone kawula lan gusti lan menunggale kawula lan gusti tunggal
dadi suwiji ler upamane segara loro tanpa tepi, tegese upamane segara
loro tanpa pisah lan tanpa wates, tegese upamane maneh tanggal pisan lan
tanggal purnama yen pisah wujud pirang-pirang yen kumpul tanpa ana
bedane tunggal wujud, tunggal rupa, tunggal aran, tunggal gawe yaiku
mungguhe wong ahli Ma’rifat lan mungguhe wong ahli Hakekat beda karo
wong ahli Syare’at, jalaran yen wong ahli syare’at iku ora bisa kumpul
kawula lan gusti, yaiku kawula tetep kawula, gusti tetep gusti, kawula
sing nyempah, gusti kang den sembah.
Upama rongko tetep rongko, curiko
tetep curiko, raga tetep raga, urip tetep urip, siro ya siro, ingsun ya
ingsun, dadi yen ngono sing weruh matane sing krungu kupinge sing
ngambu irunge sing ngucap cangkeme sing ngising lan sing ngentut silite
sing mlaku sikile, dadi urip ora kangge mung kempas-kempis bloko.
jalaran olehe kena mangkono iku isih wutha. Yen wong ahli Ma’rifat lan
wong ahli Hakekat ora ngono, badan nyawa rasa Allah iku tunggal tegese
sira ya ingsun, ingsun ya ingsun jalaran ningali dawuhe Allah katerangan
ana kitab suci Al-Qur’an mangkene: Al insaanu sirrii wa ana sirruhu.
Wallahu A’lam
Bab.Kaping Pat likur : Nyerita’ake Wilangane Ambekan
Dene wilangane ambekan iku nalika
mlebu metu ingdalem mongso sedino sewengi iku ana 24400 miturut ulama
ahli Arif mirit saking dawuhe kanjeng nabi Muhammad SAW Sing sapa wonge
dzikir tegese eling ing Ahadiyat Wahdat Wahidiyat kanti den barengake
karo mlebu metune ambekan iku luwih utomo banget lan luwih sampurno,
mula sira kabeh pada nglakonana dzikir kang kaya mangkono iku kanti
kaweruh kang sampurno.
Lamun sira kasi ora nglakono dzikir bakal sasar lan bakal sengsara selawase kang ora ana eneke.
Dene wilangane ambekan kang mlebu lan kang metu iku ana 4 macem :
1) Jenenge Napas yaiku mlebu metune ana cangkem rupane ireng lan ijo.
2) Jenenge Tanapas yaiku rupane kuning mlebu metune ana kuping.
3) Jenenge Anpas yaiku mlebu metune ana irung rupane abang
4) Jenenge Nupus yaiku mlebu metune ana mata rupane putih
Ø Dene Napas iku mau penggawehane
mlebu metu tansah eling lan weruh, tegese ngerti kahanane Allah, pujine
لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ .
Ø Dene Tanapas iku mau penggawehane mlebu metu tansah eling sejatine Allah, pujine اللهُ اللهُ اللهُ .
Ø Dene Anpas iku mau penggawehane
tansah eling nalika mlebu metune ambekan marang kaersane Allah Ta’ala,
pujine يَااَللهْ يَامُحَمَّدْ .
Ø Dene Nupus iku mau penggawehane nalika mlebu metu tansah eling Kaluhurane Allah subhanu wa Ta’ala, pujine هُوْ هُوْ هُوْ.
Dene carane yen arep mraktekake
dzikir kanti ngucapake lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ iku nalika
ngucapakeلاَ iku kudu narik pikiran awit saking wudel sampek teko utek
kanti eling Ahadiyat.
Yen nalika ngucapake اِلٰهَ iku
kudu narik pikiran awit sangking utek terus den turunake marang Ati
Sukma utawa marang Ati Jantung kanti eling Wahdah.
Dene yen nalika ngucapake اِلاَّ
اللهُ iku kudu narik pikiran awit saking jantung sampek teka ngusore
susu kiwo kanti eling Wahidiyat.
Dene akehe iku tan planggaran yen
wus tutuk kudu den pungkasi ngucap Muhammadur rosuulullah sarta tarik
pikiran awit saking ati sanubari sampek teko Ati Sukma kanti eling
Wahdat Wahidiyat, olehe eling ana sak jerone Ati Pu,ad.
Dene Ati iku rupane koyo kudup
mlati gone ana Ati Jantung lan yaiku koyo getih tapi dudu getih yaiku
daging suwedah arane yaiku isyarat atine nabi Muhammad SAW.
Kanjeng nabi Muhammad SAW dawuh
maneh, dawuhe mangkene: Wahai ummatku,sira kabeh pada ngaweruhi ilmu
dhahir lan ilmu bathin kang wajib di lakoni sekabehane manusa urip ana
alam donyo, lamun kasi ora weruh lan ora nglakoni bakal nompa bendu
sangka kang maha Mulyo sing ora ana enteke iki rupane;
1. Den arani Ilmu Syare’at
Dene ilmu syare’at iku ngerteni
barang2 kang wajib den lakoni, tegese mangerteni penggawehan kang wajib
den lakoni manusa urip nalika ana alam donyo mungguh dhahir yaiku
penggawehane gaoto lan jasad kang den printahake dening gusti Allah kang
wus den contoni dening rasullah munggphing dhahir kang wajib den lakoni
kabeh manusa tanpa pilih-pilih koyo to nglakoni kabecikan lan cegah
larangan.
2. Den arani Ilmu Bathin
Dene kang aran ilmu bathin iku
mangerteni ma’rifat, tegese yaiku mangerteni penggawehane kang wajib den
lakoni mungguhing manusa ingdalem bathin kang wus den contoni dening
kanjeng nabi Muhammad SAW ing dalem bathin kang wus den printahake
dening gusti Allah, lan mangerteni sejatine Allah kanti nyata kelawan
nganggo kaweruh kang sampurna. Dene metune ma’rifat iku songko panongal.
3. Den arani Ilmu Thorikoh
Dene kang aran ilmu thorikoh iku
metune songko pangambu, tegese kang aran thorikoh iku kudu mangerteni
lakune ambekan lan kudu mangerteni asal dumadine nyawa nalika nyawa isih
sinimpen ing dalem wahdat lan kena den arani ta’ayun tsani, sinempen
ing dalem ta’ayun awal lan kena den arni dhahir, sinempen ing dalem
bathin serta eling kuasane Allah Ta’ala serta den barengake kelawan
mlebu metune ambekan kanti ngeningake cipta serta mandeng puji ing
gerana.
4. Den arani Ilmu Hakekat
Dene kang aran ilmu hakekat iku
mangerteni sejatine Allah nalika isih wujud mutlak kelawan Ithlaq,
tegese mangerteni Allah nalika isih Dzat Jati nganti wujud Nur Jati
nganti wujut Nur Sifat ngani Nur Mutlak, tegese bisa mangerteni hakekate
kawula-gusti lan hakekate gusti, lan ngerti kumpule kawula lan gusti
dadi bisa ngerti asale sampek dadine sampek bali menyang asale maneh
yaiku kang den arani ilmu hakekat, lan kudu mangerteni lakune tanapas.
Dene Tanapas iku angen kang mlebu
metune anakuping, lan mangerteni asal dumadine tanapas serta eiling
Wahidiyat, tegese eling marang Ta’ayun Tsani lan eiling maha agunge
Allah Ta’ala, olehe eling ana sak jerone rasa, tegese ana rasane rasa
serta langgeng eling.
5. Den arani Ilmu Bathin
Dene kang aran ilmu bathin iku
mangerteni campure rasane Allah lan rasa kita lan sak jerone tansah
eling lan angen – angen campure rasane Allah lan rasane kita kanti
langgeng elinge.
6. Den arani Ilmu ghaib
Dene kang aran ilmu ghaib iku
mangerteni samare samar, tegese mangerteni lembute lembut lan jerone
jero kasi ora kena den tingali kelawan mata merga saking gedene lan ora
kena den grayang kelawan gaoto marga wus campur karo gaoto lan ora kena
den bandengake karobarang kang nyata ketingal mata merga luwih nyata
saking olehe nyata kasi wujud tunggal rupa tunggal arn tunggal gawe
tunggal rasa tunggal
Dene ilmu ghaib iku kang bisa
ngaweruhi lan kang bisa ngerteni lan kang bisa ngerjani iku jerone rasa,
tegese rasa ning rasa kerana ilmu ghaib iku den arani Ilmu Rasa
Sejati-Sejtine Rasa yen sira wus bisa nglanggengake kang kaya mangkono
iku mau kena den arani wus tumeka drajat Iman Baqa’.
7. Den arani Ilmu Barzah
Dene ilmu barzah iku kena den
arani mangerteni Ahadiyat Wahdat Wahidiyat, tegese ngerteni asale lan
ngerteni dadine lan ngertene gawene, tegese ngerteni wungkule lan
ngerteni pejahe lan ngerteni wungkule maneh yaiku kang aran ngerti ing
sejatine Allah banjur ngerti ing sejatine kawula lan tetemune kawula lan
gusti lan kumpule kawula lan gusti yaiku kumpule Adam Muhammad Allah
sarta eling Ahadiyat Wahdat Wahidiyat, tegese Ahadiyat iku Laata’yun
tegese durung nyata.
Dene Wahdat iku Ta’ayun Awal,
tegese wiwitan nyata. Dene Wahidiyat iku Ta’ayun Tsani, tegese kumlare
apa-apa yaiku lahire Alam Arwah, Alam Mitsal, Alam Ajsam, Alam Insan
Kamil.
Dene alam arwah iku kumpule wiji,
tegese kumpule nyawa. Dene alam mitsal iku wiji pinisah, tegese nyawa
wus den pisah-pisah. Dene alam ajsan iku wiji pinanjingake jisim, tegese
nyawa wus den panjengake jisim. Dene alam insan kamil iku tegese wus
wujud manusa sampurna.
Dene alip ( أ ) petang perkara iku Asale songko lafad Allah(اَللهُ ) rupane:
1) Alip( أ ) kang asal songko
alip( أ )e lafad Allah (اَللهُ ) yaiku den arani Alif Dzatul Wahid.
Jinabar unine A( اَ ) yaiku nuduhake isyarat anane Allah sifate
maknawiyah.
2) Alip ( أ ) kang asal songko
Lam( ل )e lafad Allah ( اَللهُ ) kang awal iku den arani Alif Huruful
wahid den pes unine U( اُ )yaiku isyarat anane urip sifate Salbiyah.
3) Alip ( أ ) kang asal songko
Lam( ل )e lafad Allah (اَللهُ ) kang akhir iku den arani Alif Mutakallim
Wahid den asroh unine I( اِ ) yaiku isyarat anane Ingsun sifaet
Nafsiyah.
4) Alip ( أ ) kang asal songko
Ha’( ه )e lafat Allah (اَللهُ ) iku den arani Alif Tamshur yaiku dadi
anane mahluk kabeh, tegese anane jasad kabeh lan liya-lyane.
Mula mangertiyo yen urip iku asal
songko A.U.I ( اِ اُ اَ ) tegese songko alip( أ )e lafad Allah (اَللهُ )
kang den arani Alif DzatulWahid.
5) Lan Alip ( أ ) kang asal songko Lam( ل )e lafad Allah (اَللهُ ) kang awal kang den arani Alif Huruful Wahid.
6) Lan Alip( أ ) kang asal songko
Lam( ل )e lafad Allah (اَللهُ ) kang akhir kang den arani Alif
Mutakallim Wahid. Mula urip iku dudu makhluk.
Dene jasad lan kabeh kang dumadi
iku kena den arani makhluk, jalaran jasad lan kabeh kang dumadi mau
dumadi saongko Alif Tamshur, ya Alif Tamshur iku kang asal songko Ha’( ه
)e lafat Allah (اَللهُ ), mula kena den arani yen jasad lan kabeh kang
dumadi iku kawula arane. Dene yen urip iku kena den arani pengeran.
Wallahu A’lam.
Bab.Kaping Selawe : Nyerita’ake Shalat
Utawi bab kang kaping selawe iku
nyerita’ake shalat. Dene shalat iku ngadeke eling urip selawase tegese
urip langgeng, dene urip langgeng iku asal songko Alif Mutakallim Wahid
yaiku den arani sejatining cahya yaiku Nur Jati arane.
Dene shalat iku ruku’e iku eling
angin petang perkara. Dene angin patang perkara iku rupane: 1. Napas 2.
Tanapas 3. Anpas 4. Nupus.
Ya angin patang perkara iku Sirrullah yaiku kena den arani kahanane rasuullah.
Dene shalat iku sujude eling banyu petang perkara. Dene banyu petang perkara iku:
1. Den arani Banyu Nur Mani iku dumadi sirah.
2. Den arani Banyu Nur Maningkem yaiku dumadi dada.
3. Den arani Banyu Nur Madzi yaiku dumadi weteng.
4. Den arani Banyu Nur Wadi yaiku dumadi suku.
Dene Shalat iku lungguhe eling yen asale iku songko bumi. Den kang arani bumi iku asal songko Sejatine roh Rahmani.
Dene Sejatine Banyu iku asal
songko Rasa. Dene Rasa kang sampurna iku kena den arani Sirrullah. Dene
Sejatine Bumi iku Roh Jasmani.
Dene Roh Jasmani iku nerima
katetepan atine wong mukmin kang den arani Baitullah yaiku tanpa kena
pegat, tegese tan kena pegat babar pisan syahadate ing Allah.
Dene sejatine api iku uripe Shadrah. Dene sejatine angin iku uripe napas kabeh.
Dene sejatine banyu uripe pandulu yaiku aran rasa kang sampurna.
Dene sejatine api metu songko ati, cahyane putih, kang den arani Lerkumala yaiku Makbule Iman ira.
Dene sejatine angin iku Iman Shadrah arane cahyane mencorong kaya tanggal purnama, metune songko Ati Dada,
Dene sejatine banyu utawa banyu sejati iku uripe shadrah lan uga den arani Iman Shadrah, manggone ana Ati Puad.
Dene sejatine bumi utawa bumi sejati iku Iman Hidayatullah.
Dene napas iku metu saking irung, cahyane putih yaiku kang bisa nyukulake Pangambu.
Dene tanapas iku medal saking kuping, cahyane kuning yaiku kang bisa nyukulake Pangrungu.
Dene Anpas iku medal saking cangkem, cahyane Abang yaiku kang bisa nyukulake Pangucap.
Dene Nupus iku angin kang medal saking mata, cahyane Ijo yaiku kang bisa nyukulake Paningal.
Dene pujine Napas iku لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ . Dene pujine Tanapas iku يَااَللهْ يَامُحَمَّدْ .
Dene pujine Anpas iku اَللهُ اَللهْ . Dene pujine Nupus iku يَاهُوْ اَللهُ .
Dene bakale badan iku songko anasir jasad yaiku ana papat (4) :
1. Api 2. Angin 3. Banyu 4. Bumi
Ø Dene api iku bisa dadi rupa jantung utek lan daratan.
Ø Dene angin iku bisa dadi wujud asma, af’al, jinem, limpa perugune ana sukma mulya.
Ø Dene banyu iku wujude bisa dadi sungsum, otot, keringat, pancadriya, mang- gone ana Ati Puad dununge ana Rasa.
Ø Dene bumi iku wujude bisa dadi
kahanan sifat yaiku rupane daging, balung dadi tenggok, gigir, tangan,
sikut, lambung kiwo, lambung tengen, irung, cangkem, sirah.
Dene kang aran shalat iku
sejatine tingkah lan budi tegese kang aran shalat iku awale Takbir kudu
waspada lan kaweruhana solahe wong, lamun ora weruh tatakramane lan
niyate shalat indalem sak jerone Takbiratul ikhrom iku dudu shalat.
Dene tata kramane lan niyate sak jerone Takbiratul ikhrom iku ora rumangso duweni shalat kajobo Allah kang Tunggal nyatane.
Utawi nama shalat iku sih
sinisihan maka banjur kapasrahna marang kanjeng nabi Muhammad SAW
sinelir, sabab anggone ngadhahirake ing kersane Allah Ta’ala iku papak
kabeh saking penggaotone wektu lima yaiku anane pamiharso lan pandulu.
Dene Shalat Dhuhur iku nyatane pamiharso lan paningal loro.
Dene Shalat Ashar patang raka’at iku manggone ana gigir lan dada lan lambung kiwo tengen.
Dene Shalat Maghrib telung raka’at iku manggone ana grono loro, lan muko utowo cangkem.
Dene Shalat ‘Isya’ patang raka’at iku manggone ana pupu loro lan asta loro.
Dene Shalat Shubuh rong raka’at iku manggone ana roh lan jasad.
Dene Roh Rahmani lan Roh robbani lan Roh Nurani lan Roh Idlofi iku budine rasa lan Cahyo.
Dene Roh Fanaiyah iku gawene Iman Tauhid. Dene Barzah iku terbuko songko Roh Hayawan lan Roh Jasmani.
Dene Roh Rohani iku uripe kulit
daging getih balung yaiku kang den arani badan wadak, tegese jasad yaiku
kang manggon ana polo kencana.
Dene polo kencana iku naliko ana
dunyo, manggone ana badan alus kang ora kena kambah dening nabi Adam as.
Makarya kang koyo mangkono iku minungko dadi makaryane jasade wong
abror tingkahe pada sujud marang Allah Ta’ala nganti teka dina kiyamat,
ya kaya mangkono iku kena diarani dadi makaryane badan alus utawa den
arani makaryane kumpule badan alus kang manggon ana polo kencono ya
makarya iku sira pada ngaweruhana, jalaran makarya iku wajib den lakoni
krono iku makaryane dzat kang tetep ing nabiyyullah kang wus sumeleh lan
wus kapendem ing bumi Allah, ken den arani wus muleh ilang mung kari
tetep ing tingale Ya hu liyep direp latip pada mengko diri dewe-dewe
sirna kabeh tanpa ana ketingal.
Dene yen arep matek ing sekarat
Dzatullah iku ya kudu sumende ing Dzatullah. Sifatullah iku kudu sumende
ing Sifatullah kabeh sih Sirrullah laahut kabeh ajo ana kang keri
wulune sak lembar wae mung kari Allah bloko, lep ilang blas teka ing
Rahmatullah. “Asyhadu ana ningsun, Ilaaha rupa ningsun, Allahu pengeran
ningsun, iya ingsun kang nuduhake marang marga padang, urip tan kena
ning pati, mulya tan gawewotan, eling tan kena lali, sir ning sir wening
tunggal weruh jumeneng langgeng, budine angen-angen tansah madep ing
pengeran kang sejati”.
Dene iki syahadate kang pinunjul
tegese waliullah kang wus sampurna iki rupane; “Asyhadu kahananingsun,
Allah pangeran ningsun, setuhune ingsun sak badan sak nyawa les ing ati,
eling ing paningal, Dzatullah tan kersa aningali”.
Iki syahadate kanjeng nabi
muhammad SAW nalika sekarat: “Asyhadu ngerti badan Allah kerem ing
Dzatullah, badan kerem ing Dzatullah yaa Hu”. Wallahu a’lam.
Bab.Kaping NemLikur: Nyerita’ake Tapel Adam
Utawi bab kang kaping nemlikur iku nyerita’ake tapel adam tegese nyerita’ak asal asale kedadehane nabi Adam as.
Dene sirahe nabi adam iku asal
songko bumi Baitul Muqaddas. Dene wedanane iku asal songko bumi suwarga.
Dene untune iku asal songko bumi Hindi. Dene balunge asal sangko bumi
Jabal Kaf. Dene ngurete iku asal songko bumi Babil. Dene gigire iku asal
songko bumi Arab. Dene atine iku asal songko bumi Firdaus. Dene ilate
iku asal songko bumi Thaib. Dene netrane iku asal songko bumi Tlaga
Kausar. Dene gronone iku asal songko bumi Ka’bah.
Miturut katerangan ana kitab
Daqaiq mangkene: Utawi Nafsu Aluwamah iku manggone ana cangkem. Dene
Nafsu Amarah iku manggone ana kuping. Dene Nafsu Sufiyah iku manggone
ana netra. Dene Nafsu Muthmainah iku manggone ana irung.
Dene nafsu muthmainah iu yen
musik dadi cipta arane, yen manjeng iku napas arane. yen ana utek iku
budi arane. Yen tunggal karo Roh Qudus iku rasa arane yaiku Dzatullah
arane, yaiku Wujud Mahdli arane, yaiku kang sediyo ing deweke.
Dene ynuju meneng iku rasullah arane, yen manjeng iku wali arane, yen metu iku mukmin arane, lan yaiku shalat sejati arane.
Dene tetengere ing dalem kita iku
panas awake kabeh kaya geni panas sabab dene atine iku dzikir kanti
ngucapake lafad لاَاِلٰهَ اِلاَّ اللهُ utawa ngucap اَللهُ اَللهْ utawa
ngucap هُوْ هُوْ.
Dene utamene dzikir iku ngucap
هُوْ هُوْ kanti eling sejatine Allah, lan maneh utamane dzikir iku
ngucap يَاهُوْ kanti eling Ahadiyat kaliko metune napas, ngucap Ya
naliko mlebune napas ngucap هُوْ. Dene sebute iku puji arane.
Dene arane Allah iku ana papat yaiku rupane :
1. Dzat 2. Sifat 3. Asma 4. Af’al.
Dene arane kanjeng nabi Muhammad iku uga ana papat :
1. Wujud 2. Ilmu 3. Nur 4.Syuhud.
Dene bakale nabi Adam iku ya papat :
1. Bumi 2. Api 3. Angin 4. Banyu.
Dene bakale anak Adam iku ya uga papat :
1. Mani 2. Madzi 3. Wadi 4. Maningkem.
=> Tegese mani iku dadi nyawa. => Tegese madzi iku dadi sukma.
=> Tegese wadi iku dadi wujude awak. =>Tegese maningkem iku dadi cahya Johar
Iki patokane ilmu ojo kakehan
istilah dadi kafir. Yen den ricik-ricek yen durung weruh patokane ilmu
mungguh kersane para Syekh Arif dawuhi artine mangkene;
Wahe para sedulur, sira kabeh ojo
ana kang pada kaling-kalingan pati. Tegese ojo ana kang rumongso duweni
pati, lan ojo kaling-kalingan padang tegese ojo rumongso duwe padang,
lan ojo kaling-kalingan peteng tegese ojo rumongso duwe peteng, lan ojo
kaling-kalingan roh aohani tegese ojo rumongso duwe roh rohani, lan ojo
kaling-kalingan roh idlofi tegese ojo rumengso duwe roh idlofi, lan ojo
kaling-kalingan roh jasmani tegese ojo rumongso duwe roh jsmani.
Kerana kabeh iku mau dedalan
sasar pomo-pomo ojo kasi ora nauhidake ing Allah Ta’ala, lamun kasi ora
nauhidake ing Allah Ta’ala dadi kafir.
Jalaran kabeh iku asal songko
Allah, kudu bali marang Allah, bali marang wujude Allah tegese jerone
rasa iku rasa rasa ning rasa mung kari eling yen wujud iku wujude Allah,
rupo rupone Allah, aran arane Allah, gawe gawene Allah, kuwasa kuwasane
Allah, arep arepe Allah, rambut rambute Allah, kulit kulite Allah,
daging daginge Allah, otot otote Allah, balung balunge Allah, sungsum
sungsume Allah, ati atine Allah, emper empere Allah, roh rohe Allah,
jantung jantunge Allah, awak awake Allah, urip uripe Allah, awal awale
Allah, akhir akhire Allah, dhahir dhahire Allah, batin batine Allah,
weruh weruhe Allah, tingal tingale Allah, ambekan ambekane Allah, ucap
ucape Allah, krungu krungune Allah, suwara suwarane Allah, mata matane
Allah, irung irunge Allah, cangkem cangkeme Allah, kuping kupinge Allah,
gulu gulune Allah, pundak pundake Allah, lengen lengene Allah, sikut
sikute Allah, ugel-ugel ugele Allah, epek-epek epek-epeke Allah, deriji
derijine Allah, kuku kukune Allah, dada dadane Allah, weteng wetenge
Allah, udel udele Allah, lakang lakange Allah, nonong nononge Allah,
peli peline Allah, kontol kontole Allah, tangan tangane Allah, entong
entonge Allah, gigir gigire Allah, bangkekan bangkekane Allah, boyok
boyoke Allah, bodong badonge Allah, tempong tempnge Allah, bokang
bokonge Allah, silet silete Allah, pupu pupune Allah, dengkul dengkule
Allah, cengklok cengkloke Allah, gares garese Allah, kentol kentole
Allah, polok poloke Allah, kecet kecete Allah, delamakan delamakane
Allah, deriji derijine Allah, kuku kukune Allah, iman amane Allah,
tauhid tauhide Allah, ma’rifa ma’rifate Allah, islam islame Allah,
sampurna sampurnane Allah, baqa’ baqa’e Allah, angen-angen angen-angene
Allah, pikir pikire Allah, krentek krenteke Allah, rasa rasane Allah,
eling elinge Allah, ngerti ngertine Allah, shalat shalate Allah, ngadek
ngadeke Allah, ruku’ ruku’e Allah, i’tidal i’tidale Allah sujud sujude
Allah, lungguh lungguhe Allah, tingkah tingkahe Allah, ora ana wujud
sejati kajobo Allah, ora ana rupa sejati kajobo Allah, ora ana aran
sejati kajobo Allah, ora ana gawe sejati kajobo Allah, ora ana warna
kajobo Allah, ora ana alam kajobo Allah, kang ana sak piturute wis mung
iku yen sira langgeng elinge kang koyo mangkono iku kena den arani
Shalat Daim lan kena en arani Sampurnane Syahadat lan kena den arani
Sampurnane shalat lan kena den arani Sampurnane Takbir lan kena den
arani Sampurnane Zakat lan kena den arani Sampurnane Poso lan kena den
arani Sampurnane Haji lan kena den arani Sampurnane Islam lan kena den
arani Sampurnane Iman lan kena den arani Sampurnane Tauhid lan kena den
arani Sampurnane Ma’rifat lan kena den arani Sampurnane Urip lan kena
den arani Sampurnane Pati lan kena den arani Sampurnane Barzah lan kena
den arani Sampurnane Kubur.
IKI CARANE AREP MANJENG MATI
Ingsun manjeng ing desa sepi teko
mati Sirrullah Karomatullah Dzatullah Sifatullah, ingsun ratuning roh
kabeh rep sirep saking kersane Allah, susung banyu banyune welut putih
delelep tan ana ketingal dep sep tan ana katon tis celeleng tan ana
katon Allahumma kun payakun wayangan dzatullah rineksa dening Allah,
kinemungan dening sukma ingalingan deneng Allah لاَاِلٰهَ اِلاَّاللهُ
مُحَمَّدٌرَسُوْلُ اللهِ
Dene artine: Ingsun ngancek ing
desa sepi teko mati iku tegese ora ana dzat ora ana sifat tegese ora ana
badan lan ora ana urip kajobo mung Allah Ta’ala dewe.
Dene artine: Sirrullah karomatullah iku tegese ora ana rasa lan ora ana kuwasa kajobo mung Allah Ta’ala dewe.
Dene artine: Dzatullah Sifatullah
ingsun ratuning roh kabeh rep sirep saking kersane Allah iku tegese
wujud lan rupa ora ana kajobo mung wujud lan rupane Roh Qudus, ora ana
obah usik kajobo mung obah usike Allah Ta’ala.
Dene artine: Susung banyu banyune
welut putih iku tegese urip langgeng yaiku Banyu Nur Alif tegese yaiku
banyune Alip telung perkara:
1) Kang den arani Alip Dzatul Wahid,
2) Kang den arani Alip Huruful Wahid,
3) Kang den arani Alip Mutakallim Wahid.
Dene artine: Delelep tan ana
ketingal dep sep tan ana katon tis celeleng tan ana tan ana katon iku
tegese ora ngerti lan ora weruh dhahir bathin ora ana mata bisa weruh
ora ana kuping bisa krungu ora ana cangkem bisa ngucap ora ana irung
bisa ngambu sak piturute kajobo mung Allah Ta’ala dewe.
Dene artine: Allaahumma kun
fayakun wayangan Dzatullah rineksa deneng Allah, kinemungan dening Allah
ingalingan dening Allah لاَاِلٰهَ اِلاَّاللهُ مُحَمَّدٌرَسُوْلُ اللهِ
iku tegese sing wis ana kang durung ana iku mung ayang-ayange Allah
utawa wujude Allah dadi sing wujud Allah kang den wujudake Allah wujude
wujude Allah, dene kabeh kuwasa lan karep sak piturute iku kabeh mung
kuwasane lan karepe. Sukma kang den arani Rohullah ya kabeh iku mau mung
kagungane Allah.
Dene lakune iku kudu poso mutih,
lan olehe poso iku kudu 40 dina lan sak jerone nglakoni poso ora kena
awor wong lan weruh wong lan ketok wong. Wallahu a’lam.
IKI KAWERUHANA CARANE MLEBU BANYU SEGARA
Allaahumma nur ya hu tuhu sir
tunjung rasa sukma musyarafatun datan rusak sukma sejati sir campuh ing
rasa datan kahitang sukma wasisa senter putih paningalku tengen sang
kumeter paningalku kiwa pepayungku Allah kekudungku Nabi pebadongku
nyawa jimatku penerima iki sukma sirmani kang jumeneng ana telenge
menusa tegese menusa kang ana sak jerone roh idlofi yaiki syahadat
liyeming pati tan katon murda tan ana katon, Allahu Akbar.
Dene artine: Allahumma nur Ya Hu
tuhu sir tunjung iku tegese nurudzdzat yaiku Nurullah Agung Luhur tanpa
ana kang bandingi, tanpa ana kang madani, lan ya aran rasa
sejati–sejatine rasa.
Dene artine: Rasa sukma
musyawarafatun datan rusak iku tegese yaiku kang den arani rasa urip
tunggal mulya dewe tanpa ana kang mulyaake mulya selawase sing tanpa ana
ente’e.
Dene artine: Sukma sejati sing
campuh ing rasa yaiku tegese urip jati kang campuh tanpa kena den
bedakake rasa kita lan rasane Allah kaya campure Dzat lan Sifat.
Dene artine: Datan kaetang sukma
wasesa senter putih paningalku tengen sak kumeter paningalku kiwa iku
tegese ora siji ora loro ora ganti-ganti yaiku sukma Rohullah lan kena
den arani Rohil Qudus kang nguwasani sekabehane kang den arani terputih
kang manggon ana utek, pelawange ana mata tengen lan kang manggon ana
utek kang den arani geter putih lan kang den arani nafsu muthmainah,
pelawangane ana mata kiwa
Artine: Pengayungku Allah
kekudungku nabi, pebadongku nyawa, jimatku penarima iku tegese; ora ana
kuwasa lan ora ana penguwasakajobo Allah.
Dene jasad lan gauta iku ora liyo kajobo asal dumadi songko nur Muhammad.
Dene obah menenge jasad lan gauta iku ora liyo mung songko nyawa.
Dene iman iku penarimane nyawa ing Allah Ta’ala.
Dene artine: Iki sukma sir mani
kang jumeneng ana telenge manusa iku tegese manusa kang ana sak jerone
roh idlofi tegese kang den arani sukma sir mani iku kang manggon ana
telenge manusa yaiku manggone ana sak jerone ati jantung kang den arani
gedung roh idlofi.
Dene artine: yaiku syahadat
liyeping pati tan katon murdo tan ana katon Allahu Akbar iku tegese yen
sira mangerti kang koyo mangkono mau kena den arani ngerti ing Sejatine
Urip lan ngerti ing Sejatine Pati lan kena den arani urip sk jerone pati
– mati sak jerone urip kerana wus ora ana katon kajobo mung Allah lan
Akbar tegese ilang akbar mung kari Allah bloko. Wallaahu a’lam.
Dene Shalat Syare’at iku yenden srupoake kaya wujude manusa, iki contone:
Dene kang dadi awake shalat iku niyat.
Dene kang dadi sirahe shalat iku moco Fatihah.
Dene kang dadi balunge shalat iku maca sami’allaahu liman hamidah.
Dene kang dadi matane shalat iku ruku’.
Dene kang dadi otote shalat iku sujud.
Dene kang dadi kulite shalat iku lungguh.
Dene kang dadi tangane shalat iku syahadat loro yaiku;
اَشْهَدُاَنْ لاَاِلٰهَ اِلاَّاللهْ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًارَسُوْلْ اللهِ
Dene kang dadi sukune shalat iku salam.
Dene kang dadi uteke shalat iku takbirotul ihrom.
Dene kang dadi rohe shalat iku ruku’ lan sujud.
Banjur kaweruhana dununge sifat rong puluh lan manggone sifat rong puluh.
Dene manggone sifat rong puluh iku ana patang panggonan, yaiku :
1) Kang manggon ana sifat Qahar ana lima (5), iki rupane ;
a. Qudrat b. Irodat c.‘Ilmu d. Hayat e. Wahdaniyat
2) Kang manjing ana sifat Jalal ana papat (4), iki rupane :
1. Qadiron 2. Muridan 3. ‘Aliman 4. Hayyan
3) Kang manjing ana sifat Jamal iku ana nem (6), iki rupane ;
1. Sama’ 2. Bashar 3. Kalam 4. Sami’an 5. Bashiran 6. Mutakallaman
4) Kang manjing ana sifat Kamal iku ana lima (5), iki rupane ;
1. Wujud 2. Qidam 3. Baqa’ 4. Mukhalafatulil hawadits 5. Qiyamuhu binafsih
Mula kabeh iku mau pada retenana
ojo kasi ora ngerti lan lakonono, ojo kasi ora den lakoni. Lamun ora
ngerti dadi kafir. Lamun ora den lakoni dadi kufur. TAMMAT
وَاللهُ اَعْلَمْ بِمُرَادِهِ
رَبىِّ زِدْنىِ عِلْمًا نَافِعًا * وَوَفِقْنىِ عَمَلاً صَالِحًا مَقْبُوْل
kitab tersebut sangat bermakna di dunia tauhid,bisakah saya mendapatkan info yang lebih tajam?dengan siapa njenengn mendapatkan pengetahuan tsb?
BalasHapus